Bintang Film Andhelan Jawi Wetan [lan Madura]

08 September 2005

aku iki isih ponakane haji syukri lho!

Para sanak kang minulya,

Lha ya iki panjenengané Cak Nor, priyagung bintang film asal Bangkalan. Kondhang arum asmané, wis misuwur ing sakambané donya.

Kamangka biyèn mung ngéwangi pakliké dodol saté. Bosen kebelèr sujèn panjenengané ngèngèr nyang tangga désa sing mbukak grèsèkan wesi karat ing Tanjung Perak.

Lha ing pelabuhan iku panjenengané Cak Nor digemblèng. Saben dina gelutan, saben dina kebarèt wesi grajèn sompalan kapal. Yèn mung kebelèr sujen sate wis ora krasa.

Once upon a time, eh sawijining dina, panjenengané katut kapal barang, klebu ing kontainer, nganti tekan Ngamrik. Amarga pinter gelut panjenengané diwedèni. Ana sutradara sing ngonangi, banjur Cak Nor dicoba dadi figuran film, tanpa micara amarga durung bisa basa Inggris.

Bareng wis pinter basa landa Ngamrik iu, panjenengané main film kanthi micara, kebagian rol utama. Supaya gagah, panjenengané ganti seratan asma: Chuck Norris.

*) Cerita ngawur iki oleh ilham saka GaringBasi

6 Komentar:

Pas jam 7:38 AM, Blogger siberia nulis...

hahahaha...
sing marahi aku ngguyu iku tembung: saben dina kebarèt wesi grajèn sompalan kapal

aku ruh sih grajen kayu, tapi nek sompalan kapal ora kebayang..:D

 
Pas jam 9:58 AM, Anonymous Hany nulis...

Weeess... .ngarange pooool tenan!

 
Pas jam 10:11 AM, Anonymous Q nulis...

Injih pakde Kere, kulo setuju sanget kalian ngendikane panjenengan. Menawi tulisan panjenengan ingkang meniko niku saged dipun-arani:
GAAAARIIIIEEEEEEENKK!!!!
jan... :P

 
Pas jam 8:21 AM, Anonymous Pembaca setia nulis...

ha ha ha ... telah lahir generasi basiyo lan wonokerun anyar ... :)

 
Pas jam 8:41 AM, Anonymous Bhq nulis...

Pak de kere, wong jowo nggih wonten sing dados bintang pilem terkenal. Terus saiki dados gupernor, iku lho sadulur dewe Arno Swasronegoro, aranan nang holliwood Arnold Schwarzenegger

 
Pas jam 2:37 PM, Anonymous Anonymous nulis...

awaloeddin kiy. Jan! TeOPe pokoke lak soal karang-mengarang. mbiyen pelajaran bhs jawa mesthi pijijne 100 ya? Usul! gmn kalo disedianin versi tulisan jawa juga.

 

Post a Comment

<< Ngajengan