Kahanan Kajiwan: Dudu mung Kenthir lan Édan

27 September 2005

Para sanak:

Apa ana sing bisa nulungi aku nemokaké têmbung Indonesia sing pas kanggo tingkat-tingkating kahanan kajiwan, kapinteran lan tindak-tanduk?

Yèn édan, kuwi "gila". Sinthing, ya têtêp "sinting". Lha banjur apa basa Indonesiané têmbung-têmbung iki?
  1. kêmplu
  2. kênthir
  3. gêmblung
  4. kocluk
  5. pêkok
  6. mbambung
  7. mênyun
  8. wêng
  9. èjlègèwèr
  10. nggong
  11. kodo
  12. nggomblohi
  13. ?

6 Komentar:

Pas jam 1:17 PM, Blogger abhirhay nulis...

kempling
ngah ngoh
gendheng

 
Pas jam 8:09 PM, Blogger G4reeLa nulis...

Nggomblohi iku apa? Gendheng kaya Gombloh? Kok mesa'ke Pak Gombloh tho. Mbiyen salah apa kok saiki dadi tembung sing ala.

 
Pas jam 10:44 AM, Anonymous anang nulis...

tambahi wae Mas.....

koplak,
minir,
plethuk,
pah-poh,
pethok,
endong,
sarno(sarape keno),
kenclung,
miring,
sutris,
lll

 
Pas jam 2:32 AM, Blogger Duljoni nulis...

kempling niku nopo to mas..? menawi mboten klentu sakmeniko rak judul tembang campursari ( Manthous nggih menawi kulo taksih kemutan )..

 
Pas jam 4:24 PM, Anonymous Sepanyul nulis...

wontên malih saking nJombang:

cêngoh
tolah-tolèh
sèmpêl
sudrun
ndlèwèr
thêlog-thêlog

 
Pas jam 4:35 PM, Blogger nana nulis...

kemplu = bloon
kenthir = kurang waras
gemblung = dungu
kocluk = sinting juga
pekok = idiot
mbambung = anak bawang
menyun = gak waras
nggong = otak kosong
nggomblohi = hola holo (basa jawa di tempatku) = berlagak dungu

ndak tau ya, kalo kurang pas. hihihi... soale, biar pas itu didefinisikan, bukan dicari persamaan katanya dalam bahasa indonesia.

 

Post a Comment

<< Ngajengan