Bajingan! Germo Sontoloyo!

01 December 2005

Nyuwun sèwu, yèn padha risi, kok aku misuh, ngumbar tetembungan kang ora sopan. Lha ning mengko ndhisik. Bajingan iku asalé nduweni teges kusir gerobag, mulané wong kang kerja pocokan ngusiri gerobag diarani "mbajing".

Lha yèn sontoloyo, kuwi ateges wong kang nduwèni panggawéyan angon bèbèk. Mulanè ana tetembungan "Sontoloyo, angon bèbèk ilang loro".

Yen bab germo, sakngertiku kuwi sawijining wong kang panguripané saka bebedhag [berburu] macan. Embuh wiwit kapan, germo banjur nduwèni teges wong kang dadi juragané wong wadon nakal.

Uga durung cetha kok bajingan bisa ateges wong ala sakbangsané maling, bégal lan kècu, banjur kuwi dadi tembung kanggo misuh sing kasar banget. Semono uga si sontoloyo, kok kanggo pisuhan sing ora pati kasar.

* Katerangan gambar: kaos gaweyané Sarapan, Yoja

16 Komentar:

Pas jam 7:10 AM, Blogger siberia nulis...

ndelok gambar nang nduwur iku kok dadi kelingan gambar2 nang buku jaman sd :)

kaos gaweyane Sarapan iku pancen apik2..

 
Pas jam 11:36 AM, Anonymous windede nulis...

sekarang "buruan" germo bukan macan lagi... tapi...

 
Pas jam 3:07 PM, Anonymous Charly Silaban nulis...

Uapik tenan...
Dadi kelingan karo Kaos "Sarapan"-ku. Mau aku ono loro Om. Sing "betjak" karo "detak" (plesetan'e Detik) mbuh saiki neng ndi. Lali aku..

 
Pas jam 6:17 PM, Anonymous achedy nulis...

Waduh, sae sanget seratan penjenengan. Kawula inggih seneng kalih basa jawa. Lha menawi wonten kancanipun menika lajeng nambahi semangat.

Senajan ta kancanipun menika namung sadrema kere.

ha.. ha..

 
Pas jam 10:34 AM, Anonymous Q nulis...

Wuah.. baru ngerti nek Bajingan, Sontoloyo, lan Germo iku asale dudu ukara negatif...

Matur nuwun pakde kere kangge bagi2 pengetahuanipun :)

 
Pas jam 8:17 PM, Anonymous rian nulis...

Cak.. nyen wong angon wedos iku jenenge opo?

 
Pas jam 7:12 AM, Anonymous arie nulis...

Nderek urun rembag perkawis sontoloyo......, mila leres sontoloyo punika sebatan kangge tiyang ingkang angon bebek. Pisuhan sontoloyo punika sajatosipun mboten madeg piyambak. Lengkapipun ugi O...sontoloyo angon bebek! Nanging tiyang ingkang saweg mangkel punika lak bebas ta! Badhe sontoloyo thok utawi sontoloyo angon germo ugi mboten dados perkawis.

 
Pas jam 8:10 PM, Blogger kangtustel nulis...

dadi, angger ana wong sing misuh2 nganggo "sontoloyo" ya diseneni bae ya?

"lha wong inyong dudu tukang angon bebek, lha koq diceluk sontoloyo! gundhulmu atos!" hehehe...

 
Pas jam 8:58 PM, Blogger Agung nulis...

Naminipun inggih tiyang misuh pak, rak nggih bebas to...mosok misuh koq kedah mikir rumiyin tata bahasanipun...Ngomong-ngomong sakmeniko menopo sampun wonten ingkang nyobi nimbali sopir Grobik kanthi timbalan "BAJINGAN"...Yen kulo pribadi mboten wantun sanajano leres....

 
Pas jam 5:26 PM, Blogger nana nulis...

Walah walah.. dadi kelingan jaman isih cilik. Tonggoku ono sing duwe grobak, yen sore mesti liwat ngarep omahku usung-usung wedhi soko kalenan gedhe cedhak omah. Yen panjenengane iku liwat aku mesthi bengok-bengok soko njero omah: Bajingaaaaannnn... Bajingaaaaannnn... hihihi...

 
Pas jam 1:46 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Maturnuwun taka aturaké kanggo mas kéré kêmplu.
Kayané saiki wis wayahé awak dhéwé (lan sapa baé sing nduwèni rasa opèn marang Basa Jawa) padha bêbarêngan ngupaya nglêstarèkaké Basa Jawa kanthi sarana tukar kawruh.
Déné marang sadulur sing mêrlokaké kamus Basa Jawa sak ngêrtiku nang toko-toko buku sing wis duwé jênêng gêdhé -toko-toko buku ternama- kamus kuwi wis cumêpak. Paling ora ana wêrna têlu saka têlung pênêrbit buku.

 
Pas jam 5:01 PM, Anonymous deutan nulis...

wah sae pisan eusina. Tah kitu atuh, urang teh kedah terang asal-usulna. Supados tong salah nganggo.

Tapi da ayeuna mah pami aya jalmi nu nyebat jiga kitu, pasti we tos lepat (salah) pengertian.

Sae pisan kang... Aya keneh ?? Diantos pisan artikelna.

 
Pas jam 4:50 PM, Anonymous Anonymous nulis...

BAJING = kewan sik seneng mluncat
BAJINGan = wong sik kelakuane niru Bajing

hehe... ngawur dink

 
Pas jam 6:28 AM, Blogger Dee nulis...

Hehehe, dadi kelingan Lik Ngadil, tanggaku sing dadi bajingan. Eman, saiki grobake wis ganti kol disel, dadi dheweke wis munggah pangkat seko bajingan dadi sopir.
Ono mocopat sekar gambuh, sing isine soal panggaweyan:
Blandhong negori kayu
blantik wedhus germo ambeburu
kusir dokar sopir montor masak koki
........(lali) guru muruk
dalang mayang emban momong

nudee.wordpress.com

 
Pas jam 7:38 AM, Blogger novpras nulis...

wkakaaaa...
kulo kinten punopo
matur nuwun

 
Pas jam 5:44 AM, OpenID Universitas Kehidupan nulis...

Wah sak menika nggih wonten lho kaos ingkang pun serat Bajingan, wah kula kinten bajingan menika kecu. Manawi mekaten Band wali sajatosipun mboten sh disensor kemawon, emang dasar emang dasar *mbahJiman* ( plesetanipun bajingan, kangmas ) utawi cara Cino inggih menika Bah Jing An,

 

Post a Comment

<< Ngajengan