Sri Minggat

30 August 2005

Minggat (Sri)

Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene ning pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

Sri, opo kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep lungo
Loro atiku, atiku loro

Ndang balio Sri
Ndang balio...
Aku loro mikir kowe ono ning endi

Ndang balio Sri
Ndang balio...
Tego temen kowe minggat ninggalne aku

Yen pancene Sri
Kowe eling aku
Ndang balio
Aku kangen setengah mati

Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene ning pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

***



Lagu iki jarene lagi ngetop tenan ning tanah jowo. Ning radio2 sing duwe acara lagu2 campursari, lagu iki sempet dadi "top request" nganti cukup suwe. Embuh saiki isih ngetop opo ora. Lagi tak angkat saiki mergo tas wae nemu lagune sing utuh.

Pertama krungu lagu iki soko kancaku sing seneng karo lagu2 campursari. Dirungok2ke kok ngenes tenan syair-e.. jan mesakke tenan iku bojone Sri ditinggal minggat ngono ae nganti mewek2 nyanyi lagu iki :D Biasane sing nangis2 kan sing wadon, lha ning lagu iki sing mewek malah sing lanang :P Tapi pancen musike enak kok...

Lagu iki saking ngetope wis digawe versi rong bahasa, separo jowo separo indonesia, "Sri Kapan Kau Kembali". Terus ugo wis dijawab karo mbak Sri, alias wis ono lagu jawabane. Embuh aku lali judule. Ning lagu iku ono jenenge sing lanang, tapi aku yo lali :D

Kancaku iku tau keprucut ora sadar. Pas lagi ono tamu ibu2 sing rodo suwe ora mulih2, dheweke ora sadar nyanyi lagu iki banter2. "Ndang balioooo.. Sriiii... ndang balioooo".... ibu2 iku moro2 ae pamitan...

Numpak Sepur Bandung - Suroboyo

13 August 2005

Nek lelungoan, aku luwih seneng numpak sepur tinimbang bis. Lagek numpak bis, yen kutho tujuwan ora klewatan sepur. Sing paling kerep yo numpak sepur jurusan Bandung - Yogya bolak-balik, seko kelas ekonomi tekan kelas eksekutif wis tau tak jajal.

Sepur Lodaya jurusan Bandung - Solo Balapan iku sing paling kerep tak tunuti yen aku mulih. Mergone soko Bandung isih isuk jam 8, lan tekan Stasiun Tugu Yogya nek ora telat, isih sore jam 4-an. Dadi isih iso klinong-klinong nang malioboro ndisik hehe..



Sepur Lodaya iki maune jenenge Pajajaran nek mangkat soko Bandung. Nanging nek mbalik maneh, mangkat soko Solo jenenge diganti dadi Senja Mataram (jam 20.00). Padahal sepure yo podho persis. Embuh alasane opo, mbok menowo kanggo ngerem-erem penggalihe wong jowo lan wong sundo, yen podho-podho melu nduweni sepur sing ngliwati daerahe:)

Sakliyane Lodaya, sing ngliwati Yogya, ono Argo Wilis, Turangga lan Mutiara Selatan, jurusan Bandung - Suroboyo (Gubeng). Mutiara Selatan karo Turangga sing durung tau tak coba, amarga tekan Yogya tengah wengi.

Rumongsoku ono Sepur Ekspress Siang jurusan Bandung - Suroboyo, sing mangkat soko Bandung lebar subuh. Opo saiki sing diganti dadi Pasundan?. Nek iyo, terus yen mangkat soko Suroboyo jenenge dadi opo yo..

Jenenge pancen Ekspress Siang, tapi iki sepur sing mlakune paling rendet...alon alon koyo keong. Saben stasiun mesti mandheg. Ditambah ngalahan sisan, nek ono sepur liyane sing liwat, sepur iki sumingkir ndisik. Dadiyo paling cepet nek ora telat yo jam 20.00, lagek tekan Suroboyo. 14 jam.
Bandingke karo sepur-sepur liyane, Argo Wilis (9.5 jam), Turangga (11 jam) lan Mutiara Selatan (12 jam).

Ekpress Siang pancene sepur kelas ekonomi. Dadi nek numpak sepur iki, kudu siap lahir batin. Nek kondisi awak lagi ora sehat, ora lagi diburu wektu lan kagungan dhuwit luwih, yo mending numpak sing liyane. Sing jelas bakal kepanasan sak dalan dalan amargo kipas angine kerep macet. Masiyo ora macet, tapi ora bakal sanggup nggawe adem gerbong sing isine penumpang kerep ngluwihi kuota. Nek isih nang daerah jawa barat, amargo isih isuk yo durung patiyo panas, tapiii...nek sepur wis mlebu daerah jawa tengah pas wayah awan...gobyosss adus kringet. Lan ojo takon koyo ngopo peturasane (toilet).

Masiyo ngono, tetep ono hal sing menarik wektu numpak sepur iki. Mangkat soko Bandung isih isuk uthuk-uthuk, jelas yo durung sarapan. Tapi ora usah kuatir, amargo akeh bakul panganan sing sliwar-sliwir munggah medhun sepur, nawakake dagangan. Saben mandheg nang stasiun, mesti ono bakul nawakake panganan khas daerah kono. Mung aku wis tau kaget, ono wong dodolan buah nangka gedhe, dipanggul lan digowo mlebu nang gerbong sing kebek wong lan wis umpel-umpelan.

Dadi tekan Suroboyo ora bakal keluwen, panganan opo wae ono, malah sisan iso tuku oleh-oleh. Palingan yo mung kepanasan...tapi iso dianggep lebar sauna hehe..

Sing paling menarik yo perubahan boso. wayah isuk isih ngrungoake wong ngomong nganggo boso sundo, awan sithik wis malih boso jowo khas Banyumasan. Rodo sore pas sepur mlebu Yogya - Solo, bosone malih dadi alus miyayeni. Sakwise Solo, mlebu Madiun bosone wis malih maneh. Tekan Suroboyo...bosone wis bedo maneh.

Contone sing paling cetho yo panganan sing jenenge keripik. Nang daerah jabar, bakul nawakake kripik: " kripik na neng.." (kripik diucapke nganggo i kabeh)

tekan jateng, malih dadi : " kripeeek e..mbak" (i sing mburi dadi e taling )

lha tekan jatim dadi : " kreepeeek"