LKMD, bathangan?
09 September 2006
Kulo radi kesupen, meniko kalebet golongan bathangan nopo geguritan nopo sanesipun nggih. Ngaten lho sedherek, ingkang badhe kulo tulis meniko bab singkatan. Wonten ing tlatah Jawi, utaminipun ing Jogja (ingkang kulo ngertos), asring sanget ndamel plesetan saking singkatan.Contonipun:
1. ABCD = Abri Bukan Cepak Doang
2. UGM = Universitas Golek Mantu
3. UII = Universitas InsyaAllah Islam
lan sakpiturutipun.
Nah, wonten sak setunggaling dinten, rencang kulo criyos kedadean wonten ing counter HP. Counter HP meniko wonten ing sak ngajengipun kantor rencang kulo meniko. Pas rencang kulo badhe ngisi pulsa, kesarengan lare ingkang rikmanipun dipun cet pirang. Kados bule ngaten.
eee.. Lha kok bakulipun pulsa celathu,"wah LKMD mas". Larenipun tuwine lajeng mbingungi, LKMD niku nopo mas? ngaten lare meniko nyuwun prikso. Lajeng bakulipun pulsa semaur,"LKMD, Londo Kok Mung nDhase". hihihihi..









10 Komentar:
ajeng nambah
panjenengan taksih kelingan kurikulum cbsa mboten?pas jamamn sd mbok menawi
asline singkatane cara belajar siswa aktif ning nyatane Cah Bodho Soyo Akeh
hehehehhehe
Ngaturaken Sugeng Riyadi
Mbok menawi wonten kelepaten
Nyuwun Gunging Samudra Pangak Sami
Shoutbox-ipun pundi..??
LKMD=Lamar Keri Meteng nDisik
hahahahhaaaaaaaaaaaaaa...
Londo Kok Mung nDase
lucu sanget critanipun (kramanipun 'cerita' nopo nggih?)
kulo kajenge nambah...
wonten male singkatan sing radi sae
inggih punika UPN
UPN : Universitas Pucuk Neroko utowo
UPN : Universitas Pengen Negeri
setuku kaliyan mas firman kemawon, pak Q :D
menawi dhateng malang wonten perguruan tinggi ingkan peparab UNISMA, inggih menika Universitas InSya allah MAju.
Lha menawi dateng Bandung wonten Institut Tambal Ban.
Ingkang radi saru menika UNBRA. Tiyang londo mesti nggujeng, mosok toh mahasiswanipan UN BRA (without bra).
nuwun sewu, menika sakdermo njeplak!
cbsa niku mboten mung singkatan cah bodho saya akeh..ananging inggih singkatan kangge cepak bukan seperti abri...;))
KTSP= Kurikulum Terserah Sekolah Panjenengan
hehe... ;D
ono tambahan ki:
1. UPN = Universitas Perawan Nakal
2. UGM = Untune Gede tur Maju
Post a Comment
<< Ngajengan