Mangan Pathak!
06 September 2006
Paling bingung nèk ngobrol karo wong Wonogiri. Aku ana kanca wong Wonogiri, jenengé Karino. Dhèwèké kerjo nang dhaérah Kutu Dukuh, Yogyakarta. Nang cerak kantoré ana warung mangan sing murah meriah.Warung iku nyedhiakné panganan seko sego, sayur tekan gorèngan. Nah, lawuh sing sumadya ugo werno-werno. Ono témpé, tahu, pindang (iwak laut), lan ayam. Kancaku iku paling sênêng mangan karo lawuh sirah pitik. Pas wêktuné mbayar, dhèwèké ngomong,"bu, aku nganggo pathak loro".
Kabèh podho kaget. Pathak iku nang Jogja artiné sawat, utowo nguncalné watu sak kuwaté. Mula wajar nèk ibu sing dodolan ugo bingung. Gèk sing mbandhêm watu nang kancaku iku sopo? Mbasan ditakoni manèh karo sing adol, kancaku lagi ngomong,"pathak kie ndhas pitik iku lho bu". Kabèh banjur ngguyu. Lha wong ndhas pitik ki yo ndhas waé, kok iso-isoné diarani pathak. Dasar wong Wonogiri, ngono gunêmé kanca kerjané kancaku iku. :)
Nah, supayané ora ono kêdadèan kaya iku manèh, ayo padha urun rêmbug, basané sirah pitik ki opo nèk nang nggon sampéyan? Ndhas? Sirah pitik? Utowo ono ukara liyo sing bédo koyo pathak iku? :D









9 Komentar:
Wonten panggenan kulo dipun arani "mustakanipun ayam"... huehehehehehe
Wuih.. iku gambare nggegirisi tenan mas, koyo korban2 pembantaian sadis.. sereeem je... :D
aku asli wonogiri tapi kok ora ngerti pathak iku ndas pitik, pathak yo mbalang uwong gae barang atos.salam kenal yooo karo sing wonogiri, ngendi wonogirie...
asli..critane nggawe ngguyu kepingkel-pingkel.
Wah...Terahe pathak kuwi yen nang jogja artine nyawat nggawe watu tho... Ning tlatah jawa wetanan kok kayake istilahe sing luwih padha ya mbandhem atawa mbalang.
Salam teko jawa wetan..
kulo niki lare wonogiri.pathak niku nggih sirah tapi rodo kasar.hi hi hi.apik tenan mas web e.wetengku atos kakean ngguyu.
nang nggonku pathak (nganjuk-jombang) iku artine kulite sirah.
dadi ono ukoro pathak-e busik-en (kulit kepalanya ketombean)
Kulo inggih asli wonogiri (jatisrono), nanging mboten ngertos menawi pathak niku artine ndhas phitik..
yen sak pangeeti kulo pathak nggih mbalang...
wah sak kecamatan wae... bosone benten2 nggih....
masguh
dduuhh..wetengku kaku..ngguyu ora rampung2...
aku paling seneng maem "mustakanipun ayam"..huaa..haa..haa..
kalian konco-2 rambut disemir niku dipun aranu = rambut garangan, emboh nopo sing kados garangan niku ?
Who knows where to download XRumer 5.0 Palladium?
Help, please. All recommend this program to effectively advertise on the Internet, this is the best program!
Post a Comment
<< Ngajengan