anak pitik jenenge pitik cilik

27 February 2006

aku dicritani kancaku sak makaryan. dewek-e duwe anak lanang SD. crito marang bapake yen bejine nol, salah kabeh olehe nggarap soal ulangan. soale jane sepele. ningj aman saiki iso wae bacah-bocah ora iso nggarap. amargo ora kulino ngomong nganggo boso jowo.

pitakone ngene:

1. opo jenenge anak sapi?
sapi cilik
2. opo jenenge anak kucing?
kucing cilik
3. opo jenenge anak pitik?
pitik cilik
4. lspt.

nganti sepuluh nomer kabeh wangsulane mung ditambahi tembung "cilik" mesti wae soal sepuluh salah kabeh, bejine nol. tekan ngomah crito marang bapake, bapake mung kepingkel-pingkel. kok enak temen.

kudune kan anak sapi jenenge pedhet, anak kucingjenenge cemeng, anak pitik jenenge kuthuk. lspt.

aku isih eling naliko SD duwe buku saku cilik. isine tembung-tembung lan ukoro jowo kanggo apalan. ono kosakata kanggo ngoko, kromo,kromo inggil, lspt. aku duwe versi boso jowo solo utowo jawa timuran, pancen rada bedha. tapi jaman saiki, nggolek buku koyo ngunu kui aku yo rodo angel.

wingi aku oleh konco soko Ternate sing dititipke kerjo nang panggonanku amargo melu garwane sing lg sinau nang ugm rong taun. deweke ora iso boso jowo babar blas. akeh kedadean sing lucu sing dialami deweke, akhire sinau boso jowo sitik-sitik karo aku lan tonggo teparone. awan wingi tak kancani nang pameran buku ing kuthoku, golek kamus bahasa jawa, ternyata angel tenan. sokor isih entuk, siji, tipis tur ombo, aku lali terbitane sopo, sing penting oleh. deweke seneng banget.

mau esuk deweke crito yen buku iku langsung disinau karo anake sing isih SD, anake sing SD yo melu pindah sekolah nang Yoja, ugo oleh piwulang boso jowo, aku dadi kelingan crita dhuwur mau.... anak pitik jenenge?..... pitik ciliiiiikkkkk........