Kesederajatan Kakung-putri ing Masyarakat Jowo

22 April 2007

[Tulisan punika dipunkirim dening Mas Panjono, saking Korea.
Matur nuwun sanget.]


Sak derengipun, nderek nepangaken nami kulo Panjono. Kulo lahir lan ageng wonten ing kitho Ngayojokarto pinggir kidul. Saking nggriyo kulo mlampah mangidul kinten-kinten tigangatus meter sampun mlebet tlatah kabupaten mBantul. Ananging sakmeniko kulo nembe ngangsu kaweruh wonten ing Korea Selatan.

Naliko nembe iseng-iseng pados situs-situs babakan tanah Jowo, Alhamdulillah kulo kepanggih situs meniko. Wah, raosipun remen sanget saged manggihi situs ingkang saged kagem nguri-nguri kabudayan Jowo ingkang sampun milai luntur dening globalisasi meniko.

Sekedhik kulo badhe ngaturaken pengalaman kulo wonten ing Korea mriki.

Salah satunggaling dinten kulo dipun dangu kalian profesor: “Jenengmu ki sak lengkape sopo to ?”

Kulo jawab: “Nami kulo Panjono”.

Profesor lajeng nerasaken: “Lho jenengmu koq mung cekak banget, opo kowe ora duwe jeneng keluargo ?”

Kulo jawab: “ mBoten gadhah, tiyang Jowo mboten gadhah nami keluargo kados tiyang Korea”.

Kulo lajeng matur malih: “Jaman rumiyin, tiyang Jowo gadhah nami kalih, injih puniko nami alit kalian nami sepuh. Tiyang Jowo menawi nembe lahir dipun paringi nami alit lajeng samangke menawi sampun polo kromo gantos nami sepuh. Nami sepuh meniko mboten gegayutan kalian nami tiyang sepuhipun pinanganten kakung nopo dene pinanganten putri. Nami alit pinanganten kakung kalian pinanganten putri kekalihipun gantos dados setunggal nami sepuh. Contonipun bapak kulo naliko alit asmonipun Dasimin, simbok kulo Supinah, lajeng asmo sepuh bapak-simbok kulo Kastodiharjo”.

Midanget atur kulo meniko, profesor lajeng ngendiko: “Wah wong Jowo jan ngagungake kesederajatan antaraning lanang lan wadon. Wong lanang karo wadon yen nikah banjur gawe jeneng anyar sing ora kudu manut karo garise sing lanang utowo sing wadon. Bener-bener sederajat”.

Mireng pangandikanipun profesor meniko, kulo kaget sanget.

Jebul leres nggih.

Menawi kito mirsani saking pola perubahan nami tiyang Jowo meniko sak jatosipun tiyang Jowo sampun kagungan wawasan kesederajatan kakung-putri dangu sanget.

Langkung dangu saking jamanipun R.A. Kartini ingkang kito dadosaken lambang emansipasi poro wanito ing Indonesia.

Sak derengipun kedadosan meniko, kulo dereng nate gadhah pamanggih bilih tiyang Jowo meniko ngagungaken kesederajatan kakung-putri kanthi sarono nami puniko.

Ananging kahanan sak meniko kadosipun angel sanget kagem tiyang Jowo menawi badhe gantos nami. Amargi nami meniko gegayutan kaliyan ijazah nopo dene sertifikat ingkang sampun dipun angsali sak derengipun kito polo kromo.

Pripun nggih caranipun nguri-uri kabudayan Jowo babakan nami meniko ?

Kulo piyambak rumaos repot menawi kedah ganti nami je ... hehehe

Panjono,
Chuncheon, April 2007