Kulo Nuwun

10 June 2005

Awale soko chatting-chatting karo blogger sing podho-podho wong jowo. Mergo ngerti nek podho wong jawane yo kadang ngobrole nganggo boso jowo juga. Metu asline. Terus muncul ide, piye nek sekali2 posting ning blog nganggo boso jowo. Pasti lucu. Tapi bareng dipikir-pikir kok koyoke kurang pantes. Wong sing mampir nang blog iku kan dudu cuma wong2 sing ngerti boso jowo. Sebagian pasti ono sing ra ngerti boso jowo.

Terus moro2 keceplos ae ide, piye nek nggawe blog anyar. Sing isine khusus posting nganggo boso jowo. Tapi diisi rame2 karo blogger2 sing iso boso jowo. Soale nek dhewean bakal rodo repot. Ngurusi blog sing wis ono ae kadang rodo keteteran, opo maneh nek ditambahi blog siji engkas. Nek sing ngisi rame2 kan bakalan enteng.

Lha yo uwis. Ora kathik kesuwen dibahas dowo2. Bareng wis entuk dukungan antusias, langsung ae di-"create" blog iki. Dukungan pertama soko Jeng Isna sing manggon ning kutho pusat budhaya Jowo, Yogyakarta. Terus dukungan kedua soko Mbak Ria, cah jowo sing lagi ngadhem ning Jepun. Karo simbak Ria iki langsung diputusno "create" blog saiki ae.

Ngobrol2 enake diwenehi judul opo blog iki. Milah milih akhire disepakati nganggo jeneng "Padhang mBulan". Alasane suasana padhang mbulan iku kan nyenengke, bocah2 podho dolanan ning latar, wong2 podho cangkrukan ngobrol gayeng, cocok kanggo blog iki sing bakal diiseni tulisan2 gayeng soko beberapa blogger jowo. Judul Padhang mBulan juga ngilekke ning lagu anak2 sing judule podho. Isine ngajak konco2 dolanan ning latar pas padhang mbulan. Lha kok yo pas tenan... :)

Terus isine mengko opo? tak pikir sih ora usah dibatesi, sing penting nganggo boso jowo. Tapi mungkin bakalan luwih apik nek isine sing nyenggol2 nyeritakke budhaya2 jowo sing dilakoni karo poro penulise. Disamping nostalgia jaman ning kampung, juga iso sekalian bagi ilmu lan cerito kanggo "nguri-uri budhaya leluhur" :D

Sak liyane Aku, Jeng Isna karo Mbak Ria, sing bakalan ngisi posting ning kene, mungkin si Nopal, arek Malang sing nyangsang ning Singapor. Pal, engko nek ono pilem nganggo boso jowo ripiuw-en ning kene yo.. :P. Terus Bu Nana penggemar majalah "Panjebar Semangat" sing saiki lagi ngungsi ning Atjeh. Lho piye to, wong wong Atjeh iku lagi podho ngungsi nang nggon liyo kok sampeyan malah ngriwuki ngungsi nang kono :P. Terus juga Pakde Wisa sing lagi dadi prabu tapi ra mulih2. Meskipun panjenengane Pakde Wisa iki lagi suibuk tenan nganti ra sempet ngeblog, tapi nek ra diajak iso2 ra diwawuh :P Secara (gubrak!! boso jowo yo ono "secara" to!!!) pakde Wisa iki sing paling bangga dadi jawir :P

Nggih sampun, semanten kemawon posting pembukaan kangge blog "Padhang mBulan" meniko. Mugi-mugi saged awet lan saged dados sarono kangge ngelestarikaken budaya jawi ingkang, tirose tiyang2, adiluhung puniko. Monggo dipunsekecakaken. Matur sembah nuwun. Monggoooo....


ps. duh susah yo, nulis nganggo boso jowo. Rasane kagok. Diomongne sih gampang, tapi nek ditulis iku rodo kagok. Soale ning utek kene, bahasa utamane wis boso indonesia sih. Terus iki aku opo'o yo? kok boso jowone dadi rodo jawa-tengahan ki piye? secara aku arek Malang, terus kuliah limang taun ning Suroboyo... lha kok basane jawa-tengahan iki aku yo dadi bingung... yo wis ben lah... :P

15 Komentar:

Pas jam 9:30 AM, Blogger Nauval Yazid nulis...

iki piye tho carane ngedit ben metu jenenge dhewe? eh lha, sing iso ngedit mas Q thok tho?

eh btw (haiyah, boso jowo ono "btw"), majalah 'panjebar semangat' iku sik urip ta? ta' kiro wis mati, heheheheheh, secara (haiyah iki maneh!) majalah boso jowo iku lak 'liberty', hihihihih ...

 
Pas jam 9:44 AM, Blogger Unknown nulis...

kok komenku sing isuk2 mruput gak mlebu to?

aku pernah moco nang milis, jarene panjebar semangat wis mati.

selain (iki boso jowone opo yo) PS ono Mekar Sari lan Djaka Lodhang...sing aku pernah moco..

Pal, awake dhewe kabeh iso kok ngedit...

 
Pas jam 9:52 AM, Blogger Nauval Yazid nulis...

eh iki engko opo ga nggarai padu yo, lha wong aku ambek mas Q kan AREMA, ngomong-e wis bedo dhewe.
trus mas Wisa yo cah Tulungagung, tapi suwi ndhek Suroboyo, dadi yo mirip2 lah ngomonge koyo mas Q.

lha karek sampeyan ae mbak Ria sing ngomonge kromo :D

 
Pas jam 9:54 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Lho Pal, awakmu kan duwe blog rame2 juga sing ning anginan iku, mosok ra ngerti to?

Nek wis mbuka link soko invitation sing tak kirim, blog padhang mbulan iki bakal metu ning dashboard masing2. Dadi iso nggawe posting kanggo blog iki teko account masing2. Koyo posting iki kan tak kirim teko account Q, dadi metune yo "posted by Q".

Soal ngedit, cuma iso ngedit postingan masing2 koyoke. Nek memang diperlukan yo engko passworde iso dibagi2 :)

Panjebar Semangat? hehe.. terakhir ngerti jaman sik SMP :D

 
Pas jam 9:59 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Be yourself ae Pal (lah.. kok ono boso londo?!!!.. :P)

Sakarepe sing nulis arep nggawe logat endi. Nek sik iso boso kromo nggih sumonggo :) eh.. sik ono jeng Isna lo sing mestine sik lancar kromo inggile. Terus bu Nana.... ojo disepeleake :P

Ben ngerti nek wong jowo iku yo bedo2 tapi tetap satu jua :D

 
Pas jam 10:10 AM, Blogger Nauval Yazid nulis...

mas Q,
nambah shoutbox nggih :D

 
Pas jam 10:13 AM, Blogger Unknown nulis...

Pal, mungkin sing lancar boso kromone yo Jeng Isna ;)

sejak metu soko tanah kelahiran, boso jowo kromo inggilku wis mobrak-mabrik :D

 
Pas jam 10:17 AM, Anonymous Anonymous nulis...

shoutbox lagi diproses... hehehe

 
Pas jam 1:57 PM, Blogger isna_nk nulis...

mbak Ria... secara aku cilik nang solo lan sekitare, ning sekitare terlalu luas, lan adoh.. dadine ndeso... emoh aku yen kon ngomong jowo alus.. yen kon alus mending kon ngomong bahasa indonesia wes... ben tambah ra mudheng ngomong inggris sisan :D
trus saiki bakale koyone nganti tuwo nang jogja.. yo mugo-mugo iso alus/kromo :P...

 
Pas jam 5:06 AM, Anonymous Anonymous nulis...

biyungalah! cek lancare Mas Q lek nulis. untunge aku yo sek ngerti. maap ya lek boso jowoku terbates, soale terakhir aku tinggal ge Malang ya umur 10 tahun. Jadine kata-kata sing tak pake ya sing gampang-gampang wae. tapi sumpah deh, aku ngerti koq! hehehe

 
Pas jam 3:38 PM, Anonymous Anonymous nulis...

hehehe... apik,apik,.. terus dipupok ae, gak usah dibedhak2no gaya boso jowo logat ndi ae, sing penting ayoo boso jowo digedhekno bareng2 kabeh wong sing rumongso jowo, gak perlu ono sing rumongso paling apik, pokoke kembangno kabeh model/gaya boso jowone, yo onok gaya suroboyoan, malangan, semarangan, soloan, yogyonan, banyumasan, purwokertoan, tegal, pekalongan.. lan liyo-liyane, gak popo masing2 onok ciri-khase dewe2 gak perlu dipertentangkan bedane justru nek iso dipupuk kabeh kanggo jembare wawasan kejowoan kito. yo koyok boso inggeris kae kan onok gaya british gaya amerika gaya australi... kan masing2 isok berkembang kanthi apik... semono ugo sing dadi pangarep kito kabeh, boso jowo iso maju tumangkar kanti maneko-warno corake logat jowo iku... apik tenannn !!! sumonggoooo.....

 
Pas jam 10:18 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Nyuwunsewu! Aku setuju karo mas nduwuriku lho (anonymous),.. Tulisane mas Q yo apik lan lucu rasane,... Piye mas-mas, mbak-mbak yen ngobrol masalah Bisnis sik khalal walaupun (boso jowone opo yo...iki?) sithik ning ono duwite. Cekake ngene...aku duwe bisnis boneka lucu; aku gawe dhewe, leh ku sinau nggawe boneka iki nang pabrik-e wong Korea. Situs-ku iso di dhelok nang www.indonetwork.info kategory Toys. Jenenge STAR-INDO LULUPERSADA ( apik to jenenge...? ). Kanggo poro retailer iso tuku stock minimal 50pc ( seket iji ) kanggo sak model. Piye..? Pengen dadi retailer opo wholesaler, iso kabeh...
Aku pengen wong jowo iku iso dadi koyo wong Chino; sugih-sugih ngono lho...!!!
Oh Iyo... Mas Q aku arep takon; Design Web pe apik temen...!! Iso nggawek-ke aku ora?

 
Pas jam 2:42 PM, Anonymous Anonymous nulis...

mumeet ki, carane daftar

 
Pas jam 12:48 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Nyuwun sewu para pandemen basa Jawa ..., kulo badhe tumut angsal mboten ..?

 
Pas jam 7:28 PM, Anonymous Anonymous nulis...

aku pingin kenalan karo dulur dulur sing nganggo boso jawa.
boso jowoku saiki payah mulane aku pingin kenalan karo dulur2x jowo

 

Post a Comment

<< Ngajengan