Gebyar Karawitan Kaliyan Beksan Jawi

06 April 2009

Setahun sepindah KBRI Washington D.C., Amerika Serikat, ngawontenaken gladen beksan kaliyan karawitan saking Indonesia. Tahun 2007 saking Bali, lan tahun 2008-2009 saking Ngayogyakarto Hadiningrat kaliyan Surakarta. Gladen puniko 3 wulan laminipun. Ngrawuhaken guru karawitan kaliyan beksan Jawi.

15 Januari ingkang kapengker asil-asil gladen wau pun pentasaken. Karawitan saking konco-konco ing Washington, wonten tiyang Amerika pethak, cemani, ugi priyantun-priyantun Indonesia. Injih wonten saking Dharma Wanita. Lare-lare ugi wonten.

Gebyar puniko dipunwiwiti kaliyan dahar sonten rumiyin. Tetamunipun kathahipun tiyang-tiyang Amerika. Dalem dipundapuk dados pranoto-coro kaliyan mbekso Kelono Bagus saking kraton Ngayogyakarto Hadiningrat. Ingkang langkung ngremenaken penggalih dalem dalu puniko boten namung beksan kaliyan karawitan, ananging ugi amargi kedah nyiapaken katerangan-katerangan bab beksan-beksan wau. Jalaran artinipun ingkang langkung sae lan adi luhung.

Biasanipun gebyaran kados mekaten dipunwiwiti kaliyan beksan golek, ananging jalaran dalem badhe dados pranoto-coro, lajeng dalem langkahi ngagem beksan Klono Bagus wau. Punopo sebabipun bekson Golek puniko dipunparingaken wonten wiwitan, jalaran beksan puniko ngaturi para pamiyarso sami "nggoleki" punopo ingkang wonten ing gebyaran puniko. Ndalu puniko dipun pentasaken Golek Tirto Kencono, saged dipunwastani "Nggoleki Toya Kelanggengan".

Beksan inkang nomer tigo dipunwastani Kukilo. Dalem google rumiyin, lajeng kepanggih "gps" Global Positioning System, salah sak tunggalipun alat ingkang saghed nuntun tiyang ingkang saweg nitih mobil. Nyariosaken peksi-peksi ingkang bregas waras lan saged nuntun kados gps wau. Sak lajengipun beksan Kelinci, saking lare-lare, pun lajengaken istirahat.

Saksampunipun istirahat, wonten satunggal beksan malih ingkang nengsemaken, asmanipun Nawung Sekar. Dalem google ugi. Nawung puniko tlatah Ngayogyakarto Hadiningrat, lajeng sekar dalem jarwakaken putri ayu saking tlatah Nawung puniko. Beksan puniko dipun agem pasinaon putri-putri kraton, kados pundi anggenipun saged ngadi saliro lan tata-cara ingkang leres kagem poro putri. Lajeng wonten malih beksan Merak, Pejuang, Jaranan lajeng pun tutup kaliyan karawitan Dharma Wanita, ingkang ngatengahaken Gangsaran kaliyan Bubaran Udan Mas

==0O0==


Dipunserat dening Mas Eddy Nugroho Sandjaja, saking KBRI Washington DC. Matur sembah nuwun sanget...

Bu Teg, Bu Was.....Bu To (2)

03 December 2008

Maos seratanipun Kangmas Teguh S kulo langsung mak jegagik! Lha pripun bapak kula menika naminipun Pak Prapto je.. Ananging margi kito sedoyo meniko japhe methe, nggih mboten dados menopo. Rak injih to?

Nepangaken..
Kula Hajar, asli saking satunggaling dusun wonten tlatah Sleman Nyayogyakarta. Sakmenika saweg nunut pados lawuh wonten ing Beograd, Serbia. Satunggaling nagari pecahanipun Yugoslavia.. Menawi kahananipun, nggih mboten tebih kaliyan wonten ing Pacitan, Rongkop utawi Tepus..

Menawi ngendikan nami, kula nggih gadhah tonggo ingkang naminipun dipun tambahi bab utawi kahananipun tiyang menika.

1. Bu Noto, pedamelanipun juragan tempe.. naminipun dados Bu Noto Tempe.
2. Lik Yo, Gadhah bengkel sepeda ingkang sampun kondhang kaloka, misuwur sak donya..naminipun dados Lik Yo Jengki.
3. Pakdhe Harto, sedherek kula ingkang gadhah kios klopo wonten ing Pasar Tempel..dipun celuk Harto Krambil.

Lan taksih kathah lintunipun..

Slah-slahan menika inggih asring dipun agem ugi kagem nyebut nami wonten ing paseduluran.. umpaminipun.. "Wah.. mbakyumu Jakarta kae kapan le mulih?" utawi "Aku wingi nginep seminggu nenggone Pakdhe mBanyuwangi, Mbok.."

Menopo panjenengan ugi gadhah 'gelar' menika?

:::- h j r -:::


Dipunserat dening Mas Hajar Pamundi,
ingkang saweg ngasto wonten Beograd, Serbia.
Matur sembah nuwun sanget...

Ann Arbor lan Semarang

25 November 2008

[Seratan punika inggih dipunkirim dening muridipun Mbak Etty, ingkang mulang basa jawi wonten Universitas Michigan, Amerika. Bingah sanget saged masang tulisan basa jawi saking tiyang mancanegari wonten blog punika]


Nek Ann Arbor dibandhing karo Semarang, ana akeh sing ora padha. Wiwit saka sing rada nyata, jumlah penduduk ing Semarang adoh luwih akeh ketimbang Ann Arbor. Ora mung iku – wewengkon kutha Semarang uga luwih jembar. Sing nyata uga: Semarang cedhak samudra lan Ann Arbor adoh saka samudra. Ora ana wedhi ing Ann Arbor. Senadyan Ann Arbor adoh saka samudra, kutha iku cedhak "Danau Agung", danau gedhe banget sing isine banyu tawar. Ana akeh beda sing liya. Contone, ana gunung cedhak Semarang, nanging Ann Arbor rada 'rata'. Pramila, luwih gampang numpak pit ana kene timbang numpak pit saka Semarang Ngisor nganti Semarang Ndhuwur.

Ana beda gedhe bab cuaca. Ing Ann Arbor, wektu mangsa adhem temenan adhem nganti mudhun salju. Nek ing Semarang, ora mungkin mudhun salju. Kanggo wong Semarang, Magelang iso dadi "adhem". Kene ora iso dibayangake.

Ing Ann Arbor, ana universitas sing gedhe lan sabab iku, ana akeh mahasiswa. Senadyan ana universitas-universitas ing Semarang, proporsi mahasiswa ing Ann Arbor ketimbang ing Semarang luwih dhuwur. Ongkos urip ing Ann Arbor dhuwur banget ketimbang ongkos urip ing Semarang. Yen ing Semarang kos iso ditemokake $27.00 per wulan (kurang luwih Rp. 250,000). Ing Ann Arbor sing murah banget iso ditemokake $250.00 per wulan (kurang luwih Rp. 2,250,000). Pangan lan ongkos transportasi uga luwih murah ing Semarang.

Ana akeh sing padha. Contone, ana akeh restoran lan warung ing rong kutha iku. Mbok menawa merga akehe pemuda lan mahasiswa, restoran lan warung iku bukak nganti bengi-bengi. Yen Semarang, burjo lan warung nasi kucing utawa warung kopi sing rame. Kene bar-bar lan warung kopi sing rame banget, utamane malem Setu lan malem Minggu.

Sing padha liyane, Semarang lan Ann Arbor ana daerah industri. Senadyan dudu Ann Arbor, nanging daerah sing cedhak saka Ann Arbor, bab iki isih padha. Dhisik, ana akeh pabrik ing daerah sing cedhak Ann Arbor lan nganti saiki isih ana pabrik-pabrik ing Semarang.

==*==



Nami kula Saul lan kula asal Amrik.
Rumiyin, kula manggen wonten Indonesia.
Sakpunika, kula mahasiswa wonten Universitas Michigan

Kuthaku

18 November 2008

[Tulisan punika dipunserat dening tiyang Amerika ingkang saweg sinau basa jawi wonten Universitas Michigan. Gurunipun, inggih punika Mbak Etty ingkang asli Salatiga, nyuwun supados seratan punika saged dipunpasang wonten blog padhang mbulan. Matur nuwun sanget Mbak Etty kalian Mas Nata :) ]


Aku wong Amerika. Aku saka kutha jenenge Toledo sing ora gede nanging ora cilik. Toledo kuwi luwih gede ketimbang Solo nanging luwih cilik ketimbang Jogja. Aku uwis ngerti Solo lan Jogja amarga aku nate manggon ana Jawa. Dalan ana Toledo ora sarame dalan ana Jogja. Nek kowe menyang Toledo kowe mesthi kesepian amarga ora ana angkringan, pedagang kaki lima, kebo, andong, utawa akeh wong sing mlaku-mlaku. Ana Toledo akeh wong numpak montor roda papat. Sithik wonge sing numpak brompit (sepeda motor). Ming anak-anak sekolah kerep mlaku-mlaku bae. Nanging, kala-kala wong amerika seneng mlayu ana dalan uga supaya ora gendut lan rosa.

Nek kowe ngelih ora isa mangan ana warung ya, dadi kudu nggoleki restaurant. Ana Jogja McDonald’s utawa KFC rada mewah nanging ana Toledo ora pati larang. Jebule sing luwih larang kuwi panganan Asia kaya sega! Arep masak dhewe? Kowe kudu blanja ana swalayan amarga ora ana pasar. Nek ming arep jajan isa menyang pom bensin uga amarga saben pom besin ana kios cilik sing ana omben-omben lan panganan cilik.

Wong Jogja kerep mlaku-laku karo kanca nanging ana Toledo luwih kerep dhewean. Aja merasa kesepian nek ora mlaku bebarengan. Nek arep ketemu kanca-kanca, isa ana café, bar, 'bowling alley' utawa omahe bae.

Ana Toledo, wong sugih manggon ana pinggiran kutha. Wong kere kerep manggon ana kampung kutha sing ana omah-omah sing luwih tuwa. Mahasiswa sing wani seneng manggon ana kampung kutha uga amarga omahe ora larang lan menarik amarga ana akeh macam wong.

Mangga nekani kuthaku ya!

7 Oct 2008
Nat Tuohy
(Jenengku Nat utawa "Mas Nata". Aku mahasiswa ana Universitas Michigan lan entas mulai sinau basa Jawa.)

Bu Teg, Bu Was.....Bu To

16 November 2007

[Dipunserat dening Mas Teguh S., Matur nuwun]

Dipun tepangaken kulo,Duljoni,tiyang Jogja ingkang ngasta wonten Saudi. Sakderengipun sampun 13 taun kulo pados upo wonten Cilegon, sesarengan kalian rencang2 setunggal angkatan saking SMTI Jogja,kawit bujangan rumiyin.

Lha sakniki, saksampunipun sami gegayuhan lan pikantuk jodhone piyambak2, kulo nembe mirengaken menawi garwane kito sedoyo meniko gadhah celukan ingkang 'unik' amargi tumut naminipun tiyang ingkang jaler.

Cobi sami mirengaken :
Garwane Pak Teguh : Bu Teg (= kosok balene bening)
Pak waskito : Bu Was (= galak,kagem kewan )
Pak Sabar : Bu Bar
Pak Dalmojo : Bu Dal
Pak Lugito : Bu Lug
Pak Subangkit : Bu Kit

Lha ingkang kewirangan meniko garwane Om kulo,inggih meniko Pak Prapto.. Lha ayu-ayu koq diceluk Bu To..he..he..

Teguh S

Ayam Bakar Opo Ayam Panggang?

21 June 2007

[Dipunserat dening Cak Cahyo Gunarso, suwun Cak]

Saben mlaku-mlaku kadang-kadang awake dhewe moco gebere macem-macem warung panganan pinggir dalan, ono sing tulisane "Sedia Ayam Bakar" ono maneh sing "Sedia Ayam Panggang". Padahal masakane podho ae. Aku sampek saiki isih takon sakjane ngono sing bener iku sing endi se? Ayam Bakar opo Ayam Panggang?

Tapi pangrosoku sing luwih tepak kanggo boso Jowo utowo boso Indonesia ngono yo Ayam Panggang. Miturut artine yen dipanggang iku mung dislomotno geni utowo panase mowo, ora disumet. Tapi yen dibakar iku berarti disumet utowo diobong trus pitike melu kobong

Contone, barang teles ben garing yo dipanggang dudu diobong. Trus omah mesthi diarani kobongan, ora ono omah diarani kepanggang.

Kadangkolo aku ngguyu dhewe mbayangno "Ayam Bakar" secara harfiah berarti pitike diobong koyok kayu. Terus bakalan ono variasine Ayam Bakar: yaiku Ayam Bakar (pakai) Bensin, Ayam Bakar (pakai) Minyak Tanah, Ayam bakar (pakai) Kayu lan liya-liyane.

Monggo sedulur nyoba sing endi??

*Cahyo Gunarso (email)*

Kesederajatan Kakung-putri ing Masyarakat Jowo

22 April 2007

[Tulisan punika dipunkirim dening Mas Panjono, saking Korea.
Matur nuwun sanget.]


Sak derengipun, nderek nepangaken nami kulo Panjono. Kulo lahir lan ageng wonten ing kitho Ngayojokarto pinggir kidul. Saking nggriyo kulo mlampah mangidul kinten-kinten tigangatus meter sampun mlebet tlatah kabupaten mBantul. Ananging sakmeniko kulo nembe ngangsu kaweruh wonten ing Korea Selatan.

Naliko nembe iseng-iseng pados situs-situs babakan tanah Jowo, Alhamdulillah kulo kepanggih situs meniko. Wah, raosipun remen sanget saged manggihi situs ingkang saged kagem nguri-nguri kabudayan Jowo ingkang sampun milai luntur dening globalisasi meniko.

Sekedhik kulo badhe ngaturaken pengalaman kulo wonten ing Korea mriki.

Salah satunggaling dinten kulo dipun dangu kalian profesor: “Jenengmu ki sak lengkape sopo to ?”

Kulo jawab: “Nami kulo Panjono”.

Profesor lajeng nerasaken: “Lho jenengmu koq mung cekak banget, opo kowe ora duwe jeneng keluargo ?”

Kulo jawab: “ mBoten gadhah, tiyang Jowo mboten gadhah nami keluargo kados tiyang Korea”.

Kulo lajeng matur malih: “Jaman rumiyin, tiyang Jowo gadhah nami kalih, injih puniko nami alit kalian nami sepuh. Tiyang Jowo menawi nembe lahir dipun paringi nami alit lajeng samangke menawi sampun polo kromo gantos nami sepuh. Nami sepuh meniko mboten gegayutan kalian nami tiyang sepuhipun pinanganten kakung nopo dene pinanganten putri. Nami alit pinanganten kakung kalian pinanganten putri kekalihipun gantos dados setunggal nami sepuh. Contonipun bapak kulo naliko alit asmonipun Dasimin, simbok kulo Supinah, lajeng asmo sepuh bapak-simbok kulo Kastodiharjo”.

Midanget atur kulo meniko, profesor lajeng ngendiko: “Wah wong Jowo jan ngagungake kesederajatan antaraning lanang lan wadon. Wong lanang karo wadon yen nikah banjur gawe jeneng anyar sing ora kudu manut karo garise sing lanang utowo sing wadon. Bener-bener sederajat”.

Mireng pangandikanipun profesor meniko, kulo kaget sanget.

Jebul leres nggih.

Menawi kito mirsani saking pola perubahan nami tiyang Jowo meniko sak jatosipun tiyang Jowo sampun kagungan wawasan kesederajatan kakung-putri dangu sanget.

Langkung dangu saking jamanipun R.A. Kartini ingkang kito dadosaken lambang emansipasi poro wanito ing Indonesia.

Sak derengipun kedadosan meniko, kulo dereng nate gadhah pamanggih bilih tiyang Jowo meniko ngagungaken kesederajatan kakung-putri kanthi sarono nami puniko.

Ananging kahanan sak meniko kadosipun angel sanget kagem tiyang Jowo menawi badhe gantos nami. Amargi nami meniko gegayutan kaliyan ijazah nopo dene sertifikat ingkang sampun dipun angsali sak derengipun kito polo kromo.

Pripun nggih caranipun nguri-uri kabudayan Jowo babakan nami meniko ?

Kulo piyambak rumaos repot menawi kedah ganti nami je ... hehehe

Panjono,
Chuncheon, April 2007

Bingung karo "Aku"

06 March 2007

Aku saiki manggon ning Jakarta, lumayan wis suwe. Sak durunge aku manggon ning Malang, terus kuliah ning Suroboyo. Wis samestine nek ning rong kutho kuwi aku luwih akeh nganggo boso jowo. Boso Indonesia mung dienggo ning forum resmi.

Bareng pindah Jakarta, yo berubah total. Wong-wonge podho nganggo boso Indonesia saben dinane. Isih ono beberapa sing nganggo boso jowo, tapi yo muk sak ipet. Ngomong karo konco boso Indonesia, ngomong karo wong dodolan boso Indonesia, ngomong karo supir angkot yo boso Indonesia. Mestine ora susah, soale kawit cilik kan yo wis biasa nganggo boso Indonesia ning sekolahan. Sing rodo susah ki nek arep melu2 nganggo boso gaul cah Jakarta.

Awal2 ning Jakarta aku isih wagu arep nganggo "lu-gue" yen ngobrol karo konco. Ora biasa, lan surasane kok yo rodo kasar. Mangkane ngobrol karo konco aku nganggo "aku-kamu" sing tak pikir luwih sopan.

Lha.. tapi kok aku dikomentari koncoku cah Jakarta, jarene "kok mesra banget, pake aku-kamu?"...
Lho???

Aku nganggo "aku-kamu" iku kan amargo luwih cedhak karo "aku-kowe", "aku-awakmu" ning boso jowo. Adaptasine luwih gampang, tinimbang langsung nganggo "lu-gue". Dudu duwe maksud arep bersikap mesra... :p

Yo akhire gelem ra gelem, aku mbiasakke nganggo "lu-gue" karo konco2 ning Jakarta. Rodo kagok, tapi suwe-suwe yo biasa :)