mangayubagyo

10 June 2005

bener ora yo... judulku. pokokmen karepku, aku arep ngomong "selamat datang". selamat datang, utowo selamat bahagia, embuh lah.. pokokmen semacam sambutan amargo blog padhang bulan iki wes kasil diposting mas Q... ekeke... kok dadi ngundang mas tho... yo wes.. ben sopan aku tak ngundang mas Q khusus nang blog iki, soale dewekke wes ngundang aku "jeng" :P dadine nang blog iki onone dimas diajeng gitu loch ... :P ben narsis...

judul padhang mbulan iki sepisan ngelingke aku rikolo cilik bengi-bengi kluyuran.. ups... dolanan gegojegan nang latar utowo nang lapangan (yen aku nang lapangan) tak baleni, secara ngarep omahku lapangan bal-balan kang jembar lan resik, padhang ing wayah bengi rikolo mbulan lagi purnomo kanthi cahyo sumunar, bocah-bocah podho playon, dolanan jamuran dan petak umpet. disisihi poro wong tuwo lagi podho ngumpul ugo karo ngawasi bocah-bocah. yen awake dewe sing nang blog iki dadi bocah-bocahe, trus sopo sing dadi wong tuwone? :P

bener tembunge mas Q... sopo wae oleh polah, jungkir walik yo rapopo nang blog iki, angger yen tibo yo kudu gelem tangi dewe, yen ra iso tangi yo njaluk ditulungi karo liyane. sing luwih tuwo kudu gelem ngayomi sing luwih enom, menehi tulodho, lan sing cilik ora pareng nakal :P sing gedhe oleh? *piye carane gawe ben ketok kecorek? aku ra apal.. secara buku HTML-ku ra tak gowo.

oya... blog iki ora duwe maksud kanggo gawe ukoro supoyo sing jawir ngeblog karo sing jawir thok.... ora... ora bermaksud koyo ngunu kuwi. pokokmen aku emoh yen nganti mengko ono suworo koyo ngunu kuwi.... iki nggur kanggo menehi wadah kanggo bocah-bocah utowo arek-arek sing narsis jawirre.. koyo tho.. aku dewe.. mas Wisa... Q, mbak Ria, Npla. lan liya-liyane. sakliyane iku sopo wae sing rumongso cintah karo jawir opo maneh rada-rada narsis... aku sakonco wes tak rewangi berlapang dada dan tangan terbuka menehi jalur cepat lan halal kanggo jawir-jawiran lan narsis-narsisan nang keneh... sepurane yo cak Q yo... weks... kecampur jawa timuran :P

wes lah... semene wae olehku posting perdana, aku yo ngelih, durung sido maem, wes ditinggal mas Q mau.. dewekke ndisikki maem disik, aku lali ra titip kon mbungkuske.

4 Komentar:

Pas jam 2:01 PM, Blogger Nauval Yazid nulis...

rodo bingung moco postingan iki, hehehehehehe ...
mbakyu! jenengku salah nulis-e .. huuuuu ... *gembeng*

 
Pas jam 2:13 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Lho.. ora ono maksud arep nggawe kelompok eksklusif blogger jawir lho yo... Iki ngono mung kanggo alternatif, kanggo lucu2an, ben ora bosen nguprek blog-e dhewe2. Ben ono nggon kanggo posting sing boso jowo. Sekaligus pengen nggawe blog sing unik, bedo karo liyane ;)
Ugo ben ra lali karo akar budaya (mosok oyot budoyo? :D)

Engko kan iso diiseni tulisan soal jajanan jowo, dolanan khas jowo, pengalaman jarikan (hihi)... lan sapanunggalane :)

 
Pas jam 2:15 PM, Blogger Unknown nulis...

hhehehe...selamat datang nek gak salah sugeng rawuh ya...*kelingan nek pas kondangan :D *

 
Pas jam 5:52 PM, Anonymous Anonymous nulis...

wah, sajake koq rame ning kene. Iso melu urun rembug ki. Sajake koq gayeng :)
Tak jajalan posting nganggo jowo ah, itung-itung nguri2 boso jowo :D

 

Post a Comment

<< Ngajengan