Natsukashii

10 June 2005

Aku lagi ngeling-eling, basa opo wae sing pernah mampir nang memori otakku. Sak elingku (sakjane yo ora eling tenan...hehe), sejak lair jebrol basa sing dikenalke nang aku yo basa jowo. Ibu, bapakku, mbah2 lan para sedulur2ku nek ngudang, nimang2 biasane nganggo tembang jawa. Opomeneh nek digendong pas arep turu, biasane dinyanyiake lagu kebangsaan:

"tak lelo lelo lelo ledhung
cep menengo ojo nangis wae
nek nangis ndak ilang ayune"

(Jaman cilik mbiyen, aku kerep weruh ibuku ngendhong adikku sing ragil karo nembang lagu iku. Dadi yo tak anggep, ibuku melakukan hal sing podho nang aku)

Mlebu TK, SD, basa Indonesia mulai di kenalke. Mlebu SMP mulai kenal basa Inggris. Mlebu SMA kok yo ndilalah ono pelajaran tambahan basa Jerman seminggu sekali. Tapi, tetep saben ndinane yo ngomong jowo. Dadi basa jowo tetep sing paling nglothok :)

Kuliah nang mBandung, dadi ngenal basa daerah liyo, basa sundo. Awale, yo aneh wae..., soale akeh sing ketuker-tuker, antara sing alus nang basa jowo, artine dadi kasar nek nang basa sundo. Awale, dadi geguyonan sing lucu lan rame. Tapi saiki sih wis garing, mulane ora tak sebut nang kene hehe...

Selain basa sundo, aku kenal basa daerah liyane sing pengaruhe gedhe lan ngubah logatku sing alus hehe.., jawa-timuran. Piye ora berubah, lha wong dari cah 7 sing ngontrak omah bareng2, cah 4 asale soko jawa timur. Nganjuk, Madiun lan cah 2 soko Malang. Arema2 iki, wonge akeh banget omonge, tur nek ngomong swarane seru banget. Rasa2ne, nek dheweke ngomong, dinding2 omah bergetar koyo meh ambruk *hiperbolis*.

Limang taun bareng sak-omah, dadi yo wajar nek podho2 saling mempengaruhi. Nek pas mulih kampung, sedulur2ku padha heran karo basa ngomongku sing berubah. Ternyata, konco2ku sing cah jatim mau yo podho, dianggep dadi aneh basa jowone:D

Suasana keseharian nang omah, njobo omah lan uga nang kampus, sangat mendukung kanggo ngomong basa jowo sing ngoko utawa basa Indonesia. Dadi, basa kromo-ku sithik-sithik mulai ilang soko memori otakku.

Saiki nang Jepun, otomatis yo makin jarang ngomong jowo, meski ono beberapa konco wong jowo nang kene. Kerepe yo ngomong Indonesia utowo basa Jepun. Otak sing terbatas memorine, ndandeake kosakata boso sundo sing mung sithik dadi ilang. Basa jowo alus...wis mbuh nang endi.
Secara nang omahku, komunikasi biasane nganggo basa ngoko. Mung, ono hal2 tertentu sing ora oleh di ngokoake, terutama nek ngomong karo wong tuwo. Tapi, secara umum, ngoko.

Saiki, aku nek krungu ono wong ngomong basa mbuh jowo alus utawa ngoko, ono roso kepiye ngono. Natsukashii...nek jarene wong jepun. Bring back memory. Sesuatu sing pernah sangat akrab, tapi wis suwi ora tau ketemu.

Koyo nulis nganggo basa jowo ngene yo natsukashii. Koyo pelajaran basa daerah jaman SMP mbiyen. Untung wae ora ditulis nganggo huruf jowo :D

3 Komentar:

Pas jam 2:43 PM, Anonymous Anonymous nulis...

hwarakadah!! lha kok ono boso jepun pisan ning kene... :P

Iyo yo, bahasa iku nek suwe ra digawe iso lali. Tapi nek bahasa iku mau tau dadi bahasa utama, mestine gampang kanggo ngeling2. Mangkane daripada itulah!!! blog iki diciptakke :D

Aku karo bapak-ibuku biyen malah ngomonge coro Indonesia :) Tapi bareng manggon ning Malang sing akeh dulur2 sing aku kudu ngomong boso alus, yo dadine iso boso alus saithik2.

Iki nulis ngene, kadang yo ono kata2 sing ilang lo. Koyo wingi pas ngobrol karo sampeyan, aku baru eleng nek kelinci iku boso jowone "terwelu" hehehe.... :)

 
Pas jam 4:15 PM, Blogger Unknown nulis...

sakjane aku sing paling kangen yo karo basa "sengkalan" iku lho...termasuk filosofi-ne..

aku wis googling tapi gak nemu :(

 
Pas jam 2:52 PM, Anonymous Anonymous nulis...

lho panjenengan niki wonten siberia?
adeh tenan dolane.

 

Post a Comment

<< Ngajengan