Dinten Setunggal ...

10 June 2005

walah, lha ngene iki nek blog isine blogger-blogger sing sregep nulis.

dina pertama ae wis ono 3 tulisan, dadi ono 'beban mental' nek sing wis didapuk dadi kontributor kudu rajin nulis. hehehehe ...
padahal aku dhewe wis suwi tenan ora nulis sing jenenge karangan nganggo boso jowo, terakhir yo pas kelas 2 smp.

dadi ndhek sekolahku mbiyen, pelajaran bahasa daerah iku mung sampe kelas 2 smp, soale kelas 3 kan wis persiapan EBTANAS,nah pelajaran-pelajaran sing ora di-Ebtanas-ke yo ora diajarno maneh.
wah, lego tenan! maklum ae, bijiku gawe pelajaran bahasa jawa ora tau luwih soko 7, iku ae wis katrol-an, heheheheh...

masio ibu ku iku lair lan gede ndhek solo, ning ngomong karo putra putrine yo nganggo bahasa indonesia.
boso jowo mung aku gawe nek ketemu konco-konco, yo ketepak'an ae aku sering dolan, dadi isih keasah terus teko' te-ka sampe kuliah.

tapi yo iku, jarang banget ngomong kromo inggil, yen kepaksa ae. misale:

(mesen tahu tek-tek):
- "pak, mboten ngangge tigan, tahu nipun katah sekithik"
- "nggih, mas. pedes mas?"
- "cukupan"
- "bungkus?"
- "dhahar mriki"
- "lho aku wis arep tutup e, mas"
- "lha ngono koq yo ngelayani"
- "elho, sampeyan nantang a iki?"
- "sopo sing jirih?"
- "ayo!"
- "sik yo!"

lho koq bablas?! hihihihhi ...

(riyadi-nan)
- "waduh, putranipun sing saking malang iki wis gedhe yo. kelas piro?"
- "kelas setunggal"
- "wah pinter-e, sma pundi?"
- "sma setunggal" (untung!)
- "sma favorit tho?"
- "nggih, nanging kebetulan wae, budhe"
- "wah .. kebetulan ... bla bla bla bla"

moso aku arep ngomong 'ketepakan'? kromo tho iku? :D

dadi intine, aku seneng-seneng ae ono blog iki, lan sa'jane akeh koq blogger jawir, misale Bowo, sing tiba'no sekolahe mbiyen sebelah sekolahku. Cay housemateku yo iso ngomong jowo, masio lair lan gede ndhek jakarta, lan pasti akeh tenan blogger-blogger sing iso ngomong jowo.

mugi-mugi in near future (heh?), iso nulis blog ngangge huruf jawi :D

6 Komentar:

Pas jam 3:43 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Hehehe... beban mental yo? pantesan nganti mabok-mabok :P

Ngarang boso jowo? wuah.. iku jaman pas sekolah biyen termasuk sing aku paling malesss. Ngarang basa Indonesia ae aku gak pati seneng, opo maneh boso jowo.. tambah bingung. Mangkane aku saiki heran.. kok iso postinganku dowo2 ngono yo... hehehe :D

kebetulan iku kromo-ne opo yo? ketiwasan? mbuh lah... ora ono kamus boso jowo ning internet :D

Blogger sing iso boso jowo yo jelas akeh, tapi mosok kabeh arep diundang? diundang mampir ae dhisik :) Nulis honocoroko? wis lali blasss..

 
Pas jam 4:07 PM, Anonymous Anonymous nulis...

o iyo nambah, sing iso diundang cuman sing duwe account ning blogspot. Dadi koyok Golda, Rio (lho? kok Rio?... :P) ora iso diundang..

 
Pas jam 4:07 PM, Blogger Nauval Yazid nulis...

honocoroko.
dotosowolo.
podhojoyonyo.
mogobothongo.

hehehehe ... apale mung nek ngomongo ae, liya-liyane ra apal.

monggo diundang lho mas Q, paguyuban blogger jawir sing arep mampir rene. mugi-mugi betah yo ...

 
Pas jam 4:12 PM, Blogger Unknown nulis...

Pal, kosakata basa jowo ternyata luwih akeh tinimbang aku ya...hiks..

kata2 "didhapuk" kaget kamu masih ingat. iku kan jowooo...sekali.

aku dah woro2 ke beberapa blogger sing iso boso jowo...ben mampir mrene..:D

 
Pas jam 12:47 PM, Blogger isna_nk nulis...

secara yen mlalu-mlaku nang kutho ngayogyokarto akeh dalan sing diwenehi tulisan huruf jowo, sujune di wenehi ugo tulisan latin, dadine aku ora kesasar.. jane podho wae.. papan nama jalan kok ditulis ngnaggo huruf jowo, ra guno yo.. wong ra iso moco :D

 
Pas jam 9:20 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Wah.... kulo ndherek mangayubagyo dene panjenengan sampun karso mbikak web-blog (nyuwun gunging pangaksami menawi kulo mboten mangertos istilah IT) puniko.
Inggih kangge nguri-uri boso lan kabudhayan jawi ingkang adi luhung (????? wakakakkakak.... Mugi-mugi Gusti Allah Ingkang Moho Agung tansah angluberi ing karahayon dhumateng kito sedoyo. Amin

 

Post a Comment

<< Ngajengan