Ngona Ngono Ning Ojo Ngono

10 June 2005

hihi.. eruh ora? (tahu gak? - red) aku mbiyen jaman SMP sampek SMA pas pitulasan (17-an) kerep menang lomba geguritan. malah tau dadi juara siji lomba geguritan antar SMP sak kabupaten Tulungagung! hihi.. eruh geguritan ora? geguritan kui moco puisi boso jowo. mungkin soko kata dhasar gegurit sing artine puisi, trus lek ditambah akhiran an artine dadi moco puisi. lek enek sing luwih ngerti tulung dibenerno. monggo Jeng Isna menawi badhe ngoreksi.. :)

puisi jowo bedo karo puisi indonesia. umume puisi jowo nggae boso paling alus sing aku dhewe kadang ra ngerti artine. hehe. tapi artine secara keseluruhan aku ngerti, dadine sik iso menghayati puisi kuwi. andalanku jaman semono yo penghayatan kuwi. ekspresiku nggae juri2 terpikat sampai akhire menang dadi juara siji :D

pas upacara neng sekolahan diumumne lomba2 opo ae sing berhasil dimenangno SMPku, jenengku disebut salah sijine. aku mesam mesem isin tapi bangga. hihi. ndak nyongko iso melok ngarumke (mengharumkan - red) jenenge sekolahan. hihi. beberapa dino kemudian (aku ndak eruh boso jowone.. hehe) hadiahe tak jukuk neng depdikbud kabupaten Tulungagung. hadiahe pulpen parker. seneng banget oleh hadiah lumayan apik. tapi pulpene malah ora tau tak gae. eman2.. hehe..

pyuh.. wis ah.. ndak sanggup aku nerusne. bukan apa2, nulis nggae boso jowo angel-e ora umum! nulis telung paragraf ae butuh wektu sak-jam. sepurane ae konco2.. dongakno aku sik iso nulis liyo dino.. lek ndak iso yo wis terpaksa aku nulis nggae boso indonesia. oleh opo ora Pak Q?

9 Komentar:

Pas jam 12:20 AM, Blogger imponk nulis...

asli, moco tulisan boso jowo rodok ora enak. padhal mbendinane ngomong nganggo boso jowo :D

mben sore onok acara nang jogja tv siaran berita nganggo boso jowo. hehehe.. saben nonton pengen ngguyu wae ngrungokno wong-wong iku ngoceh nanggo boso jowo.

maksute pingin iso, tapi kok bosone dewe kroso angellll :(

 
Pas jam 6:16 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Oh, sampeyan jago berekspresi yo cak? hehe...

Aku durung iso mbayangke piye iku geguritan, moco puisi sing nganggo boso jowo alus, soale ora tau ngetrend ning Malang :D

Rodo campur aduk antara mbayangno moco puisi sing penuh ekspresi jejeritan, karo boso jowo alus sing lumrahe klemak-klemek koyo sinden. Sing bener piye cak? jejeritan opo koyo sinden? opo nyinden jejeritan?... hihi

Aneh kan nulis nganggo boso jowo :P
"Jelas... bedo!!" :D

 
Pas jam 9:25 AM, Blogger Unknown nulis...

nek ora salah sih, kata dasar "geguritan" iku "guritan" :-? oleh seselan "eg" , ono ora sih seselan "eg" iku :D

geguritan=perpuisian

 
Pas jam 12:49 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Mbake Ria, kan ono juga kata "gegojegan", kata dasar "ngojeg" eh "gojeg" .. hayooo

*dibahas... :P*

 
Pas jam 10:19 AM, Blogger Nauval Yazid nulis...

ayo mas Wis, panjenengan sageeettt!!

*slogan "kamu bisa!" nek dadi boso jowo alus koq aneh yo, hihihi*

 
Pas jam 9:36 AM, Blogger isna_nk nulis...

"geguritan" aku isih kelingan ukoro iku, artine yen ra salah artine "berpuisi" *sing kondho mas Hima koncoku :P aku ra ngerti artine pastine, sing cetho ono sesambungane karo istilah puisi.

aku yo rodo kaget, yen jare mas wisa tau melu lomba puisi, jare dewekke ra pati mudheng puisi, contone puisiku dewe kae, ning kok yen geguritan malah luwih mudheng, samsoyo jare tau "menjiwai" nganti oleh juwara, dadi, secara mas wisa ki kudune yo iso gawe "gurit" -puisi *wink-wink*

 
Pas jam 12:14 PM, Anonymous Anonymous nulis...

aku moco tulisan tulisan ini nganti peng pitu likur !! cekikan dewe ning ngarep komputer.

cekikikane dudu mudeng tapi mumet ;p. Tenan boso jowo angel le ora umum !

way

 
Pas jam 3:04 PM, Anonymous Anonymous nulis...

nuwun injih, pramilo website kula radi awrat. soale ngagem gambar ingkang ageng :p wah.. dereng sempet maos menika. ning kula remen kok surasa "ngono yo ngono ning mbok aja ngono". :D

 
Pas jam 4:36 PM, Anonymous Anonymous nulis...

blas ora ngerti, hahaha padahal q asli wong tulungagung jew. Wkt sekolah tiap ajaran bhasa jawa q turu ndo kelas xixi

 

Post a Comment

<< Ngajengan