Ayam Bakar Opo Ayam Panggang?

21 June 2007

[Dipunserat dening Cak Cahyo Gunarso, suwun Cak]

Saben mlaku-mlaku kadang-kadang awake dhewe moco gebere macem-macem warung panganan pinggir dalan, ono sing tulisane "Sedia Ayam Bakar" ono maneh sing "Sedia Ayam Panggang". Padahal masakane podho ae. Aku sampek saiki isih takon sakjane ngono sing bener iku sing endi se? Ayam Bakar opo Ayam Panggang?

Tapi pangrosoku sing luwih tepak kanggo boso Jowo utowo boso Indonesia ngono yo Ayam Panggang. Miturut artine yen dipanggang iku mung dislomotno geni utowo panase mowo, ora disumet. Tapi yen dibakar iku berarti disumet utowo diobong trus pitike melu kobong

Contone, barang teles ben garing yo dipanggang dudu diobong. Trus omah mesthi diarani kobongan, ora ono omah diarani kepanggang.

Kadangkolo aku ngguyu dhewe mbayangno "Ayam Bakar" secara harfiah berarti pitike diobong koyok kayu. Terus bakalan ono variasine Ayam Bakar: yaiku Ayam Bakar (pakai) Bensin, Ayam Bakar (pakai) Minyak Tanah, Ayam bakar (pakai) Kayu lan liya-liyane.

Monggo sedulur nyoba sing endi??

*Cahyo Gunarso (email)*

12 Komentar:

Pas jam 2:13 PM, Anonymous Anonymous nulis...

sing penting
MAK NYUS..........

 
Pas jam 4:21 AM, Anonymous Anonymous nulis...

cak...pesen ayam kobong siji...hahaha :D
*mbayangke James Bond ngomong: "dipanggang, ojo diobong" (dgn logat "shaken..not stirred)*

 
Pas jam 9:47 AM, Blogger .:nien:. nulis...

dipanggang kuwi sing oven ngunu dudu yo mas? heheheheh .... sing kyk nang carrefour, sing dilebokne oven guediiiiii ... terus ayam e wokeeeh tenan?

 
Pas jam 6:28 PM, Anonymous Anonymous nulis...

wahhhhhh... ono kobongannnnnnnn !!!
opo sing kobong ?
Pitike kobong hueheheh

 
Pas jam 3:52 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Wah... Yen miturut kulo... Dipanggang niku mboten nempel mowo utawi geni namung migunakne panasipun..

Benten yen dibakar... Yen Dibakar niku migunakne mowo utawi geni..

Menurut pangertos niku ingkang bener miturut kulo nggih sedayanipun...

Ayam Panggang menawi ngangge oven lan sejenisipun...

Lan Ayam bakar yen migunakaken mowo....

 
Pas jam 11:48 PM, Blogger ted nulis...

leres mas .. benten menawi ayam panggang kaliyan ayam bakar. ten dalem kulo ten jawa timur punika ngagem istilah ayam panggang. ayam panggang punika bumbu nipun kathah sanget ten njawinipun. nggih mboten wonten istilah ayam bakar.

sapunika kulo ten bandung. nggih boten wonten istilah ayam panggang. wonteninipun ayam bakar. bumbunipun nggih benten. namung disukani kecap lajeng dipanggang.

dados bentenipun inggih margi bumbunipun. lajeng daerah ingkang ndamel istilah punika inggih benten.

 
Pas jam 9:20 AM, Anonymous Anonymous nulis...

ayam panggang kuwi yo sing dipanggang nang nduwur areng...dadi mung mawa, yen ayam bakar kui ayam sing di BBQ....utowo sing di bakar nang geni (gas utowo kayu)....
bener rak kiy

 
Pas jam 10:22 AM, Blogger sebastian nulis...

Cak, saiki awake dhewe maem ayam bakar berarti maem ayam sing wis dadi areng ngono yo cak, ayam gosong cak.... he..he..he

 
Pas jam 7:57 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Wah, sing penting sanes Ayam Gosong mawon boten nopo-nopo..

Vokok'e Wareg :D

 
Pas jam 8:05 PM, Blogger Noor Tjahya HP nulis...

Wah yen panjenengan tindak Klaten temtu badhe saged mbedakaken pundi ayam panggang, pundi ayam bakar. Nanging senajan benten antawis ayam bakar kaliyan ayam panggang kekalihipun pancen Nyusss saestu.

 
Pas jam 7:39 PM, Blogger Unknown nulis...

lucuuuuu.....wkwkwkwkwkwk....gak kebayang,gimana kl oz gw baca blog ini..pastinya ngakaaaaaakkkkk....ning ngomong-2,matur suwun sanget Lur...bener-2 pelepas stress....

 
Pas jam 4:21 PM, Anonymous cariduitx9 nulis...

aku pilih ayam dibakar nganggo pektromaaaaaaaakskks...
haha

 

Post a Comment

<< Ngajengan