Jaman Sepor Lempung

23 September 2005

Moco critone cak Rony Lantip sing boso kromone melipit-pit, aku dadi kepengen melok cerito perkoro sepor jaman sepor lempung. Maksute sepor jaman cikar rudo kayu. Jaman tahun wolung puluhan.

Jaman sakmono lek kate nang Jakarta soko njowo etanan durung usum numpak montor mabur. Soale rego karcise larang temen. Wong akeh sing milih numpak sepor. Pilihane ono sepor Bima, singkatan soko Biru Malam sebab cet-e werno biru muda trus budale bengi. Iki sepor kelas eksekutif. Nang jerone ono kompartemen-kompartemen karo amben wesi tingkat dikek-i kasur busa gawe turu. Sodo mirip thithiklah karo sepor Orient Express sing kesohor nang Eropa.

Terus ono sepor Mutiara, sing cet-e lek gak salah werno jambon. Sepor iki kelase sak sret nisore Bima. Gak athek kompartemen nggo turu, mek korsi busa dilapis kolit imitasi. Sing kelas paling nisor, kelas rakyat jelata yo sepor Gaya Baru. Emboh yok opo critane kok dijenengi gaya baru. Wong sepure wis lawas, apek, sumpek tur rusuh. Werno sepure puteh buthek ono slerete ijo tuwek. Opo kuwalik yo... pokok-e ngunu lah.

Sepor Gaya Baru iki kursine soko kayo tengahe ram-raman teko njalin. Mulo iku akeh tinggine. Lek tinggine keluwen, alamat bokong dadi santapan. Clekit-clekit karo gatel, mene ne pasti mbentol kabeh. Nang ndukur sejajar karo korsi ono rak gawe ndeleh bagasi. Sebab bentuk-e ngene, sepor sing gak onok kipas angine iki tambah sumpek-pek. Howone sumuk poll, mangkane akeh penumpang bapak-bapak, joko-joko karo arek-arek cilik sing gak klamben. Podo ote-ote, lek aku gak tau. Isin ketok to-e... hehehe.

Gaya Baru iku budale jam rolas. Pas panas enthang-enthang. Teko Jakarta yo meh jam rolas pisan, arang iso teko jam songo-an. Malah kadang telat tekone sampek jam siji opo jam loro. Dadi sedino suwengi nang njero sepor sing sumpek poll. Sing jenenge ambu minyak angin, balsem karo koyo pating seliwer campur aduk gak karuan.

Sing jelas, numpak sepor iki gak bakal kaliren. Asal nduwe duwek. Gang sak menit ono wong dodol liwat. Kadang-kadang malah baris, sampek limo. Bareng-bareng mbengok nawarno dagangane. Mulai es sirup sing wernone abang mbranang ono kates kotak-kotak cilik kampul-kampul, kopi teh, lontong pecel, rokok permen, krupuk, dulinan, golekan, kacang karo gedang godok, salak, apel, wis pokoke opo ae onok. Lek kate tuku panganan nang sepor kudu ati-ati. Gak oleh asal njupuk opo maneh langsung dicaplok. Kudu takon sek regane. Soale onok siji loro wong dodolan sing nakalan. Regone diundakno sakpenak-e, nekek ngunu. Tau ono sing sampek tukaran clatu-clatuan perkoro rego es sirup sing gak masuk akal.

Jaman iku karcis gaya Baru regane mek nem ewu. Jajan es sirup mek satus. Jan asli murah temen. Sing larang cuman sabare. Lha yok opo, meh ben stasiun sing jarake biasane gak luwih antarane pitu sampek limolas kilo sepure mandeg. Lek gak nunggok-i sinyale dibukak yo nunggok-i kres karo sepor soko ngarep. Mandege gak trimo limo opo sepoloh menit. Iso sampek sak jam barang. Sing paling soro lek mandeg nang tengah sawah awan-awan panase nyethak. Sakno bayek-bayek karo arek cilik, podo sumuk. Hasile podo nangis saut-sautan antarane gerbong.

Lek ngunu biasane ono ae siji loro penumpang sing bakat ngeludruk nyeletuk sing lucu-lucu. Trus ditimpali karo penumpang liyane. Dadi garr-gerran penumpang sak gerbong. Lumayan. Ancen wis nasib wong cilik, kudu trimo sabar. Cek gak mecucu karo ngendeng pikirane iso nggarai kumat bludrek-e, yo wis ludrukan ae.

5 Komentar:

Pas jam 12:41 PM, Blogger Unknown nulis...

wah..lagek ngerti nek Bima iku Biru Malam :)

saiki isih ono ora kompartemen isi amben tingkat? kapan2 nyoba numpak ah nek isih ono :D

 
Pas jam 4:33 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Opo'o to cak, kok diarani sepur lempung? aku nek krungu istilah iku mesti mbayangno sepur sing digawe soko lempung. opo tumon? :D

Sak tuwek-tuweke sepur iku kan sepur uap sing ono ning museum kereta api Ambarawa kono. Bahan bakare nganggo kayu jati. Nek arep budhal kudu nggodhok banyu dhisik :) terus engko uap soko godhokan banyu iku sing mlakokno sepure.... Iki jarene loo :)

 
Pas jam 8:32 AM, Anonymous Anonymous nulis...

sepur lempung punika sejarahe pripun to pak kok saged gadhah asma sepur lempung...

 
Pas jam 6:39 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Yen miturut pengalaman nalika jaman samana, sing diarani sepur lempung kuwi sepur cilik, lan ana sing ngarani trem, Ril luwih ciut.
Lha yen Sepur Kluthuk kuwi sepur gedhe (rel amba) lan mlaku sarana batubara utawa areng kayu asem. Jenis sepur kluthuk sing wis nganggo mesin diesel di arani sepur "Grung"

mBah Kakung

 
Pas jam 6:55 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Sak durungi ana sepur Gayabaru.., sak liyane sepur regular ana sepur nganggo istilah ekspres utawa "Kereta Api Tjepat" lan sabanjure ana "Kereta Api Tjepat Gaja Baru". Nalika jaman Orba ana Biru Malam lan Mutiara, Mutiara ini ana Mutiara Selatan, Mutiara Utara lan Mutiara Barat. Layanan e werna werna aku wis ora eling, Sing tak elingi jaman semana mung Kereta api Tjepat kalebu larang amarga karcise saka Surabaya Jakarta kuwi Seringgit (rong rupiah seket sen) kamangka sing regular mung telung talen (pitung puluh lima sen)
Yen saka Surabaya malang mung limang Ketip.

mBah Kakung

 

Post a Comment

<< Ngajengan