Bingung karo "Aku"

06 March 2007

Aku saiki manggon ning Jakarta, lumayan wis suwe. Sak durunge aku manggon ning Malang, terus kuliah ning Suroboyo. Wis samestine nek ning rong kutho kuwi aku luwih akeh nganggo boso jowo. Boso Indonesia mung dienggo ning forum resmi.

Bareng pindah Jakarta, yo berubah total. Wong-wonge podho nganggo boso Indonesia saben dinane. Isih ono beberapa sing nganggo boso jowo, tapi yo muk sak ipet. Ngomong karo konco boso Indonesia, ngomong karo wong dodolan boso Indonesia, ngomong karo supir angkot yo boso Indonesia. Mestine ora susah, soale kawit cilik kan yo wis biasa nganggo boso Indonesia ning sekolahan. Sing rodo susah ki nek arep melu2 nganggo boso gaul cah Jakarta.

Awal2 ning Jakarta aku isih wagu arep nganggo "lu-gue" yen ngobrol karo konco. Ora biasa, lan surasane kok yo rodo kasar. Mangkane ngobrol karo konco aku nganggo "aku-kamu" sing tak pikir luwih sopan.

Lha.. tapi kok aku dikomentari koncoku cah Jakarta, jarene "kok mesra banget, pake aku-kamu?"...
Lho???

Aku nganggo "aku-kamu" iku kan amargo luwih cedhak karo "aku-kowe", "aku-awakmu" ning boso jowo. Adaptasine luwih gampang, tinimbang langsung nganggo "lu-gue". Dudu duwe maksud arep bersikap mesra... :p

Yo akhire gelem ra gelem, aku mbiasakke nganggo "lu-gue" karo konco2 ning Jakarta. Rodo kagok, tapi suwe-suwe yo biasa :)

9 Komentar:

Pas jam 10:54 PM, Blogger dodY nulis...

lu-gue....


wahhhh iki sing nggarai aku wedi! wedi kelangan identitas asli-ku! halah... iki ngomong opo tho yooo :)

 
Pas jam 8:35 PM, Anonymous Anonymous nulis...

eh gimana kabar loe? baek-baek aja kan. ntar guwe samperin deh di enggok-enggokan depan masjid.
Hahahahahaha
Lam nal Kang!!!
Pisssss Men!

 
Pas jam 4:39 PM, Blogger devie nulis...

lu lu, gua gua. guathel lu! (ha ha ha ha ha)

 
Pas jam 6:37 PM, Anonymous Anonymous nulis...

http://garuda.dahstream.nl/webplayer.html

Punika radio saking Suriname ingkan 24 jam siaran kanthi ndamel Basa Jawi.

 
Pas jam 11:20 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Matur nuwun saged ningali blog ingkang sae sanget. Menawi mboten kawratan, monggo lho mampir dateng www.kotakbuku.com, pakempalan maos buku. Lajeng inggih wonten malih www.josjas.com pakempalan tiyang jogja lan pawartos jogja lanjawi...monggo nggih

 
Pas jam 12:52 AM, Blogger .:nien:. nulis...

atos-atos, mangke panjenengan klintu ngendiko,

gile rumah segede gini kagak ada JEDHING nyeee ... gue tunggu-tunggu NJEKETHEKnya di NGGOK-NGGOK an

kenthirrrr huahuahhahah ...

 
Pas jam 3:10 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Nganti saiki aku nek ngomong bahasa Indonesia nganggo logat Jowo, kadang kecletot istilah Jowo. Ben wae laahh...sing penting sing diajak ngomong ngerti..hee..heee..

 
Pas jam 1:43 PM, Blogger Unknown nulis...

Wah, padha mas....aku ya tau omong karo kancaku cah Jakarta nganggo 'kamu', dhewekke malah mangsuli 'emang elu pacar gw' hahaha padahal padha lanange. lak ya bilahi....

 
Pas jam 10:55 AM, Blogger Pamsimas Rejang Lebong nulis...

wah amrik kok boso jawane luwes banget......sip....

 

Post a Comment

<< Ngajengan