Dinane Simbah

19 September 2005

Dina iki, tanggal 19 september, nang negoro Jepun lagek prei nasional kanggo ngurmati dinane para simbah. Keirou no hi atau Respect for the Aged Day.
Miturut warta nang kene, wong jepang sing umure ngancik diatas 100 taon, jumlahe luwih soko 20 ewu-nan.

Lan dino iki, wong jepang podho menehi hadiah kanggo simbah-simbahe. Nek sing cedhak omahe karo simbahe...yo nyambangi sisan, nek adoh hadiahe dikirim.

Miturut hasil riset, nek aku ora salah nangkep, sekitar 56 % para simbah iki urip dhewe, mandiri, ora melu numpang karo putra-putrine. Biasane simbah2 iki lenggahe tetep nang kampung halaman, sementara putra-putrine ngumboro sibuk golek urip nang kutho liya.

Amargo teknologi jepang wis canggih, kontak para putra karo simbah-simbah iki wis ora masalah maneh.
Wingi isuk aku nonton nang tipi, para putra iki iso monitor kegiatan saben dinane mbah2 iki lewat hape. Daleme simbah2 iki dipasangi sensor, biasane lantai ne utawa panggonan liya sing biasa diliwati. Umpamane, simbah ngidek sensor sing dipasang nang pawon, alarm hape putrane bakal muni lan menehi keterangan nek simbah lagi nang pawon. Simbah lagek nang jeding, nonton tipi utawa lagek sare iso dipantau.

Malahan, nek simbahe kagungan penyakit, umpamane watuk...yo ono sensor sing iso monitor nek simbah watuk. Sing aku weruh nang tipi wingi iku, dipasang nang slimute. Begitu simbah uhuk..uhuk watuk...alarm hape langsung muni.

Dadi, umpamane hape ne kok sepi wae...iso nelpon polisi sing cedhak kono kanggo niliki. Pernah sih ono kedadeyan nang panggonane koncoku, ono mbah2 sedo wis pirang-pirang dino ora konangan. Lagek konangan amargo wis mambu.

Keirou no hi iki dipengeti mungkin kanggo ngurmati para pinisepuh sing wis akeh jasane ndadeake jepang dadi negoro maju koyo saiki.

P.S: foto nang nduwur iku fotone simbahku lho :)... yuswane wis ngancik 90 taon. kegiatane saben isuk karing nang ngarep omah. mbah kaum--aku biasane nek nyeluk, amargo daleme nang kauman--ndherek paklikku--adike bapak.

3 Komentar:

Pas jam 11:59 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Mbah putrine mbak Ria jebul yo sadar gaya, iso dijuduli "Nyawang langit wektu sore" kuwi :)

 
Pas jam 12:48 PM, Blogger abhirhay nulis...

sungkem kagem mbah kaum nggih ning Ria...

 
Pas jam 10:49 AM, Blogger harestya nulis...

Subhanallah, simbah yuswanipun sampun 90?

kula nggih nggadahi posting tentang simbah wonten http://darmawan175.wordpress.com/2009/05/26/simbah-terakhir/

 

Post a Comment

<< Ngajengan