Bu Teg, Bu Was.....Bu To

16 November 2007

[Dipunserat dening Mas Teguh S., Matur nuwun]

Dipun tepangaken kulo,Duljoni,tiyang Jogja ingkang ngasta wonten Saudi. Sakderengipun sampun 13 taun kulo pados upo wonten Cilegon, sesarengan kalian rencang2 setunggal angkatan saking SMTI Jogja,kawit bujangan rumiyin.

Lha sakniki, saksampunipun sami gegayuhan lan pikantuk jodhone piyambak2, kulo nembe mirengaken menawi garwane kito sedoyo meniko gadhah celukan ingkang 'unik' amargi tumut naminipun tiyang ingkang jaler.

Cobi sami mirengaken :
Garwane Pak Teguh : Bu Teg (= kosok balene bening)
Pak waskito : Bu Was (= galak,kagem kewan )
Pak Sabar : Bu Bar
Pak Dalmojo : Bu Dal
Pak Lugito : Bu Lug
Pak Subangkit : Bu Kit

Lha ingkang kewirangan meniko garwane Om kulo,inggih meniko Pak Prapto.. Lha ayu-ayu koq diceluk Bu To..he..he..

Teguh S

11 Komentar:

Pas jam 6:08 AM, Blogger NuDee nulis...

Lha tangga kula naminipin Pak Ngatno. Keng garwo dipun dangu Jeng Ngatno, hehehe...

nudee.wordpress.com

 
Pas jam 3:28 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Pakdhe koncoku asmane: Sapingi, priyayine gagah lhoo..Sering kanggo guyon ngene: "sopo sing ning ndalan?" wangsulane:"Sapingi sing ning ndalan" dduuhh...ngapunten pakdhe..:D

 
Pas jam 10:14 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Ana maneh Kang Prapto
bojone Rukimin = Bu Ruk
bojone Wakijo = Bu Wak
bojone Lusiman = Bu Lus

 
Pas jam 11:19 PM, Blogger Unknown nulis...

ha..ha..ha..lucu abis deh.., iku yo opo tanggapane bojone yo..marah paling, lha mong ayu-ayu kok diceluk Bu to...hiiii...hiiiii..... koyo doso muko.

 
Pas jam 12:55 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Sami mawon kaleh niki : Bulu yang bisa menulis, Bu Lurah! Bulu nesu-nesu, Buludrek! Bulu dinggo adhus, Bulumbang!..

 
Pas jam 4:09 PM, Blogger paijo dari Jogja nulis...

Garwane
Pak Carik = Bu Rik
Pak Subroto = Mak Brot

 
Pas jam 2:15 AM, Blogger okta's blog nulis...

Melukis wajah ,....
adalah kesukaanku. Tidak sedikit lukisan wajah yang telah aku buat.
Kali ini mencoba untuk diperkenalkan dalam blog yang aku bikin.

Beberapa contoh hasil kerja saya bisa disaksikan disini.
Untuk lebih bisa dinikmati bagi teman teman semua.

 
Pas jam 10:04 PM, Anonymous Anonymous nulis...

*ngakak...

wah salut kagem mas bule
boso jowone top markotop

aku dadi malah isin...

 
Pas jam 11:47 PM, Blogger @mied nulis...

dadi kelingan mas, pas naliko sih cilik kae. kula nggih di dangu dulkatis amargo sering katisen (lara)

 
Pas jam 7:21 PM, Blogger Unknown nulis...

lucuuuu plus-plus.....alias humor sambil nambah ilmu,thankz bgt kpd yg bikin blog ini,sorry saya nggak lancar basa jawa tapi suka...he..he..he..bolehlah sekiranya langganan info/artikelnya dikirim ke : budhi.pramono@firstmedia.com

Thxz b4,

Rgds
Pram

 
Pas jam 10:17 AM, Blogger Wagiman nulis...

Inyong duwe dosen jenenge pak Sukandar, bojone diundang piye jal..?
Bu Suk
Bu Kan
Bu Ndar.

 

Post a Comment

<< Ngajengan