Dadi Wong Jowo

15 June 2005

mang bengi pas lagi ngupi-ngupi nang biji kopi (coffee bean, lha nek starbucks opo dadi arta-ne bintang? hehehe!), ngobrol karo ferdi sing ngga ngeblog iku. bocahe pinter tenan, lagi ndhek kene marang nglakoni library research kanggo nggarap makalah s-2 ne sing menyoroti masalah konsep waktu. maklum, cah filosofi.

nah, mari ngobrol ngalor ngidul iku, moro-moro ae ngomong nek dhek'e iku ngerasa dadi wong jawa, mergone wis tinggal suwi ndhek jogja, masio soko cilik sampe gedhe ndhek jakarta. bapak ibu ne ae lha wong soko aceh lan bandung lho, dadi sa'jane arek iki yo ga ono keturunan jowo.

pertama ne se aku sing ngomong (sepurane yo nek ngga nganggo coro jowo, ben kethok nek nyata ngono mending nggawe bahasa asli):

+ "gue kagum ama budaya jawa"
- "lah, elo dah baca testimonialnya mila buat gue kan?"
+ "iya, koq bisa sih?"
- "ya karena gue emang suka ama budaya jawa seperti yang elo juga bilang, dan gue ngerasa ngeliat diri gue sebagai orang jawa, walaupun untuk itu elo kan ga perlu jadi orang yang lahir dan besar di jawa"
+ "jadi ini balik ke pembahasan kita tadi kalo orang dah bilang "i'm a vegetarian", berarti dia udah mo apply konsep being vegetarian itu tadi?"
- "akhirnya emang kaya gitu, ketika kita dah mutusin mo jadi apa, berarti emang kita dah niat buat ngelakuin apa yang semestinya disitu"

wis ta la, ojo bingung kenopo koq ngomong e ga coro jowo, soale wis teko' awal nek aku ngomong ambek ferdi iku yo ga nganggo coro jowo.

trus aku nambah maneh,

+ "mungkin kalo kekaguman gue ya sedikit banyak masih dipengaruhi lingkungan"
- "kaya nya gue tau apa yang elo maksud"
+ "ya, gue ngga bisa escape lah kalo emang dari kecil sampe gede gue emang di tempat yang orang pake bahasa jawa, ibu gue dari solo pula walopun bokap gue bukan orang jawa, jadi sebenernya kalo diliat darah, masih gak 100% jawa ..."
- "tapi itu ngga menghalangi elo buat suka dan cinta menjadi jawa kan?"
+ "contohnya elo yah ..."

lha muter2 maneh tho akhire omongane? hehehehe!

tapi mari ngono aku dadi mikir, sing koyo opo se sing dimaksud 'wong jowo' iku?

iki wis tau ta' bahas ndhek salah satu tulisanku taun wingi, sing akhire nang kesimpulan nek sopo ae iso dadi wong jowo, tergantung sampe nang endi dheweke iki gelem lan arep nglaksana'no utowo urip nganggo pakem-pakem dadi wong jowo iku.
lha wong anggun penyanyi iku ae pernah ngomong ndhek majalah nek "javanese woman is the utmost kind of woman in the world".
waduh!
nek mbahas iki dhowo yo, dadi wanita jawa sing koyo opo jaman modern iki?

soale nek kudu nganggo pemahaman jaman mbiyen sing nganggep wadhon iku uripe nang dapur, sumur lan kasur thok, lha koq yo ga pantes nek jaman saiki.

iki tulisan sekedar intermezzo (opo coro jawa ne?) ae koq di sela-sela jam kantor, tapi yen arep jujur, sa'jane aku bingung arep nulis nang boso jowo ne piye, secara ide-ide ne ae wis ono' ndhek sirah tapi nganggo bahasa indonesiaaaaa .... :)

pareng.

11 Komentar:

Pas jam 11:24 AM, Blogger Way nulis...

mbok ku solo, pakne bali, lahir gede neng jakarta. neng aku tetep rumongso angger aku wong jowo. neng ngomah yo ngomonge jowo karo mbok ku.

neng yo ngono jenenge wae cah ra duwe anggah ungguh, aku ra iso ngomong kromo ;p la wong ngomong ngoko we angele ra iram kok :D

Pareng bade ngunjuk teh rumiyen :)

Way

 
Pas jam 2:04 PM, Blogger isna_nk nulis...

ngomonge kenalanku nang internet ugo....

critane ngene... aku duwe kenalan bapak-bapak sing soko suriname, bapak iku simbahe wong jowo, dewekke lair nang suriname trus urip lan makaryo nang holland sampek saiki.. dewekke kenal aku ... lan bapakke blas ra iso ngomong jowo. ning bapak iki ngaku isih javanese banget.. lan anehe.. dewekke pesen karo aku supoyo tetep "be javanese" jare "javanese" iku "universal". dewekke iso sukses nang Holland iku amargo dewekke nyekel keukeuh sbg javanese, intine dewekke bangga dadi wong jowo, jare July pengin nang jowo, nggolekki sedulure sing isih ono/urip ...

 
Pas jam 3:39 PM, Anonymous Anonymous nulis...

lha opo'o judule meh mirip mbek postinganku? melu-melu wae.

sekalian ni: ada apa dengan menjadi wanita jawa? saksikan di rumah saya *promosi gaya dody - juga!*

kalian toh ya pada tau lek aku iku dudhuk wong jowo asli (100%) tapi mek numpang lahir di malang, mesiyo umur 10 pindah nang jakarta, moro boso jowoku berkurang.

lek ditanya aku bangga ta isa ngomong jawa? yo bangga, soale kakehan wong de jakarta yo soko jowo, dadi isa nyaurin boso jowo, seakan2 podho kampunge. (previlage yah?) hehehe..

 
Pas jam 4:01 PM, Anonymous Anonymous nulis...

ya oloo.. ada "wis ta la".. plis deh.. gak kuaaatt!! wakaka!

 
Pas jam 5:01 PM, Blogger Unknown nulis...

amargo aku wong jowo 100% di runut tekan paling pencrit leluhurku, yo jelas aku bangga dadi wong jowo, lha arep dadi wong ngendi maneh :D

 
Pas jam 10:10 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Aku sak jane ora ngerti, pakem2 dadi wong jowo iku sing endi se? wong jowo sing njawani iku sing kepriye? ono buku petunjuke gak?...
Aku nggoleki kitab "Pararaton", "Sutasoma", "Negara Kertagama" kok yo ora tau nemu.. :D eh tapi wingi nang toko buku ono "Serat Centini", iku isine opo yo?

ps. kanggo pakde wisa, kok sampeyan heran karo "wis ta la" to? iku bahas umum ning daerahku lo. ojo ngenyek yo :P

 
Pas jam 12:38 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Pakem ki opo to? Pakem Jowo sing endi? Lha jawi punika kathah subkultur-ipun. Tapi lek kon katene nggoleki siji-siji yo iso jane, rek. Yen sira bisa ngitung kabeh, tulis, ben inyong ngerti. Misuh wae ono lho mas subkulture, yen jowo tengahan, paling ngangone diamput, ning yen jawa etanan, akeh milih jancuk. Jancuk ki pisuhan entheng nggo wong jowo etanan, nggo wong jowo tengahan yo tetep abot. Ning pisuhan umum sing abot nggo kabeh wong jowo ki, yen nyandhak kewan: asu, babi, celeng, kirik, bajing, kucing, jaran lan sapiturute. :)
Saiki, jowo ki ra bab leluhur, ning bab cara urip, menawa ya, mas. Cara uripe wong Jowo ra? Tandane opo? hehehe, seneng ndagel. Yen ora doyan dagelan menawa dudu wong Jowo. (nggleges dhewe)

 
Pas jam 11:53 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Sak temene yen kito isa ngerti apa sejatine jawa iku tak jamin nileine inggil sanget. Rasane apo sing diarani pembangunan sak iki saktemene ngrusak nilei jawa. Pakem jowo iku dhuwur amerga isa digawe pituduh kang becik becik. Wong jowo iku rasional amarga yen wis "kepepet" metu lucune.

 
Pas jam 4:32 PM, Blogger Kiyat nulis...

aku kok yo malah bingung moco blog boso jowo koyo ngene yo. neng sirah marake ngelu.

nadjan urip/lahire neng jakarta yo kan arane tetep wong jawa lha kan lahir neng pulo jawa :P

 
Pas jam 11:19 AM, Blogger CINDELARAS nulis...

Bab 1.
Dadi wong jawa kok dipingini, kamangka dadi wong jawa iku abot lan akeh bilaine. Wong diarani jawa yen bisa jawa (ngerti) karo apa wae sing bisa diarani jawa, ya kabuduyane, ya adate, ya karo sedulure, ya karo bangsane, uga karo negarane (tanah jawa). Sepira anggone para sedulur kabeh bisa melu hangdarbeni, hangrungkebi. Abot, pancen ya abot banget. Nanging kuwi yen mudheng tur ya jawa kuwi mau.
Bab 2.
Emansipasi wanita. Apa sing kasebut emansipasi wanita? apa tegese mung wanita kudu duwe karier? Sepira pegawean sing bisa dilakoni ibu rumah tangga? sepisan dadi guru kanggo anake, pindo dadi perawat, katelu dadi nanny, kaping papat dadi wiraswasta pabrik susu (nyuwun sewu ya, kok saru, ning bener lho)kanggo anake sing isih nyesepi, kalima dadi penjait (ndondomi klambi sing dhedhel), lan isih akeh banget gunane. Yen dietung nganggo duwit mula ora gumun yen gajine ibu rumah tangga iku jutaan rupiah. Kanggone wanita karir, sepira akehe entuke duwit apa bisa diijoli nganggo ilange wektu kumpul karo anak? Efektif apa ora wayahmu golek duwit? Dak kira yen artine emansipasi iku mung olehe bisa nyambut gawe metu ngomah kok rasane ciut banget. Mbiyantu panguripan kulawarga iku gawean mulya, yen pancen wis ditenani arep diayani, tulung lakonana kanti temenan, aja sampe wektumu ninggal anak dadi muspra. Kepiyea wae, dadia wanita sing sak temene wanita, tanpa nyilikake tegese emansipasi, nanging kodrat saka Gusti Allah ora bisa diselaki. Yen pancen kepepet anggonmu urip, mula dadia wanita sing bisa mbiyantu ngewangi gegolek rizki kanthi cara halal tanpa nglalekake kodrate tumrap anak lan bojone.

 
Pas jam 9:35 AM, Blogger visitamaindonesia nulis...

jawa iku luwes basane amargo ono tingkatan2ne. dadi biso kanggo komunikasi karo sopo wae, nanging sing susah iku sinaune...
hayo.. sopo sing biso boso kromo sing komplit????
yen ono blog sing isine tentang olah bahasa jawa kasih info saya dong?!!

 

Post a Comment

<< Ngajengan