Obrolan Pinggir Kali

09 September 2005

Karo Kinoy, koncoku siji iki kawit jaman mbiyèn nèk ngobrol ngètan- ngulon ora nggenah. Nanging mesti kerepé akèh ngguyuné. Jan-jané yo ora kerep kontak. Nanging nèk pas kontak yo iso terus-terusan....tapi bar kuwi yo podho ilang menèh. Pokoké sak kelingané waé....sak perluné. Nèk perlu yo mesti podho pesen liwat email utowo YM. Kala-kala tetèlponan.

cik kadingarèn mbakyu, iku gundulmu mencorong kuning awan ngèné...

iyo. Aku prèi. Lagi nang ngomah. Ono taifu

enakééé....

hush *ikon mencureng*

hahaha. Eh kowé wis moco tulisanku durung?. Iku lho jilid loro-né wis tak tulis nèh.

wis. tapi ora kabèh. Ora nggenah isiné.

hahahaha....

lha kowe ngomongké swasono kuliah kalkulus sing isiné integral, diferensial kok dicampur aduk karo nggawé bothok godhong sembukan. Ditambahi pisan karo silsilah jeneng ilmiahé plus anatomi sembukan. Kuliah kalkulus opo biologi....

huahahahaha.....aku mbayangké kowé nulis ngené mesthi karo mencureng...

oraaak. Rugi mencureng karo kowé.. *ikon mencureng*

héhéhé.Tapi pancen dosen2 iku nèk ngajar tiba2 wae pindah topik. Topiké sering sejé adoh karo sing kudu diajarké. Tapi enak aé sih.... Kan mumet ugo nek 2 jam pelajaran mencureng karo integral thok.

iyo sih.
Aku sing paling seneng kuliahé Pak Yono. Masiyo aku kerep ngantuké amargo kuliah jam 9 isuk. Lan dino rebo wektu semono jadwalé aku olahraga lari muteri lapangan bola. Dadi bar subuhan mangkat, lagi mulih jam 7-an. Adus kramas, sarapan trus mangkat néng kampus. Tekan kelas yo mung kari turuné *ikon mringis*.

ck..ck..cik sehaté awakmu. Tapi kok yoo..isih kerep kerokan..
Iyo. Pancèn Pak Yono enak ngajaré yo...trus ugo akeh crito lan ngasih nasihat tentang urip...


ono kata-kata beliau sing aku isih eling nganti tekan seprené. Kadang awaké dhéwé kan nggresula marang kahanan. Kahanan sing ndadekaké awaké dhéwé mung dadi koyo ngené. Ora dadi koyo sing dikarepaké, sing luwih "sukses" manèh.
Trus sing disalahké lingkungan lan malah iso mrèmbèt nyalahaké wong tuwo sing dianggep nggedèaké awaké dhéwé ora sesuai karo sing dikarepaké awaké dhéwé. Mbanding2ké karo wong tuwoné konco liyané.

iyo..

ngendikané beliau, nek awaké dhéwé isih sok nggresula ngono, artiné kita tidak akan pernah menjadi dewasa kalau selalu menyalahkan lingkungan...yang dianggap menyebabkan kita jadi seperti yang ini, tidak jadi seperti yang itu seperti ekspektasi kita.

jan2né awaké dhéwé arep dadi opo kan yo awaké dhéwé sing mutuské. Lan gelem ora ngadepi kabeh konsekuensiné.

iyo. Lan nasihat iku mancep cep..nang sirahku. Luwih mancep nasehat iku tinimbang mata kuliahé sing aku wis lali blas héhé....

héhéhé...yo wis aku arep nerusaké kerjo..

monggo. aku arep turu awan *mèlèt*

3 Komentar:

Pas jam 1:04 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Mbak nek neng kene rodho ngimpi iso ngobrol neng pinggir kali, sing ono malah semaput gara2 aromane :D

Eni

 
Pas jam 2:14 PM, Anonymous Anonymous nulis...

baru ngerti nek ning YM ono kali-ne :D ning sisih endi to mbak? ben iso melu ngobrol ning pinggir kali :P

 
Pas jam 3:22 PM, Blogger Unknown nulis...

lho, aku nek YM-an karo koncoku iki rasane koyo nang pinggir kali je. aku thenguk2 mancing, dheweke angon bebek wek..wek :D

pengen melu to cak? sumonggo mawon..nanging kedah wantun sandangan lan samparan panjenengan gluprut lendhut :P

 

Post a Comment

<< Ngajengan