Gadung: Gak Athek Pulo, Opo Maneh Preman

07 September 2005

Lek udan wis mulai arang, tandane ketigo wis kate teko. Wayahe mlebu mongso ketigo. Wit-wit godonge mulai akeh sing kuning trus coklat. Angin molai nggebes. Godong-godong wit-witan podo rontok keterak angin kenceng. Lek angin nggebes ngene, paling enak dulinan layangan. Lek gak duwe duwek gawe tuku layangan, yo nggawe dewe. Pring kari ngethok nang barongan, kertas golek siso-sisone tindesane blangko nang kantor ndeso trus lem iso nggawe soko pathi. Paling-paling bolahe ae sing kudu tuku nang toko.

Tapi gawe arek-arek cilik sing durung iso ngulukno layangan, biasane dulinan layangan godong gadung. Godong sing wis coklat sebab wis garing. Kari nggolek sing ombo tur bunder bentuk-e, trus dikek-i tali, dadi wes layangan. Cumak gak isok muluk, dadi paling di tarik ambek mlayu-mlayu. Kecuwali lek pas angine ngguwebes-bes, layangane iso muluk dukuuur sampe wuwungan omah. Arek-arek cilik pasti podo surak kabeh, mencolot-mencolot kesenengen.

Sakbenere gak cumak godonge thok sing ono gunane, uwine gadung yo iso di pangan. Di krepek opo di gawe urapan karo parutan kelopo enom. Gurih tur uweeenak nemen. Wis tau nyubo? Lek durung cubo-o tuku nang pasar ngelayani dewe. Lek nggawe krepek dewe, ojo sembarangan lek durung ngerti carane. Sebabe gadung ngandung racun alkaloid padet yoiku dioscorine jenenge sing iso marai kejang-kejang koyok brekden-an.

Gadung sing jeneng ilmiahe Dioscorea hispida Dennst mlebu jenis wit-witan sing ngerambat. Wit iki asale soko negorone Amitabh Bachan, Indiya kono. Embuh piye critane iso teko kampungku nang nJombang. Gadung biasane nggolek rambatan wit liyo. Lek ngerambat dukure iso sampek sepoloh meter. Gadung batange cilik bunder akeh ri ne, lincip-lincip. Warnane biru sodo abu-abu trus ono lugute, putih. Godonge, godong majemuk. Onok telung godong sing bentuk e koyok jantung. Trus kembange muncul nyempil nang kelek e godong. Rupane koyok nekeran cilik-cilik ono wulune.

Uwohe, yo uwine iku ono ning ngisor lemah, kependem. Kulite warnane coklat enom, trus ono oyote, mirip koyok rambutan (dudu wuluan kan Sam?). Tapi rambute arang-arang. Gede uwine, sak ndase bayek. Lek lemahe subur, gedene iso sak ebor. Lek diiris, daging uwine warnane putih, ono yo an sing kuning gading. Liwat uwine iki, gadung ditandur. Cokop lebokno bolongan trus ditutupi lemah. Lek iso jerone paling kurang telong poloh sentian. Nandure paling enak ndek cidek uwit. Dadi ora usah nggawe lanjaran maneh. Lek gak yo kudu nggawe lanjaran gawe rambatane. Pucuke pring sing paling manteb.

Zat kimia sing dikandung uwi gadung antarane: dioscorine mau, saponin, amilum, CaC204, antidotum, wesi, kalsium, gemok (lemak), uyah (garam) fosfat, protein, dan pitamin B siji. Lek jare mbah Propesor Hembing Wijayakusuma, uwine iso gawe jamune boyok en (rematik), kusta, nguyuh legi (kencing manis), nyeri pas mens, borok en, karo kapalan. Yok opo-yok opo cara nggawe karo ngeracik jamune, lek koen kepingin eruh, tuku o ae buku Tanaman Berkhasiat Obat sing ditulis mbah Propesor.

Sak mene sek yo rek! Joko sembung kesrimpet, bakal disambung lek sempet. Disambung cara nggawe krepek gadung.

3 Komentar:

Pas jam 8:51 PM, Blogger Unknown nulis...

kok dadi kelingan acara dari desa ke desa yo..:D

sampeyan pantes dadi petugas penyuluh pertanian hehe...

yo wis ditunggu piye carane nggawe kripek gadung ben sing mangan ora breakdance-an :D

 
Pas jam 10:08 PM, Anonymous Anonymous nulis...

alkaloid, dioscorine, saponin, amilum, antidotum, iku opo sih cak? aku ra ngerti... Ora ono cara jawane tah? :D Lha sampean ngerpek soko ngendi to?

Aku ra tau ngerti bentuk wit karo wohe Gadung. Ngertine mung kari "krauk-krauk" nyaploki kripike :D

 
Pas jam 10:01 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Ket cuilik wis dicekoki gadung. Sok-sok dibakar, sok-sok dikukus. Enak kabeh. Opo eneh nek dipangan pinggir sawah.

 

Post a Comment

<< Ngajengan