Ann Arbor lan Semarang

25 November 2008

[Seratan punika inggih dipunkirim dening muridipun Mbak Etty, ingkang mulang basa jawi wonten Universitas Michigan, Amerika. Bingah sanget saged masang tulisan basa jawi saking tiyang mancanegari wonten blog punika]


Nek Ann Arbor dibandhing karo Semarang, ana akeh sing ora padha. Wiwit saka sing rada nyata, jumlah penduduk ing Semarang adoh luwih akeh ketimbang Ann Arbor. Ora mung iku – wewengkon kutha Semarang uga luwih jembar. Sing nyata uga: Semarang cedhak samudra lan Ann Arbor adoh saka samudra. Ora ana wedhi ing Ann Arbor. Senadyan Ann Arbor adoh saka samudra, kutha iku cedhak "Danau Agung", danau gedhe banget sing isine banyu tawar. Ana akeh beda sing liya. Contone, ana gunung cedhak Semarang, nanging Ann Arbor rada 'rata'. Pramila, luwih gampang numpak pit ana kene timbang numpak pit saka Semarang Ngisor nganti Semarang Ndhuwur.

Ana beda gedhe bab cuaca. Ing Ann Arbor, wektu mangsa adhem temenan adhem nganti mudhun salju. Nek ing Semarang, ora mungkin mudhun salju. Kanggo wong Semarang, Magelang iso dadi "adhem". Kene ora iso dibayangake.

Ing Ann Arbor, ana universitas sing gedhe lan sabab iku, ana akeh mahasiswa. Senadyan ana universitas-universitas ing Semarang, proporsi mahasiswa ing Ann Arbor ketimbang ing Semarang luwih dhuwur. Ongkos urip ing Ann Arbor dhuwur banget ketimbang ongkos urip ing Semarang. Yen ing Semarang kos iso ditemokake $27.00 per wulan (kurang luwih Rp. 250,000). Ing Ann Arbor sing murah banget iso ditemokake $250.00 per wulan (kurang luwih Rp. 2,250,000). Pangan lan ongkos transportasi uga luwih murah ing Semarang.

Ana akeh sing padha. Contone, ana akeh restoran lan warung ing rong kutha iku. Mbok menawa merga akehe pemuda lan mahasiswa, restoran lan warung iku bukak nganti bengi-bengi. Yen Semarang, burjo lan warung nasi kucing utawa warung kopi sing rame. Kene bar-bar lan warung kopi sing rame banget, utamane malem Setu lan malem Minggu.

Sing padha liyane, Semarang lan Ann Arbor ana daerah industri. Senadyan dudu Ann Arbor, nanging daerah sing cedhak saka Ann Arbor, bab iki isih padha. Dhisik, ana akeh pabrik ing daerah sing cedhak Ann Arbor lan nganti saiki isih ana pabrik-pabrik ing Semarang.

==*==



Nami kula Saul lan kula asal Amrik.
Rumiyin, kula manggen wonten Indonesia.
Sakpunika, kula mahasiswa wonten Universitas Michigan

27 Komentar:

Pas jam 11:59 PM, Anonymous Anonymous nulis...

matur nuwun sanget, nggih Mas Q, sampun dipunmuat seratanipun.
sakpunika sampun lega, hehehehehe....

 
Pas jam 12:03 AM, Anonymous Anonymous nulis...

kaping setunggal

nate manggen teng indonesia
pundi kuthonipun???

embong no pinten??

embong=jalan
kata ini banyak digunakan di jawa timur

ampun kesupen ngih??
mampir dateng ngriyo kulo

 
Pas jam 12:06 AM, Anonymous Anonymous nulis...

huuhhhhh

jebule awakku sing nomer loro
*ngoyor numpak andong

 
Pas jam 12:39 AM, Blogger teresa nulis...

This comment has been removed by the author.

 
Pas jam 12:41 AM, Blogger teresa nulis...

hahaha, Mas Teguh, sante wae...wis kulina komen nganggo "Pertamax TM" ya.... nuwun sewu, kedhisikan aku... :p

 
Pas jam 1:01 AM, Blogger silvia nulis...

mas saul...ngapunten..kulo nganggo boso ngoko suroboyoan yo..ora pinter njawi koyo mbak etty.
Tulisane wis apik. Top markotop!!!
mengko dienteni tulisan jilid loro yo!!

 
Pas jam 1:45 AM, Blogger daisy nulis...

Waduh Cak Saul, misale ning Semarang ana salju, isa mati wong-wong=)

 
Pas jam 5:10 AM, Anonymous Anonymous nulis...

mas Paul nyerat : "...penduduk ing Semarang adoh luwih akeh ketimbang.."

Ingkang langkung baken (baku/standar): "..penduduk ing Semarang luwih akeh banget ketimbang..."

Seratanipun mas Paul sampun sae. Jebul mondhok neng Ann Harbor wae Rp 2 juta/sasi luwih. Larang, yo?

 
Pas jam 5:15 AM, Anonymous Anonymous nulis...

nuwunsewu, aku mau arep nulis Saul kleru Paul.

 
Pas jam 6:19 AM, Blogger escoret nulis...

Saul lan boso jowone lancir tenin..
kui jambang plasu opo pasangan? "LOH".


Ojo salah ? semarang ning panggonku kost adem banget nek bengi.

eh,sampeyan durung tahu ke mbandungan tho..????

kapan-kapan tak jak dolan mrono wes...adem byiangett..!!!

*masang jebakan *

 
Pas jam 6:31 AM, Blogger Mardee W nulis...

sinau boso jowo wes pirang tahun [po pirang sasi] mas Saul? koyo'e kok wes lanyah men boso jowone..

 
Pas jam 12:56 PM, Anonymous Anonymous nulis...

kulo boten iso boso jowo ...*demn* ...boten ngertos blas

 
Pas jam 2:54 PM, Anonymous Anonymous nulis...

remen sanget jebul nemu blog basa jawa ugi wonten mriki.

salam tetepangan
sumangga pinarak dateng kawruhjawi.wordpress.com


mtamim
mtamim.wordpress.com

 
Pas jam 6:09 PM, Anonymous Anonymous nulis...

semarang nduwe salju mas, tapi ning njero kulkas..hehehe...

 
Pas jam 3:13 PM, Blogger ikhsan nulis...

hehe..., jebulane wong amrik okeh sing biso boso jowo ya....

 
Pas jam 5:40 PM, Blogger sesy nulis...

wah, rasane kaya wong semarang nulis nganggo basa jawa yogjanan. he he he. tapi alus lho tulisane. gurune sukses kie..........

 
Pas jam 6:01 AM, Blogger Saul nulis...

Nuwun Duka, kirang pinter basa Jawi. Dereng lancar -- taksih sinau. Ingkang sae, amargi Mbak Etty, ingkang salah, salah piyambak.

 
Pas jam 2:51 PM, Blogger Unknown nulis...

Kang Saul .. sampeyan boso jowone ok banget kang..lanciiir . Kang sampeyan
wis iso maen kethoprak mataram...
Tenan lho kang aku percoyo sampeyan
yen kerso maen kethoprak ...dadi hiburan.. suuueeeger. Salam kangge kaluargo wonten amrik.. Nuwun.

 
Pas jam 9:10 PM, Anonymous Anonymous nulis...

muantap mas Saul, salam kenal nggih.. jenengan sinau basa jawa wonten pundi? kok sampun wasis nulise.. saluut.
dadi kepengen tukeran link kaliyan jenengan, tukeran link nggih? matursuwun...

 
Pas jam 10:34 AM, Anonymous Anonymous nulis...

badhe nderek jagongan ...
wah, lik Paul sampun awis sanget basa nipun ... kapan maning pinarak wonten nageri java :D .. boso kromo saged mboten sampeyan ... pokok e Gaul Banget Lik Paul ... =)

 
Pas jam 10:13 PM, Blogger Simar Ngejowantah nulis...

mas saul kolo mbok diwenehi ym-nipun mas saul.., mbok menawi kulo mengke gadah rejeki tindak'an dateng ann arbor..

 
Pas jam 5:33 PM, Blogger Unknown nulis...

Wah....bule wae bisa basa Jawa apik tenan. Awake dhewe sing asli Jawa malah akeh sing "bangga" ngomong basa manca.

 
Pas jam 7:30 PM, Blogger Unknown nulis...

SALUUUUTT....TPO MARKOTOP....MUANTEB TENAAN.....bule iso njowo...aku ae ora iso alus...salam buat temen-2 ya Mas Saul,kapan-2 mampir ke Pacitan....

 
Pas jam 8:48 PM, Blogger Unknown nulis...

wah...sae saanget nggih mas Saul, saged atur cerito mawi basa jawi, ngoko utawi kromo mboten menapa. ingkang prayogi kagem sedanten mawon, tansah nyobi nguri-uri mawi serat utawi pangandikan...sae punika, nuwun.

 
Pas jam 10:47 PM, Blogger geni19 nulis...

MAS SAUL, MBOK KULO DIPUN WENEHI YM, SUPADOS SAGED DADOS PASEDULURAN, NUWUN.

 
Pas jam 7:43 PM, Anonymous Anonymous nulis...

salam kenal mas saul .kulo remen sanget dumateng , sanged maos tulisan mas saul tntang semrang lan sak sekitaripun.. mampir ting dalem kulo mas saul ,bilih wonten kuto semarang, kulo saking ungaran .

 
Pas jam 3:30 PM, Anonymous Joni nulis...

mas saul sakniki teng pundhi

 

Post a Comment

<< Ngajengan