Kuthaku

18 November 2008

[Tulisan punika dipunserat dening tiyang Amerika ingkang saweg sinau basa jawi wonten Universitas Michigan. Gurunipun, inggih punika Mbak Etty ingkang asli Salatiga, nyuwun supados seratan punika saged dipunpasang wonten blog padhang mbulan. Matur nuwun sanget Mbak Etty kalian Mas Nata :) ]


Aku wong Amerika. Aku saka kutha jenenge Toledo sing ora gede nanging ora cilik. Toledo kuwi luwih gede ketimbang Solo nanging luwih cilik ketimbang Jogja. Aku uwis ngerti Solo lan Jogja amarga aku nate manggon ana Jawa. Dalan ana Toledo ora sarame dalan ana Jogja. Nek kowe menyang Toledo kowe mesthi kesepian amarga ora ana angkringan, pedagang kaki lima, kebo, andong, utawa akeh wong sing mlaku-mlaku. Ana Toledo akeh wong numpak montor roda papat. Sithik wonge sing numpak brompit (sepeda motor). Ming anak-anak sekolah kerep mlaku-mlaku bae. Nanging, kala-kala wong amerika seneng mlayu ana dalan uga supaya ora gendut lan rosa.

Nek kowe ngelih ora isa mangan ana warung ya, dadi kudu nggoleki restaurant. Ana Jogja McDonald’s utawa KFC rada mewah nanging ana Toledo ora pati larang. Jebule sing luwih larang kuwi panganan Asia kaya sega! Arep masak dhewe? Kowe kudu blanja ana swalayan amarga ora ana pasar. Nek ming arep jajan isa menyang pom bensin uga amarga saben pom besin ana kios cilik sing ana omben-omben lan panganan cilik.

Wong Jogja kerep mlaku-laku karo kanca nanging ana Toledo luwih kerep dhewean. Aja merasa kesepian nek ora mlaku bebarengan. Nek arep ketemu kanca-kanca, isa ana café, bar, 'bowling alley' utawa omahe bae.

Ana Toledo, wong sugih manggon ana pinggiran kutha. Wong kere kerep manggon ana kampung kutha sing ana omah-omah sing luwih tuwa. Mahasiswa sing wani seneng manggon ana kampung kutha uga amarga omahe ora larang lan menarik amarga ana akeh macam wong.

Mangga nekani kuthaku ya!

7 Oct 2008
Nat Tuohy
(Jenengku Nat utawa "Mas Nata". Aku mahasiswa ana Universitas Michigan lan entas mulai sinau basa Jawa.)

40 Komentar:

Pas jam 5:11 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Matur nuwun, nggih Mas Q.

 
Pas jam 5:25 AM, Blogger escoret nulis...

walah,aku tiwas mikir bukan KUTHAKU...nanging..KUTANGKU....!!!

aku yo due konco ning kingsburg,biyen sempet bisnisan kerajinan tangan .

anggo mas nata,ojo bosendolan jogja yo..???

 
Pas jam 5:31 AM, Blogger alifur nulis...

ndherek mampir nggih

 
Pas jam 5:34 AM, Anonymous Anonymous nulis...

itu yang ngepos bule? sangar men...

 
Pas jam 5:49 AM, Anonymous Anonymous nulis...

wah basa jawinipun sampun sae mas :D
salam kenal nggih

 
Pas jam 5:51 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Adhimas Nata, anggonmu olah basa Jawa wis lanyah, kayata wong Jawa dhewe. Anggone ngagem busana Jawi uga pantes. Sampun saged ngagem basa krama kaliyan krama inggil menapa dereng?

 
Pas jam 7:36 AM, Blogger Unknown nulis...

matur nuwun mas smapun ajar boso jawi, kula remen sanget ugo sampeyan sinau boso jawi..
menawi wonten rejeki linuwih kulo bade dolan mriko..

suwun

novpras aka K1n6k0n9

 
Pas jam 8:11 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Wah basa Jawa-ne wis lancar, selamat nggih...

 
Pas jam 8:32 AM, Blogger I was here nulis...

Mas Nata, boso jowonipun sampeyan sampun sae nggih. Kulo nggih gadah konco raket utowow mas angkat saking detroit michigan.. kulo nggih ewuh, kulo wong Njowo asli naming boso jowo kulo mboten sae.. isone boso Jowo ngoko thok.

 
Pas jam 8:54 AM, Anonymous Anonymous nulis...

wah, mas nata ki pinter tenan nulis kalimat boso jowo. nanging, ndak yo nek ngomong jowo dadi koyo chinta laura ngono?? :-P

 
Pas jam 9:00 AM, Anonymous Anonymous nulis...

sangar ik mas e
saluuutttt
kapan2 mampir ng semarang mas

 
Pas jam 9:14 AM, Anonymous Anonymous nulis...

great job!!!

 
Pas jam 9:21 AM, Blogger -wie- nulis...

Mas Nata,

Boso Jowo ne wis apik banget.

Kapan arep neng Indonesia maneh?

Mengko tak ajari nganggo boso jowo kromo inggil

uwis diajari Mbak etty boso jowo kromo inggil durung?

*kok aku kagok dewe yo? (mesti nata ora dong iki)

 
Pas jam 9:43 AM, Blogger Unknown nulis...

I proud of it...
Aku yo wong Jawa, tapi malah ga tau posting nggo basa Jawa. Jadi malu sendiri...

 
Pas jam 11:08 AM, Anonymous Anonymous nulis...

pancen leres kok, menawi badhe maem sego, reganipun awis nggeh ??




*salam saking tiyang temanggung ingkang nyambut damel dateng semarang*

 
Pas jam 3:20 PM, Anonymous Anonymous nulis...

wah...10 jempol kagem mas nata...

mugi2 tumprap postingan mas nata punika, budhaya lan basa jawi saged lestantun...

-proud javanese-

 
Pas jam 4:33 PM, Blogger Mardee W nulis...

arang-arang ono blog sing nganggo boso jowo...

salut buat sampeyan mas...

 
Pas jam 8:26 PM, Anonymous Anonymous nulis...

wah mase sing nulis ngganteng ik... kagungan sedulur adik wedok mboten mas? nek kagungan salam nggih saking raden mas hars cokrodinoto mangunkusumo noto negoro dados sedoyo.

nggihpun mas kulo pamit rumiyin..
ojo lali yo mas... kulo tunggu balesanepun

 
Pas jam 9:14 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Kang Mas Nata, Kulo rumaos seneng panjenegan sing wong Amerika bade sinau boso Jowo.

Maturnuwun saget

 
Pas jam 6:57 AM, Blogger Ninanita nulis...

Apik tenan Mas, sampun kados tiyang Jawi panjenengan punika :)

 
Pas jam 10:40 AM, Blogger Dee nulis...

Sampun sae punika postinga-an ipun
Monggo dipun teraske kemawon

 
Pas jam 11:34 AM, Blogger daisy nulis...

Cak Nat, aku dessy saka suroboyo, boso jowo e yo, suroboyoan hehe! Wes apik postingane! Aku seneng temen ndelok ono bule gelem sinau ambek ngregani boso liyane! Huebat! plus guanteng hehe!

 
Pas jam 10:03 PM, Anonymous Anonymous nulis...

wah, sampun kathah ingkang mampir, nggih. matur nuwun sanget lho.

nuwun sewu Mas Nata malah dereng saged mbales komentaripun, amargi nembe 'kebrugan' kathah PR, hehehehehe..nanging mangkih mesthi matur piyambak kaliyan panjenengan sedanten, bingahipun kathah ingkang maos seratanipun.

Jeng Dessy, Iowa mbek Ann Arbor kan cedhak ae ta, ayo mrene bae...hehehehehe...

 
Pas jam 3:18 PM, Anonymous Anonymous nulis...

wah ndherek bingah kagem mas nata ingkang saged nyerat ngangge basa jawa..
mugi-mugi menawi mas nata sempet mlampah-mlampah malih dateng yogya mboten kesupen mampir dateng semarang.
Semarang menika kutha langkung ageng dening solo utawi yogya, panggenanipun leres sebelah lor kutha yogya. Langkung benter amargi celak kaliyan pantai lor kaliyan langkung rame amargi dateng semarang menika wonten pelabuhan ageng.

sepisan malih salut kagem mas nata.

 
Pas jam 12:19 AM, Blogger smartilicious nulis...

lha menika malah kula ingkang bingung maca postinganipun panjenengan...mosok kutha panjenengan luwih gedhe katimbang sala nanging luwih cilik katimbang yoja...lha piye kuwi? ha wong sala karo yoja ki gedhe sala je;)

ha ning ya ra papa, wong sing nulis ya wong bule lho...wis hebyat ki ana wong bule isa nulis jawa nganti kaya ngene...ha ki para inlander banjur kapan anggone miwiti nggawe blog basa jawa?:D

 
Pas jam 1:06 AM, Blogger silvia nulis...

kanggo cak nata,
yen wong jowone, namung aku ora bisa cetha ngomong boso jowo inggil.sepurane y mas..
mas nata, boso jowone wis cihuyyy...sopo dhisik gurune..:))

 
Pas jam 5:36 PM, Blogger Asri Wijayanti nulis...

Mas Nata,
Ndherek tepang, kula Asri, rencangipun Mbak Etty ingkang nembe ngangsu kawruh wonten SUNY Albany.

Kula bingah, sumerep tiyang Amerika kados panjenengan ingkang saged tinutur Basa Jawi kanthi sae sanget. Mbak Etty punika pancen guru ingkang sabar lan tumuhu, dipun tambah muridipun pinter-pinter kados panjenengan, inggih sampun mesthi menawi hasilipun sae. Kula badhe atur panghargan amargi panjenengan sedaya sampun nguri-uri kabudayan Jawi. :)

 
Pas jam 4:02 AM, Blogger Sunata Utama nulis...

This comment has been removed by the author.

 
Pas jam 4:03 AM, Blogger Sunata Utama nulis...

Matur nuwun kagem sedanten postingipun, kula bingah amargi katah tiyang Jawi maos tulisan kula sanadyan tulisanipun mboten sae. Nuwun sewu inggih, kula nembe nyerat wangsulan punika. Dosen kula, mbak Etty, pancen ampuh. Piyambakipun kedah 'ngasta banter' mulang tiyang Amerika kados kula!

Adik wedok? Mboten kagungan H4rs, nanging kula kagungan adik lanang. Ampun susah inggih.

Mbak Asri, kula remen pikantuk wangsulan saking rencangipun Mbak Etty. Mugi-mugi remen Albany. Saged mirsani pemilu lan kemenangan Obama??

 
Pas jam 3:01 PM, Blogger Yulisant Yulianti nulis...

Nat,

Ya ampun,aku acungi jempol dua buat basa jawamu sing alus lan apik. Aduh, aku dadi isin karna basa jawamu lebih baik daripada aku sing wong jawa.
Matur nuwun sanget sampun nguri uri kabudayan lan basa jawi....

Yully

 
Pas jam 12:28 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Wah,sampun sae basa jawinipun,kapan badhe tindak dateng solotigo maleh?Mangkih ngajari boyscout ngagem basa jawi logat amerika,he,he.Kulo tenggo kabaripun.

Salam,nur.

 
Pas jam 9:48 AM, Blogger nenyish nulis...

Mas Nate,

Jebule basa Jawane wis apik tenan. Ngerti ngono wingi ning Salatiga ora usah sinau basa Indonesia. Wis nganggo basa Jawa wae!

Salam saka bekas guru sing basa Jawane wis gruthal-grathul!

 
Pas jam 3:50 AM, Anonymous Anonymous nulis...

sugeng pitepangan
kadhosipun mbenjang anak puthu kulo lajeng nyuwun wuruk kaliyan piyantun londho....dadi guru boso jowo di undang nang njowo ....mergo anak putuku wis raiso boso jowo...
suwun...suwun...suwun

 
Pas jam 6:25 PM, Anonymous suroso nulis...

wah ki ana bule isa ngomong Jawa....Jan Mas Nata ki jan manteb tuenan.........

 
Pas jam 9:25 AM, Blogger sun nulis...

wah wah wah, ndherek bingah, ndherek seneng, kok jebul panjenengan saged basa jawi kanthi sae mas londo hehehehe
iki gurune hebat, muride yo ora kalah pinter..
:)

 
Pas jam 11:56 AM, Anonymous aryo nulis...

wah hebat ya
matur nuwun yo mas

 
Pas jam 8:56 PM, Anonymous basyonk nulis...

Mas Nata...
Mangan ora mangan seng penting kumpul.
hahahaha

 
Pas jam 10:45 PM, Anonymous yo666i nulis...

ijin copas ke facebook saya mbak..
saya LInk kan kesini nanti..

 
Pas jam 1:22 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Mas Nata ingkang kula tresnani, kula rumaos lingsem sanget amargi minangka tiyang asli Jawi malah kirang nggatosaken babagan basa Jawi, nanging panjenengan kula acungi jempol kersa nyinaoni basa Jawi, malah kepara sampun lancar. Kula kepengin sanget pitepangan langkung caket kaliyan panjenengan. Alamat kula SMA Kesatrian I Semarang, Indonesia, Jawa Tengah. Alamat kula ing kacamaya inggih punika http://kidwijapurwa.blogspot.com utawi http://ki-dwijazentika.webnode.com

 
Pas jam 8:15 AM, Anonymous Anonymous nulis...

wow!!

#kamitenggengen...

lingsem...
-_~"

 

Post a Comment

<< Ngajengan