Bu Teg, Bu Was.....Bu To (2)

03 December 2008

Maos seratanipun Kangmas Teguh S kulo langsung mak jegagik! Lha pripun bapak kula menika naminipun Pak Prapto je.. Ananging margi kito sedoyo meniko japhe methe, nggih mboten dados menopo. Rak injih to?

Nepangaken..
Kula Hajar, asli saking satunggaling dusun wonten tlatah Sleman Nyayogyakarta. Sakmenika saweg nunut pados lawuh wonten ing Beograd, Serbia. Satunggaling nagari pecahanipun Yugoslavia.. Menawi kahananipun, nggih mboten tebih kaliyan wonten ing Pacitan, Rongkop utawi Tepus..

Menawi ngendikan nami, kula nggih gadhah tonggo ingkang naminipun dipun tambahi bab utawi kahananipun tiyang menika.

1. Bu Noto, pedamelanipun juragan tempe.. naminipun dados Bu Noto Tempe.
2. Lik Yo, Gadhah bengkel sepeda ingkang sampun kondhang kaloka, misuwur sak donya..naminipun dados Lik Yo Jengki.
3. Pakdhe Harto, sedherek kula ingkang gadhah kios klopo wonten ing Pasar Tempel..dipun celuk Harto Krambil.

Lan taksih kathah lintunipun..

Slah-slahan menika inggih asring dipun agem ugi kagem nyebut nami wonten ing paseduluran.. umpaminipun.. "Wah.. mbakyumu Jakarta kae kapan le mulih?" utawi "Aku wingi nginep seminggu nenggone Pakdhe mBanyuwangi, Mbok.."

Menopo panjenengan ugi gadhah 'gelar' menika?

:::- h j r -:::


Dipunserat dening Mas Hajar Pamundi,
ingkang saweg ngasto wonten Beograd, Serbia.
Matur sembah nuwun sanget...

9 Komentar:

Pas jam 12:17 AM, Anonymous Anonymous nulis...

tepangaken, kulo SLAMET MESUM
:D

 
Pas jam 1:26 AM, Anonymous Anonymous nulis...

ndherek pitepanagan kula, om Bertus saking mBantul. Badhe urun rembug, bab "gelar" kula pengin nambahi, menawi saged kadang sutresna sampun ngantos ngingah' munyuk" margi panjenengan badhe pikantuk sebatan utawi panggilan:....(anu) munyuk. He....he, rak inggih ngaten ta.
Tumrap ingkang remen nggurit, mangga kersoa pinarak ing blog kula: www.sekarratri.blogspot.com.
Nuwun.

 
Pas jam 10:18 PM, Anonymous Anonymous nulis...

tepangaken, menawi kula, Goenoeng. mboten amargi kula juragan gunung utawi saking nggunung. nami kula goenoeng. :D

 
Pas jam 8:16 AM, Blogger All about share ideas nulis...

mas, "menika" di pun serat punika,
"nate" nggih "nate" mboten dados "natos". Ingkang leres "inggih" mboten "injih". "injih" punika malah klintu. Nggiiiiih ?!

 
Pas jam 5:36 PM, Anonymous Hajar Pamundi nulis...

Matur nuwun kagem kang mas metvacetz ingkang sampun ngleresaken atur kula.. matur sembah nuwun.

 
Pas jam 6:02 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Haduh... koq dadi kuatir yoh? Lha sak iki lagi gawe sentra penggemukan sapi je. Mengko gek jenengku dadi Yusuf "Sapi". Katiwasaaaannnn...

 
Pas jam 7:47 PM, Anonymous re-saintazkiya nulis...

Nuwun sewu Bu To punika ibu kula, garwanipun Pak Suharto

 
Pas jam 2:57 PM, Anonymous pupuk organik nulis...

pupuk organik : penggunaan pupuk kimia ini sering kali tidak diimbangi dengan pupuk organik.

 
Pas jam 3:57 PM, Blogger ir doyox nulis...

Nderek Tepang Kulo ir Doyok,
Menawi bab Sesebata utawi ing dusun kulo diwastani "ganjaran", meniko sampun dadus satunggaling bab ingkang lumrah tur sampun turun temurun, malah.

o inggih kulo sangking tlatah Baturetno Wonogiri dusunipun Kedungombo ugi kawastanan mBeran, kulo piambak gadah ganjaran Doyok, sangking rencang2 lan mboten mangetos sebab musabapipun dos pundi. Lan sesebatan meniko nemplek ngantos dinten sakniki, malah kulo tambahi "ir" ing sak ngjengipun (supados ketingal keren...:p)
ngantos ngantos moro sepuh kulo ngertos jeneng asli kulo naliko pas acara Ijab kobul kalih yoganipun

Sesebatan meniko wonten ing dusun kulo kados sampun membudaya, botennamung sesebatan Bu carik Bu lurah, Bu guru ugi katah sesebatan ingkang sanesipun kados bapak kulo kasebut Jobros, mbah kulo Mikun,pakde kulo Ndongloh paklik kulo Uthis lan kathah sanesipun.


cekapse manten rumiyin matur, suwun

 

Post a Comment

<< Ngajengan