Njawani

16 June 2005

Lair soko wongtuwo sing asli Jowo, jelas ndadekke aku duwe gelar wong jowo juga. Tapi yo masiyo ngono ora moro2 aku dadi wong jowo sing ngerti budaya jowo lan duwe tindak-tanduk layake wong jowo. Mergo iku ditentokke soko opo sing tak pelajari teko lingkunganku.

Aku jane ora lair ning panggonan sing budayane jowo. Baru pirang taun kemudian keluargaku balik ning kampung halaman, ning kono aku digedhekke dadi wong jowo. Tapi sakjane ngono aku iki ora pati paham karo budaya jowo.

Ora Ngerti Wayang

Aku ora ngerti wayang, ora iso mbedakke sing endi wayange tokoh iki, sing endi tokoh iku. Crito2 wayang aku yo ra pati dhong. Palingan cuma ngerti keluargane Pandowo lan sethithik silsilahe. Seneng moco cerito wayang baru waktu ono cerito wayang mingguan "Wayang Mbeling" ning koran Jawa Pos tulisane Ki Sunu. Iku juga seneng mergo iso ngguyu2 mocone, dudu mergo pengen ngerti sejarah pewayangan. Saiki yo wis lali kabeh piye iku ceritane.

Mungkin iku mergo pengaruh lingkunganku juga. Ning Malang, sing jenenge wayang emang ra pati ngetop. Tontonan wayang kulit sewengi muput sing biasane dadi tontonan sing paling dienteni ning kutho sing jowo banget, jarang ono ning Malang lan sekitare. Yen ono juga, ora ono wong sing tak kenal ngajak aku nonton. Ning keluargaku memang ora ono sing duwe lan majang koleksi barang2 pewayangan, macem wayang kulit, utowo gunungan, lan sapanunggalane.

Wayang koyoke luwih identik karo budaya jowo soko keraton Solo-Jogja. Nek Malang luwih dipengaruhi budaya jowo suroboyoan sing rodo kecampur Meduro. Budaya Solo-Jogja luwih keroso ning jawa timur bagian kidul-kulon, koyo ning Kediri lan Madiun. Bagian kidul-wetan malah luwih cedhak nang Meduroan, lan sing ning lor umume melu Suroboyoan.

Pas kuliah aku ketemu akeh konco soko daerah sing dipengaruhi budaya Solo-Jogja iku. Konco2ku itu umume ngerti soal wayang. Kenal tokoh2e, apal ceritane. Seneng karo tembang2 jowo kuno lan lagu campursari, Ugo ngerti lan nerapake filosofi jowo. Bedo karo aku sing ora ngerti babar blas soal iku.

Aku lan Gamelan

Tapi ono budaya jowo sing sempet dadi bagian kegiatanku, yoiku gamelan. Aku sempet dadi pengrawit ning sekolahan. Pas SD, sekolahanku duwe gamelan, aku melu2 belajar carane main. Ning SMP aku juga melu kegiatan nggending. Memang cuma belajaran, nek nganti tampil paling mung mainke gending jowo pas ono acara perpisahan ning sekolah. Tapi pas SMA ora ono gamelane, dadi ora iso nuthuk2 maneh :P

Wayah kuliah, lha kok aku yo mbalik maneh dulinan gamelan, gabung karo unit kegiatan karawitan. Ning kene yo sik belajaran, tapi wis mundak kelase. Tau dadi pengiringe tarian, ngiringi ketoprakan. Terus sing paling nyenengke iku pas ngiringi grup ludruk soko kampusku sing sering manggung ning njobo, mulai soko manggung ning hotel nganti syuting ning stasiun tipi swasta.

Tapi terus terang ae, meski aku cukup akrab karo gamelan, aku durung iso nikmati gending2 jowo. Tenanan iki. Aku iso nikmati yen aku dadi pengrawite sing main gending jowo iku. Tapi nek dikongkon ngrungokke gending jowo kanti tenanan... aku bakalan blank :P

Dadi sakjane aku iki dudu wong sing sueneng banget karo gending jowo nganti bola-bali melu kelompok pengrawit, tapi sing tak senengi iku aku iso dadi bagian soko unen-unen musik sing apik. Iso melu nuthuk2 salah sijine alat karawitan iku ngikuti irama bareng alat liyane nganti dadi unen-unen gending sing apik iku jan nyenengke tenan lo...(bingung aku nerjemahnone :P)

Njawani?

Aku dhewe ra ngerti, opo aku iki cukup njawani. Opo tindak-tandukku sedinane iku iso mewakili tindak-tanduke wong jowo, aku ra ngerti. Sing iso nilai yo wong liyo. Tapi tau ono uwong sing ora nyongko nek aku ini wong jowo, kok ngomonge gak medok?, jare ngono. Lha iyo, aku baru medok nek aku ngomong jowo, nek ngomong boso indonesa yo logate bedo yo ;)

Tapi aku dhewe ora pati ngreken, opo aku iki isih njawani opo ora. Mungkin mergo aku gedhe ning keluarga lan lingkungan sing ora ndadekke budaya jowo sebagai pedoman sedina-dinane. Keluargaku luwih nganggo aturan agama sing dadi pedoman sedinane.

Sing jelas, aku nek liwat ngarepe wong sing luwih tuwo aku tetep mbungkuk karo tangan mengisor. Njogo unggah ungguh lan sumeh marang tamu. Karo wong tuwo nek arep nuding nganggo jempol. Opo iku to sing diarani "njawani"?...

ps. versi boso indonesia-ne iso dideleng ning kene :D

6 Komentar:

Pas jam 9:32 AM, Blogger Unknown nulis...

aku pernah panembromo (koor) nyanyi jowo pas SMP, isih kelingan lho lagu2ne;)

nek crito wayang aku seneng banget, mbiyen nek malem minggu nang paseban alun2 ngarep kabupaten, ono wayang kulit sewengi muput. aku kerep ndelok, tapi sing sejam terakhir pas bubar subuhan...sekalian mlaku2 esuk karo tuku srabi :D

ing crito wayang iku akeh tuladha sing iso di jupuk. sing paling aku senengi iku crito kakang-adi: Sumantri-Kakrasana :)

 
Pas jam 9:39 AM, Blogger Nauval Yazid nulis...

sing ta' dhelok dhewe se, mas Q iki ono potensi lah dadi priyayi jowo, secara fisik wis ono bakat soale, hehehehe ...

aku dhewe koq yo seneng2 ae dadi wong jowo, tapi mbendina koq tingkah laku iki suwi2 ora njawani maneh tho yo ...

 
Pas jam 1:53 PM, Blogger isna_nk nulis...

secara aku jare yo solo.. simbahku solo aseli. ning sing jenenge wayang ki aku ra tau nonton... males.. ra mudheng omongane... tur yen ra ngerti silsilahe wayang podho wae ra ngerti critane...

gamelan pas SMP aku ora melu.. aku malah melu liyane.. pelajaran boso jowo rodo seneng... amargo pak gurune nyenengke, seneng ngajak crito-crito.. ning yen kok among boso jowo alus.. aku trimo nyerah... mending meneng yen nang ngarepi poro sesepuh.. timbang salah ngomong, ra iso boso... jane yo isin :)

 
Pas jam 9:57 PM, Blogger dodY nulis...

lek aku rasane gak ono pawakan jowo blas.. heheheiheie

 
Pas jam 7:40 PM, Anonymous Anonymous nulis...

mbok mbahas dandanggulo

 
Pas jam 8:20 PM, Blogger aji nulis...

Mangga tepangaken nami kula Aji Setyowijaya saking Surakarta Hadiningrat. Kula inggih remen sanget tumrap karawitan

 

Post a Comment

<< Ngajengan