anak pitik jenenge pitik cilik
27 February 2006
aku dicritani kancaku sak makaryan. dewek-e duwe anak lanang SD. crito marang bapake yen bejine nol, salah kabeh olehe nggarap soal ulangan. soale jane sepele. ningj aman saiki iso wae bacah-bocah ora iso nggarap. amargo ora kulino ngomong nganggo boso jowo.
pitakone ngene:
1. opo jenenge anak sapi?
sapi cilik
2. opo jenenge anak kucing?
kucing cilik
3. opo jenenge anak pitik?
pitik cilik
4. lspt.
nganti sepuluh nomer kabeh wangsulane mung ditambahi tembung "cilik" mesti wae soal sepuluh salah kabeh, bejine nol. tekan ngomah crito marang bapake, bapake mung kepingkel-pingkel. kok enak temen.
kudune kan anak sapi jenenge pedhet, anak kucingjenenge cemeng, anak pitik jenenge kuthuk. lspt.
aku isih eling naliko SD duwe buku saku cilik. isine tembung-tembung lan ukoro jowo kanggo apalan. ono kosakata kanggo ngoko, kromo,kromo inggil, lspt. aku duwe versi boso jowo solo utowo jawa timuran, pancen rada bedha. tapi jaman saiki, nggolek buku koyo ngunu kui aku yo rodo angel.
wingi aku oleh konco soko Ternate sing dititipke kerjo nang panggonanku amargo melu garwane sing lg sinau nang ugm rong taun. deweke ora iso boso jowo babar blas. akeh kedadean sing lucu sing dialami deweke, akhire sinau boso jowo sitik-sitik karo aku lan tonggo teparone. awan wingi tak kancani nang pameran buku ing kuthoku, golek kamus bahasa jawa, ternyata angel tenan. sokor isih entuk, siji, tipis tur ombo, aku lali terbitane sopo, sing penting oleh. deweke seneng banget.
mau esuk deweke crito yen buku iku langsung disinau karo anake sing isih SD, anake sing SD yo melu pindah sekolah nang Yoja, ugo oleh piwulang boso jowo, aku dadi kelingan crita dhuwur mau.... anak pitik jenenge?..... pitik ciliiiiikkkkk........

22 Komentar:
Hehehe.. aku sih eleng beberapa lo, masiyo istilah2 iku ora tau tak gawe. Pas aku isih ning kampung juga jarang di gawe ki, cuma dadi pelajaran ning sekolah. Nek ora ono bukune yo ora ngerti blas..
anak cecak : sawiyah
anak kadal : tobil
anak kebo : gudel
anak bebek : meri
anak tikus : cindhil
anak gajah : bledug
anak munyuk :.... kowe :D
Lucu banget pas ngerti nek anak cecak kuwi jenenge sawiyah. Anakku saiki wis ngerti mbedake sawiyah karo cecak.
Mas Isna, artikele diteruske, Mas...
Jeneng2 penthil sisan, Masss....
pancen boso jowo wes arang dienggo,nanging awake dewe kan isih nglestari ake . misale kanggo chating :D
senajan angel anggone nulis :p
btw buku2 lan referensi jowo rada angel nggolek-ke, kae ono request soko pengunjung ugo, perlu nambah daftar link kali ye....
Hany : kulo niku piyantun estri ... sanes "mas" :D *mbenakake rok
nek wiji2an aku ish ono sing kelingan:
wiji salak = geyol
wiji nangka = beton
wiji pelem = pelok
wiji duren = pongge
liyane wis lali..., ono sing kelingan?
eling biyen lek kate bubaran sekolah tk... guruku sing ayu mesti ngekek i bedek-bedekan. mejo endi sing iso njawab paling cepet tur bener, oleh mulih disikan. biasane bedek-bedeakne perkoro jenenge anake kewan, utowo jenenge penthil woh-wohan. tapi sayang saiki aku wis lali kabeh... soal istilah-istilah iki, boso jowo termasuk lengkap nemen. cubo boso indonesia, kan gak onok. mongkin sebabe bongso jowo iku bongso petanen. dadi istilah kewan karo wit-witan lengkap nang bosone
ayo cak... dolan kene sing sregep. kanggo nguri-uri boso jowo. warisan leluhur :D
lestarikno boso jowo podho wae lestarikno budayane awake dewe...sing utama yo generasi sing enom....
monggo kerso mampir neng website>>>jonggringsaloka.solid.or.id>>>wewacan basa jawa
wah blog iki kudu dilestarikan, mugo2 makin akeh sing eruh lan ngomentari. lek perlu nggawe mail list.
cak Hartono, podo aku yo wong ayabarus
wadoh..cen boso jowo ki angel tenan..
pelajaran boso jowo iku angel2 gampang...
akeh angel-e sih..
>_^
Anak kidang arane plencing.
Awit lahir yo wis plencing...
Monggo Mas, dipun lajengaken... mugi-mugi saget dados tulodho...
kamus basa jawa : padhos kitab bausastra basa jawa mawon....
pengen takon anak segawon nopo, anak munyuk nopo
anak lutung nooopo
Siberia mau nulis iki --->
nek wiji2an aku ish ono sing kelingan:
wiji salak = geyol
wiji nangka = beton
wiji pelem = pelok
wiji duren = pongge
liyane wis lali..., ono sing kelingan?
wangsulanku : yen bijimu jenenge opo yo?
anak lutung = kowe
anak segawon = kirik
yen anak2an kula taksih iling, nggih
anak'e mas Q?
Q cilik :-D
Dadi kelingan jaman mbiyen, yen lagi pas anyel karo konco, terus misuh, dasar kowe anak munyuk!
nudee.wordpress.com
aku ngguyu dewe pas moco blog iki. Dadi kelingan mbiyen..soko Jkt pindah Clacap, pas ono pelajaran boso jowo mung bengong. Diwulang bab tulisan jowo tambah mlompong koyo sapi ompong. Ulangan entuk ponten ndol gedhe..Hikkss..
bravo boso jowo
nimbrung yo mas. ono maneh tembung sing wis ono gathuke. contone :
dislentik - kupinge
dijewer - kupinge
digicel - pundake/lengene
dijambak - rambute
coba diteruske!!!
Dulur-dulur, aku isih kelingan naliko sekolah rakyat entuk piwulangan basa jawa bab negeske warna, mengkene :
tandurane ijo - ROYO-ROYO
nesu tenan, nganti raine abang - MBRANANG
kulite ireng - MBETHENG
aduh, klambine putih - NGENTHAK
Nek warna liyane, kuning,... kuning opo yo? Biru....?
Post a Comment
<< Ngajengan