Honocoroko Podho Joyo(wo) né :)

03 September 2005

Masiyo podho jowoné lan biasa ngomong nganggo boso jowo, terkadang isih ono salah tompo, amargo ono ukoro sing artiné rodo sejé. Biasané kedadéyan nèk asal daerahé sejé. Koyoto wong jatim lan jateng utowo wong jowo daérah pesisiran lan wong nggunung.

Jaman kuliyah mbiyèn ngontrak omah cah pitu, jowo kabèh, nanging asal daerahé sejé-sejé. Ono dialog sing aku isih rodo kèlingan:

"Nèk wis mari, énggal mréné yo.."
"Mari? Lha aku iki ora lara jé.."

Durung suwi iki, sesasi-an kepungkur nèk ora salah, aku mèsem-mèsem dhéwé nemoni kedadéyan salah tompo ngené nang shoutbox, antara Dèn Bagus Nopal karo Jeng Isna. Nopal iku asli soko Malang lan Isna iku putri Solo sing rodo suwi prèi soko dunia maya amargo lara.
Kiro-kiro ngèné ukarané.

"Pal, aku wis mari kok.."
"Mari ngopo?..." *bingung*

Héhéhé...

Wong jowo tengah ngarani sembuh dari sakit iku mari. Nanging mari-né wong jatim sing tak tangkep artiné rampung, bar.

Wektu semono iku, karo koncoku sing cah jatim yo tak takokaké:

"lha trus nèk ngarani sembuh dari sakit opo? "
"waras.."
"wééh...waras iku sak ngertiku terkadang artiné dadi lawan katané èdan..."


Pancèn waras iku artiné slamet, séhat. Nanging nang ndésoku, sak élingku aku arang nemoni tembung iki digawè pitakonan kanggo wong sing bar lara. Embuh nèk nang daerah jawa tengah liyané.

4 Komentar:

Pas jam 5:16 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Aku yo soko Malang, ancen nek ngarani "sembuh" iku yo "waras". Kadang juga nganggo "mari", tapi terus ono tambahane soal larane. Misale "wis mari watuke", "wis mari panase", dari si "mari" ora ngadeg dhewean tapi ono kancane :)

"Waras" nggo lawane "edan" digawe juga ning Malang, tapi yo tergantung konteks kalimate. Koyo "ora waras" iku jelas nunjuk nang "edan". Rumah Sakit Jiwa ning daerah Lawang jenenge yo "Sumber Waras" :D

 
Pas jam 3:39 PM, Blogger isna_nk nulis...

saiki aku bener-nener wes "mari soko loro" aku ga sempet nengok blog nopal maneh bubar ngeshout kuwi.... hihi..

 
Pas jam 2:24 AM, Anonymous Anonymous nulis...

pancene gawe bingung kok nak wong jawa tengah ora kulino ngobrol karo wong jawa timur. bejane simbahku soko ngawi lan bapak ibu manggon nang solo, dadi sitik² aku ngerti boso jawa timuran :))

 
Pas jam 1:43 AM, Anonymous Anonymous nulis...

miturutku tembung "mari" iku lengkape wis "mari" larane, utowo larane wis bubar/rampung terus dipedhot dadi "mari" thok ...

 

Post a Comment

<< Ngajengan