Gogon

05 September 2005

"Jiaaangkrek!!!"
Kontan podo noleh kabeh nang asale suworo.
"Hancik!!! Congormu i lhoo, ojo asal mangap koyok juglang!"
"Urange podo mlayu cuk!!"

Sing diceluk cuk cumak mringis. Untune sing kuning koyok pacul jejer kethok mrongos. Irunge sing sak sadel becak e Cak Sarip, mekrok. Wong telu kabeh nyumpah-nyumpah gak pedhot-pedhot.

"Lha drijiku di cathek e... Wis ngunu urange ucul pisan!" Jare "Letnan" alesan. Ngarepno dimaklumi konco-koncone. Arek ireng iki diceluk "Letnan" sebab ndek plipise ono pelet sisone tho. Ngerti tho? Iku lo tondo lahir sing wis nemplek kaet bayek procot. Ditambah bapak e jengenge Denan. Dadi karo arek-arek diceluk "Letnan". Singkatan pelet denan.

Wis mari goro-goro diluk maeng, kabeh podo anteng maneh. Letnan separoh ndodok nggogoni leng-leng ndek ngisor oyot barongan. Parli, sing paling tuwo lan gede awake tapi sodo telat lek mikir, milih nggon sodok tengah. Sing akeh boto kuno karo watu-watune. Meski sodok telat lek mikir, tapi tangane gak tau telat lek nyekel urang. Jagoane gogon.

Sudar, sing paling wedi suwale kenek banyu, milih gogon ndek pinggir. Nggolek nggon sing cethek. Soale lek konangan mbok e dolen ndek kali, iso disabet sapu dhuk sikile. Dek e gogon gayane koyok wong rukuk lek sembahyang. Mangkane bolak-balik ndengkak-ndengkek, mullet. Wis gak keitung sambat. Sing gegere pedhot lah, cuklek lah, encok lah. Saking keselku, pas dek e mbungkuk rukuk ndiloki leng-leng ndek perengan wadas, bokonge tak senggol. Hasile, dek e kejlungub. Suwale teles, raine abang kabeh meh mbrebes mili. Mongkin dek e wis kebayang sapu dhuk e mbok e bakal melayang. Letnan karo Parli ngguyu kemekelen.

Aku dewe senengan ndek tengah-tengah. Banyune mek sak kemiren. Dadi iso gogon karo ndodok. Telapak kiwo mbukak ndandangi urang ben gak mlayu, lha tangan tengen alon-alon ngangkat watu. Biasane lek rejeki, iso ono siji loro urang mlungker singitan ndek ngisor watu iku. Mangkane gak salah ono priboso ngomong, ono urang ndek walike watu. Watune kudu diangkat terus digeser alon-alon. Cek urange gak kaget trus mlayu. Mari ngunu karo-karone tangan siap-siap nyekel urang. Hap! Kudu cepet, lek kalah kesit karo urang, yo alamat mlongo gak oleh opo-opo.

Kadang-kadang lek wis yakin lek neng walike boto ono urange, tangan langsung nyekel urang. Koyok pak pulisi ngepung penjahat ndek acara Sergap. Botone gak perlu disingkirno. Cuman yo iku, motomu kudu awas, cek iso ngerti tondo-tondo ne ono urang ndek ngisor boto. Biasane mek kethok ujunge sungute thok, sing gedene sak bolah njahit.

Wis ono sak jam, aku karo arek-arek gogon. Unine mbanyu nggrojog wis krungu banter, tempuran ancen wis cidek, nang arep. Ketengtengan barongan pring ori. Aku ngadeg mulet, sikilku wis meh gringgingen. Tanganku ngecek urang ndek kresek sing tak slempitno nang sabuk suwal. Drijiku ngitung, siji, loro... limo, pitu,... sepoloh. Wah lumayan sepoloh. Sing siji lek gak salah pas ngendog. Engkok dipanggang enak iki.

Urung mari aku ngelamun. "Dampuuuut!!!" Terus ono sing mlayu nang arahku. Kejebar kejebur unine persis koyok gajah playon ndek banyu. Aku kilangan keseimbangan, kesenggol awak e seng sak gede butho. Aku tibo lungguh, katokku teles kebes. Sudar kejlungub maneh. Ndase nyungsep nang banyu. Cumak Letnan sing slamet soko goro-goro iki.

Saiki giliran Sudar misuh-misuh. Ndilok bolone sengsoro, Letnan ngguyu kemekelen. Sudar karo aku nyumpah-nyumpahi Parli. Sampek elek, entek ngamek kurang nggolek. Ambek tampang melas ndek e njelasno. "Aku bungah poll, ono urang guuede berewokan lumut wis kepojok nang leng. Pas tanganku cek nyekel, lho kok onok njemek-njemek. Pas tak tontok, kok kuning-kuning? tibak e taek. Langsung aku njumbul, misuh-misuh mlayu nang arahmu!" Parli ndudingno tangane sing mambu septikteng nang raiku. Koyok pendekar silat, tangane cepet-cepet tak sengkrehno.

"Urangku ocol kabeh!!!" Bengok Sudar laporan karo melas. Replek tangan tengenku ngecek pinggang. Lha plastik ku yo ra ono. Motoku jelalatan nggoleki bek e sik ngambang. Kresek ireng iku wis kampul-kampul balapan karo kresek abang nang grujugan. Sak dilut wis ilang gak ketok kegowo playune banyu.

Ambek cengengas-cengenges Letnan, sing ngeroso paling bejo, tangane nggrayahi oyot barongan. "Jiangkreeeek!!! Urangku ilang pisan!!! Maeng kresek abange tak centhelno oyot ndek kene e!" jarene karo mringis.
"Kresek abang! Urangmu kok adahi kresek abang???!!!"
"Berarti saiki sik balapan karo urangku, kanyut nang kali!!!"
Letnan kontan shock. Mlongo! Saiki untune persis pacul dicenthelno njejer nang gedeg!

Nasib... nasib!!

4 Komentar:

Pas jam 5:04 PM, Blogger Unknown nulis...

nek nang daerahku, barongan iku ono hubungane karo kesenian jaran kepang. lan barongan iki buto-ne. medeni, amargo wong sing nang njero kostum barongan kerep kesurupan, dadi ngamuk.

panggonan kang akeh wit pring diarani papringan :D

 
Pas jam 6:03 AM, Anonymous Anonymous nulis...

pertama moco judule, tak pikir arep nulis crito kocak suroboyoan model Wonokairun. Soale judule "Gogon" sing podho karo jenenge pelawak Srimulat :D
Tibake Gogon sing liyo to? baru iki ngerti ono istilah iku. Soale ning cedhak desaku ora ono kali sing ono iwak utowo urange seh.

Setuju kalian pakde Kere, radi kaget nemoni "the other side of Abirhay" (lah kok boso enggres?) :D

 
Pas jam 11:34 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Aku yo mikire arep srimulatan, jebul dudu :D.
Iki jowo bagian ngendi yo, angel men aku ngertine :(

 
Pas jam 2:18 AM, Anonymous Anonymous nulis...

lha iyo aku yo ngiro yen arep crita pekara Gogon Srimulat tibake golek iwak... nang nggonku jenenge golek iwak langsung nganggo tangan dudu "gogon" nanging "gogo"

 

Post a Comment

<< Ngajengan