Gebyar Karawitan Kaliyan Beksan Jawi

06 April 2009

Setahun sepindah KBRI Washington D.C., Amerika Serikat, ngawontenaken gladen beksan kaliyan karawitan saking Indonesia. Tahun 2007 saking Bali, lan tahun 2008-2009 saking Ngayogyakarto Hadiningrat kaliyan Surakarta. Gladen puniko 3 wulan laminipun. Ngrawuhaken guru karawitan kaliyan beksan Jawi.

15 Januari ingkang kapengker asil-asil gladen wau pun pentasaken. Karawitan saking konco-konco ing Washington, wonten tiyang Amerika pethak, cemani, ugi priyantun-priyantun Indonesia. Injih wonten saking Dharma Wanita. Lare-lare ugi wonten.

Gebyar puniko dipunwiwiti kaliyan dahar sonten rumiyin. Tetamunipun kathahipun tiyang-tiyang Amerika. Dalem dipundapuk dados pranoto-coro kaliyan mbekso Kelono Bagus saking kraton Ngayogyakarto Hadiningrat. Ingkang langkung ngremenaken penggalih dalem dalu puniko boten namung beksan kaliyan karawitan, ananging ugi amargi kedah nyiapaken katerangan-katerangan bab beksan-beksan wau. Jalaran artinipun ingkang langkung sae lan adi luhung.

Biasanipun gebyaran kados mekaten dipunwiwiti kaliyan beksan golek, ananging jalaran dalem badhe dados pranoto-coro, lajeng dalem langkahi ngagem beksan Klono Bagus wau. Punopo sebabipun bekson Golek puniko dipunparingaken wonten wiwitan, jalaran beksan puniko ngaturi para pamiyarso sami "nggoleki" punopo ingkang wonten ing gebyaran puniko. Ndalu puniko dipun pentasaken Golek Tirto Kencono, saged dipunwastani "Nggoleki Toya Kelanggengan".

Beksan inkang nomer tigo dipunwastani Kukilo. Dalem google rumiyin, lajeng kepanggih "gps" Global Positioning System, salah sak tunggalipun alat ingkang saghed nuntun tiyang ingkang saweg nitih mobil. Nyariosaken peksi-peksi ingkang bregas waras lan saged nuntun kados gps wau. Sak lajengipun beksan Kelinci, saking lare-lare, pun lajengaken istirahat.

Saksampunipun istirahat, wonten satunggal beksan malih ingkang nengsemaken, asmanipun Nawung Sekar. Dalem google ugi. Nawung puniko tlatah Ngayogyakarto Hadiningrat, lajeng sekar dalem jarwakaken putri ayu saking tlatah Nawung puniko. Beksan puniko dipun agem pasinaon putri-putri kraton, kados pundi anggenipun saged ngadi saliro lan tata-cara ingkang leres kagem poro putri. Lajeng wonten malih beksan Merak, Pejuang, Jaranan lajeng pun tutup kaliyan karawitan Dharma Wanita, ingkang ngatengahaken Gangsaran kaliyan Bubaran Udan Mas

==0O0==


Dipunserat dening Mas Eddy Nugroho Sandjaja, saking KBRI Washington DC. Matur sembah nuwun sanget...

8 Komentar:

Pas jam 5:13 PM, Blogger Hajar Pamundi nulis...

Ndherek bingah pak..

Salam saking KBRI Beograd.

 
Pas jam 4:48 PM, Anonymous Q-Tsune nulis...

Kulo nuwun

Kulo lare Mediun inggkang kapingin mlajari kalian mlihara kabudayan jawi, ingkang meniko kula nyuwun ijin kagem masang link panjengan ing blog kulo.

kulo matur suwun sanget menawi link kulo inggih kepasang datheng blog panjenengan.

Suwun

 
Pas jam 3:58 AM, Blogger Unknown nulis...

Nyumanggaken . . .

Mas Eddy

 
Pas jam 8:49 AM, Anonymous Blog Jawa nulis...

Dipun tepangaken, kula ugi ndamel blog basa Jawi nanging taksih anyaran

 
Pas jam 8:03 AM, Anonymous muhjufan nulis...

Ngaturake derek bingah sampun kasil anggenipun ngelaksanaken gladen beksan puniko, hebat tenan,bisa nulis nganggo boso jawa, sing saiki wis pada ditinggalake karo wong jowo dewe.

 
Pas jam 2:50 PM, Anonymous pupuk organik nulis...

pupuk organik : penggunaan pupuk organik akan meningkatkan kesuburan tanah.

 
Pas jam 10:26 AM, Anonymous Obat Herbal Vitiligo Untuk Anak nulis...

informasinya sangat menarik sob..

 
Pas jam 10:26 AM, Anonymous Obat Herbal Vitiligo Untuk Anak nulis...

informasinya sangat menarik sob..

 

Post a Comment

<< Ngajengan