Medhog

16 June 2005

uwong jowo aseli.. jare yen ngomong nganggo boso indonesia, katon banget jawane, jare iku sing diarani medhog (medhok). sengojo tak ganti nganggo huruf "g", soale yen tak nggo judul kethok "medhok" ndak dadi bermakna lain tur rada mesum...

aku mung arep crito yen saiki niat baikku kanggo ngilangi medhog iku samsoyo suwe samsoyo angel. amargo lingkunganku saiki jan bener-bener mengkondisikan aku supoyo luwih sering nganggo boso jowo, tur apese awak.. boso jowo sing tak enggo dudu boso jowo sing alus, nanging boso jowo ngoko, tur rodo kasar malah. duh.. padahal jare aku iki arek solo, aku dadi isin dewe, yen mengecewakan amargo ora iso koyo sing dadi pengangen-anenge sopo wae ... label solo iku alus, koyo-koyone wes samsoyo adoh soko sliraku.

ning yoben lah.. sing penting be myself. pancen kahanan sing aseline koyo ngene iki.

bali nang rembug mau yo....

aku nang ngomah nganggo boso jowo ngoko, nang papan nyambut gawe isih katon banget jogjane, unggah-ungguh lan logat jowone kentel banget, koncoku kost mung siji sing aseli tangerang, liyane jowo kabeh, dadi tetep nganggo boso jowo, nang IRC konco-koncoku cah jowo ugo... sering roaming yen ngomong. terus saiki..... malah gawe blog jowo ngene... piye yo.. saumpomo sekali-kali postinge nganggo boso jowo sing alus.. sokor kromo..idhep-idhep latihan boso ben ora ilang.

aku pernah duwe crito rado ngisin-isinke, wektu kui aku dolan nang jakarta wong loro karo ibuku, podho-podho wong ndeso sing ra ngerti jakarta, tur pancen nggumuman. ibuku bola-bali komentar.. nanging aku mung mesam-mesem, semaur sithik-sithik.. secara aku ora pedhe soale yen aku karo ibuku omongan, uwong sak angkutan noleh kabeh marang aku lan ibuku. wes jan.. marakne kapok tenan isinne. trus kapindhone, tahun wingi nang jakarta maneh, karo koncoku diajak muter-muter, aku yo ora kakehan omong, isih sadar yen bahasa indonesiaku katon medhog tenan, lagi yen bus sepi wae aku gelem ngoceh. kaping telu, koncoku medan telpon, dasar konco cething, deweke ngakak, jare aku katon medhog, jawa banget gitu loch...

piye yo carane ngilangi medhog? ono sing ngerti carane ngilangi? :)

12 Komentar:

Pas jam 3:45 PM, Anonymous Anonymous nulis...

wakaka! aku tau nelpon dik Is.. dan o my God! medhok'e ngalah2i aku! tak kiro aku paling medhok sak donya.. tibak'e ono Isna.. tapi ndak papa.. medhok kuwi sexy.. *wink wink* jarene penggemar jawir lho.. wakaka! :D

 
Pas jam 4:13 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Coba ilate dikerok nganggo akik jeng.. :D
Eh... iku kanggo arek cilik sing pelat ding :P hehehe...

Wis lah ditrimo ae, nek wis gerang ngono kan susah ngrubahe. Toh sampeyan koyoke bakal dadi wong Jogja terus.. :)

 
Pas jam 5:09 PM, Blogger Nauval Yazid nulis...

monggo dicobi latian narik napas sing suwiiiiii .... suwiiii ... sampe enthek ambegan! hihihi, eh salah, iki lak gawe wong sing cegukan yo :p

bener jarene mas Q, ditompo ae mbak anugrah iki, urip nang jogja ning ora medhog lak malah aneh, lha wong sheila on 7 ae iso ngetop mergane medhok koq.

trus iku mas Wisa yo, mbiyen aku tau telpon, wik! wis medhog, galak pisan! :D

 
Pas jam 9:57 PM, Blogger dodY nulis...

carane? gampang... cobalah gaul dgn komunitas batak! pasti medok jawanya hilang... ganti medhok batak! hauhaua... songon bodhat nangalian, bah :-)

 
Pas jam 5:42 PM, Blogger dina susilo nulis...

lha wong aku sing wis meh patang taun neng jkt we yo tetep medhok jowo kok :D, dadi ra sah kuatir. Paling ming kethok ndeso, ning yo ben wae, karang cen wong ndeso je "norak mode on"


eni

 
Pas jam 11:26 AM, Blogger isna_nk nulis...

mas Wisa .... yen jenenge penggemar ki, koyo opo wae mesti dialem ;)

nganggo akikke Tesie mesthi luwih manjur yo.... Amien Q... matur nuwun dongane ;)

Nopal... kok iso melu-melu salah intruksi tho... koyone sing paling mendekati kebenaran pituduhe DodY... ning kok yo dadi medhog Mbatak .. ekekeke :D

Eni .. oooo kowe isih medhog tho.. yo wes suk yen ketemuan diboktekne yo... :P

 
Pas jam 9:26 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Uedannn tenan...jebule komunitas Jawa nguwasai kabeh tlatah...darat, laut lan udara...internet dilalap entek nganggo basa Jawa. Semboyane..."medhok ya ben...sing penting Jawa" (soale sing isa medhok ya mung wong Jawa).
Cathetan:mas admin, melu tepung ya...kula cah edan saka ndiwek (ben rada keren nulise "NDIWEQ".

 
Pas jam 1:38 AM, Blogger Unknown nulis...

Nggih susah ngilangi medhog, dalem sampun 6 thn mboten tinggal wonten Jawi. Tapi yen ngobrol ngangge bahasa Indonesia nggih tasih medhog sekedik2.. Tetep wonten trademark jawinipun.

 
Pas jam 12:06 AM, Blogger Antown nulis...

gak onok sing ngomong suroboyoan yo? alus2 kabeh-e...

 
Pas jam 2:32 PM, Blogger nana nulis...

ngilangi medhok... yo pancen rada susah. Dicoba wae, ilate rada dilemeske, terus, penekanan-penekanan (intonasi) lan nada rada diilangke. mugi2 saged ngurangi medhoke.

 
Pas jam 1:49 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Wis, gak usah sungkan ngomong nganggo boso jowo le. Lha wong aku puluhan tahun ndek jakarta lan bandung wae, elek2 yo isih berusaha ngomong boso jowo. Pancen nate kolosemono, bude ku ndek bandung takok aku naganggo boso jowo, tak sauri nganggo boso indonesia. Wuelehhh..., aku di unen uneni, kowe ki ngisin-ngisin ke wong jowo. Sprene aku isih kelingan banget pituture almarhumah..
Mulo awak2 ojo nganti lali nggunakno boso jowo. Ben kasar, ben medhok, wis ben wae....
Aku slut banget karo dulur2 sik podo merantau ndek luar jawa, asal ketemu mesti metu boso jawane....
Lha ngopo awak2 sik manggon ndek tanah jowo, gak ngomong jowo?

 
Pas jam 9:55 AM, Blogger mbah wondo nulis...

saluttt....mugi2 kanthi wontenipun blog meniko saged minongko srono nguri2 budhoyo jawi...monggo dipun lajengaken

 

Post a Comment

<< Ngajengan