Obor
17 June 2005
Obor? Haree genee...ngomongke obor? Kok koyo mbalik nang jaman batu maneh. Ojo-ojo malah ono sing during tau weruh obor, terutama para priyagung kutho metropolitan:D.
Jaman mbiyen nang kuthoku, sakdurunge listrik gumebyar koyo saiki, mung dalan gedhe sing dipadhangi listrik. Dalan-dalan liyane, opomeneh dalan deso, petheng ndedhet. Wektu semono, durung kabeh omah wis iso pasang listrik. Mulane padhange mbulan jaman semono luwih kroso tinimbang saiki.
Nang ngomahku pancen ora nduwe obor. Sing nduwe iku simbah putriku sing daleme jejeran, mung dipisahke latar mburi. Saben isuk, wayah subuh, malah sak durunge subuh, mbah putri wis wungu. Ubet nang kamar mandi (boso jowe opo si? lali aku). Jam sakmono aku biasane yo wis tangi, ngrusuhi ibuku sing ubet nang pawon.
Tinimbang didhawuhi turu meneh, aku luwih seneng ndherek mbah putri tindak nang langgar (mushola). Biasane ono koncone simbah sing daleme cedhak omah, ngampiri amrih tindak bareng-bareng. Koncone simbah iku yo duwe obor. Dadi simbah-simbah iku podho ngasto obor, aku mlaku timik2 nang ngarepe.
Sakjane jarak omah lan langgar iku ora adoh, paling2 satus-rongatus meteran, tapi kudu ngliwati kebon pisang sing rungkut lan peteng. Dadi ono obor yo migunani. Sing tak senengi, nek pas mlaku ngono iku ketemu karo konco2ne simbah sing soko arah liyane, lan uga ngasto obor. Dadi koyo parade obor wayah isuk sing isih sepi, mung ono lamat-lamat swara wong ngaji seko mesjid besar kanggo nunggu subuh.
Tekan langgar, sing wis duwe wudhu langsung mlebu, tapi sing durung terus bablas nang kali. Nang cedhak langgar ono kamar mandi umum, banyune soko tuk (mata air)lan persis nang ngisor wit pring sing rungkut. Ojo takon koyo ngopo petenge. Pating kemrosak unine wit-wit iku nek keno angin.
Masiyo aku wis wudhu seko ngomah, tapi aku tetep seneng melu mudhun nang kali, mung pengen ndelok mobat-mabite obor keno angin nang ngisor papringan :)
Saiki, para mbah2 sing apikan iku wis podho seda, kecuali simbah putriku. Yuswane wis ngancik 90 tahun.
Kebon pisang wis dadi omah kabeh, semono ugo papringan wis ilang. Saiki wis padhang njingglang masiyo bengi, dadi obor wis ora perlu maneh, wis digantiake listrik.
Obor, ketoke wis kari kenangan.
P.S: aku kok malah rajin nulis nang kene yo.., lha omahe dhewe malah ora keurus. opo disewaake wae yo..:D

11 Komentar:
wah nek istilahe mbak ria Natsukashi ki :D, maos tulisan panjenengan kok rasane bali neng jaman mbiyen pas isih sering moco mekar sari/djoko lodang
eni
Wah, ora menangi jaman durung ono listrik :) Uripe ning kutho terus sih. Nek ora ono listrik yo nganggo senter utowo lampu cempluk.
Ning kampungku obor mung kanggo nek pas malem riyoyo, ono sing pawai takbiran nganggo nggowo obor keliling2 kutho.
aku pernah nemoni jaman durung ono listrik... simbah putriku yen nang mesjid arang ngasto obor.. nanging sentir, yoiku diyan cilik kang ora ono kocone, critane mirip critamu budhe.... nanging wudlhune nang bak mandi wes nganggo kran :)
mbak ENI, sing kerep tak woco iku PS karo Mekar Sari, nek djoko lodang..arang2 banget. senenge bagian cerkak karo alaming lelembut :D
Pak Q, iso di tebak kok nek sampeyan iku priyayi kutho :D
sing di arani lampu cempluk iku mungkin podho karo lampu teplok, nang boso-ku.
Jeng IS, iya sentir aku weruh. nanging nek sentir cahyane kurang padhang hehe..
wah, podo karo mas q, aku yo ra tau ngalami jaman ra ono listrik, tapi sik kelingan jaman mbiyen ndhek omah almarhumah eyang putri, setrika-ne nggawe setrika areng sing abot tenan! wis panase suwi, nggosok e angel pisan, nyetrika klambi siji kira-kira nek 10 menit ono paling :D
tapi lha blogger2 iki lak jarang nyetrika yo ... hihihihi :P
obor? aku eling bocah cilik2 nggowo obor mubeng2 deso pas malem takbiran. rame bgt! nganti tekan aku SMA desoku durung ono listrik. iso dibayangne petenge. ngarep omah, kiwo omah, mburi omah sawah kabeh. sa'wise ono listrik bocah2 cilik sik tetep ae mubeng2 nggowo obor malem takbiran.
agusitem , www.agusitem.blogdrive.com
jaman mbiyen aku kelingan yen mongsone liburan caturwulan akhir ... aku mesti karo ibu diaturi tindak maring simbah kakung lan putri ...
ing dino riyaya, sa'durunge mesti aku melu takbiran anggowo obor sing paringi simbah kakung ...
berarti jaman biyen aku cilik lan jama biyen mas wisa cilik podo yooo ..
heheheheh
aaaarrrrgghhhhh gilaaa nih blog ...
bikin mules ketawa
hahahahaha
wah..Nopal pancene kawit mbiyen senenge setriko:D. setriko areng... wuiih abot tenan.
Cak Wisa, pawai obor ketoke isih ono nang kampungku. sayange riyoyo iku kerep udan..
walah..ono tamu to? monggo pinarak mas agus item...monggo lenggah :D
ternyata nang ndi2 isih ono to obor, dadi paling ora isih iso lestari *gubrak boso-ne* :D
jare sopo saiki obor rak 'ngetrend' lha iku setiap tahun olimpiade utowo tetek bengek pertandingan2 olah raga..yo mesti dibuka nganggo 'obor' mbakyu...Sing penting obor nang njroning ati ojo pernah mati (aku kok bingung ngecipris opo to iki) hihihi-kinoy
NOY, iyo..yo..aku lali, tapi kan iku ora saben dino koyo rikolo semono *ngeles*
Post a Comment
<< Ngajengan