Ngaturaken Sedaya Kalepatan

18 November 2005

"Paklik, ngaturaken sedaya kalepatan..."
"Mbah..., dalem ngaturaken sedaya kalepatan ... "


Ukara andalan sing dadi kalimat wajib wayah silaturahmi ning dina riyaya ning daerahku. Terus terang aku awale cuma melu-melu soko jaman cilik biyen nyonto dulur-dulur ku sing nek sowan nyang ndaleme sing luwih sepuh mesti nganggo kalimat iku. Karepe yo mestine podho karo "mohon maaf lahir dan batin". Tak pikir yo pancen adate mesti ngono.

Jarang banget ono sing pas wayah salam2an ning dina riyaya nganggo kalimat "Nyuwun pangapuntenipun" nek sungkem karo sing luwih sepuh. Padahal nek karo konco dhewe, cukup nganggo kalimat singkat "Sepurane yo". Mungkin kalimat "nyuwun pangapunten" iku surasane kurang alus, kurang indah, terlalu saklek.

Opo mungkin mergo kalimat iku kesane koyo nek sing ngomong iku pancen bener2 duwe kesalahan karo sing dijaluki sepuro. Sementara kalimat kembangan koyo "ngaturaken sedaya kalepatan", kesane kanggo tata-krama sing mung basa-basi, ora bener-bener njaluk sepuro.

Aku dhewe yo ngono sih. Nek sungkem karo sing aku rumongso duwe dosa, aku ngomonge "nyuwun pangapuntenipun ingkang agung". Tapi nek karo sing cuman basa-basi ora rumongso duwe dosa, yo muncul kalimat andalan kuwi.

Tapi ing sawijining dina riyaya, aku mampir omahe kancaku sungkem karo ibune..
"Ibu'... ngaturaken sedaya kalepatan.."
Sing nyauti kancaku, "Ojo gelem Bu', mosok malah diwenehi dosa!... "
Aku cuma iso nyengir...

Lha iyo, opo yo karepe? karepe njaluk sepura kok malah "kabeh kesalahan diaturake"?
Panjenengan kersa ta, tak aturi sedaya kalepatan ku? :)

SUGENG RIYADI

01 November 2005

Pribagus ngaturaken: SUGENG RIYADI 1426 H, MINAL AIDIZIN WAL FA'IDZIN.
Nyuwun gunging pangaksami, mbok bilih wonten kalepatan kulo!

Dipunrantos oleh-olehipun saking kampung nggih, Mbakyu-Mbakyu lan Kangmas-Kangmas! Kulo riyayan wonten Jakarta kemawon, piyambaan - nglamunaken opor, kupat lan sambel goreng ati...hikhikhikhik!