Kahanan Kajiwan: Dudu mung Kenthir lan Édan

27 September 2005

Para sanak:

Apa ana sing bisa nulungi aku nemokaké têmbung Indonesia sing pas kanggo tingkat-tingkating kahanan kajiwan, kapinteran lan tindak-tanduk?

Yèn édan, kuwi "gila". Sinthing, ya têtêp "sinting". Lha banjur apa basa Indonesiané têmbung-têmbung iki?
  1. kêmplu
  2. kênthir
  3. gêmblung
  4. kocluk
  5. pêkok
  6. mbambung
  7. mênyun
  8. wêng
  9. èjlègèwèr
  10. nggong
  11. kodo
  12. nggomblohi
  13. ?

Nggilani kuwi Tegesé "Bikin Geli"

26 September 2005

Geli. Apa kuwi? Ing basa Jawa lan Indonesia ya ateges rasa pingin ngguyu amarga ana sing lucu. Lha ning kanggoné wong Jakarta, geli uga ateges gila [diwaca "gilo"].

Bab "gila" lan "nggilani" kuwi, gampang waé yen arep dibedakké saka "wedi" [dudu "wedhi" sing ateges pasir]. Yèn "wedi" lan "kewedèn" kuwi, anggeré dikancani dadi rada wani. Apa manèh sing ngancani akèh. Upamané waé ketemu pulisi lan serdadu, utawa wong galak sing senengané nyathèk lan mbrakot.

Lha yèn "gila" lan "megilan", mbok dikancani wong satus ya tetep gila. Upamané ketemu ula, wong édan, coro, utawa samubarang kan njijiki.

Kanggoné wong Jakarta, wong lucu iku "menggelikan". Lha wong nggilani iku "bikin geli". Mbingungaké to?

Jaman Sepor Lempung

23 September 2005

Moco critone cak Rony Lantip sing boso kromone melipit-pit, aku dadi kepengen melok cerito perkoro sepor jaman sepor lempung. Maksute sepor jaman cikar rudo kayu. Jaman tahun wolung puluhan.

Jaman sakmono lek kate nang Jakarta soko njowo etanan durung usum numpak montor mabur. Soale rego karcise larang temen. Wong akeh sing milih numpak sepor. Pilihane ono sepor Bima, singkatan soko Biru Malam sebab cet-e werno biru muda trus budale bengi. Iki sepor kelas eksekutif. Nang jerone ono kompartemen-kompartemen karo amben wesi tingkat dikek-i kasur busa gawe turu. Sodo mirip thithiklah karo sepor Orient Express sing kesohor nang Eropa.

Terus ono sepor Mutiara, sing cet-e lek gak salah werno jambon. Sepor iki kelase sak sret nisore Bima. Gak athek kompartemen nggo turu, mek korsi busa dilapis kolit imitasi. Sing kelas paling nisor, kelas rakyat jelata yo sepor Gaya Baru. Emboh yok opo critane kok dijenengi gaya baru. Wong sepure wis lawas, apek, sumpek tur rusuh. Werno sepure puteh buthek ono slerete ijo tuwek. Opo kuwalik yo... pokok-e ngunu lah.

Sepor Gaya Baru iki kursine soko kayo tengahe ram-raman teko njalin. Mulo iku akeh tinggine. Lek tinggine keluwen, alamat bokong dadi santapan. Clekit-clekit karo gatel, mene ne pasti mbentol kabeh. Nang ndukur sejajar karo korsi ono rak gawe ndeleh bagasi. Sebab bentuk-e ngene, sepor sing gak onok kipas angine iki tambah sumpek-pek. Howone sumuk poll, mangkane akeh penumpang bapak-bapak, joko-joko karo arek-arek cilik sing gak klamben. Podo ote-ote, lek aku gak tau. Isin ketok to-e... hehehe.

Gaya Baru iku budale jam rolas. Pas panas enthang-enthang. Teko Jakarta yo meh jam rolas pisan, arang iso teko jam songo-an. Malah kadang telat tekone sampek jam siji opo jam loro. Dadi sedino suwengi nang njero sepor sing sumpek poll. Sing jenenge ambu minyak angin, balsem karo koyo pating seliwer campur aduk gak karuan.

Sing jelas, numpak sepor iki gak bakal kaliren. Asal nduwe duwek. Gang sak menit ono wong dodol liwat. Kadang-kadang malah baris, sampek limo. Bareng-bareng mbengok nawarno dagangane. Mulai es sirup sing wernone abang mbranang ono kates kotak-kotak cilik kampul-kampul, kopi teh, lontong pecel, rokok permen, krupuk, dulinan, golekan, kacang karo gedang godok, salak, apel, wis pokoke opo ae onok. Lek kate tuku panganan nang sepor kudu ati-ati. Gak oleh asal njupuk opo maneh langsung dicaplok. Kudu takon sek regane. Soale onok siji loro wong dodolan sing nakalan. Regone diundakno sakpenak-e, nekek ngunu. Tau ono sing sampek tukaran clatu-clatuan perkoro rego es sirup sing gak masuk akal.

Jaman iku karcis gaya Baru regane mek nem ewu. Jajan es sirup mek satus. Jan asli murah temen. Sing larang cuman sabare. Lha yok opo, meh ben stasiun sing jarake biasane gak luwih antarane pitu sampek limolas kilo sepure mandeg. Lek gak nunggok-i sinyale dibukak yo nunggok-i kres karo sepor soko ngarep. Mandege gak trimo limo opo sepoloh menit. Iso sampek sak jam barang. Sing paling soro lek mandeg nang tengah sawah awan-awan panase nyethak. Sakno bayek-bayek karo arek cilik, podo sumuk. Hasile podo nangis saut-sautan antarane gerbong.

Lek ngunu biasane ono ae siji loro penumpang sing bakat ngeludruk nyeletuk sing lucu-lucu. Trus ditimpali karo penumpang liyane. Dadi garr-gerran penumpang sak gerbong. Lumayan. Ancen wis nasib wong cilik, kudu trimo sabar. Cek gak mecucu karo ngendeng pikirane iso nggarai kumat bludrek-e, yo wis ludrukan ae.

Kereta, kaca paradoks nagari

22 September 2005

Kagem sedaya kemawon ingkang lenggah wonten tanah jawi, kulo pitados menawi nate numpak kereta. Pramilo, kulo pitados para pamiarso ugi mangertosi bilih kereta api kita pun bagi-bagi per kelas. Kelas ekonomi, kelas bisnis lan kelas eksekutif.
Inggih kelas-kelas meniko ingkang kula dadosaken pathokan anggen kula ndamel judul wonten nginggil. Kok saget? Mekaten..

Menawi kita numpak kereta eksekutif, regi tiket paling awis, kita dipun layani kanthi sae. Wonten mbak-mbak lan mas-mas pramugari/pramugara ingkang siap sedia. Lajeng hawa wonten sak jroning kereta ugi seger, anyes. WC-nipun ugi resik. Wonten sak nginggilipun kereta menika, kita saget tentrem. Mboten wonten ingkang badhe angreridhu.

Wonten kelas bisnis, regi tiket taksih awis ananging sak andhapipun regi tiket eksekutif. Kereta meniko mlampah radi banter, lumayan lancar, namung mandheg wonten stasiun-stasiun tertemtu kemawon. Panci wonten pedagang asongan ingkang ndherek minggah, ananging namung sak laminipun kereta mandheg wonten stasiun. Menawi kereta sampun mlampah malih, para pedagang mesti dipun aturi mandhap kalian bapak kondektur.

Nah, wonten kelas ekonomi, regi tiket paling murah, saking isinipun kemawon sampun maeko warni. Wonten ingkang mbekto dagangan pete, jengkol, malah ayam ugi mlebet. Kereta kelas meniko lampahipun paling lambat. Saben-saben mandheg wonten setiap stasiun. Para pedagang asong lan pengemis saget leluasa ndherek minggah wonten kereta saking setunggal stasiun dugi setasiun sak lajengipun.

Saking kondisi ingkang kados meniko, kula dados kemutan kalian kebijakan perekonomian negari kita. Kebijakan negari meniko, anebihaken para tiang bebondo, tiyang sugih, saking rakyat miskin (dalah meniko mayoritas penduduk negeri). Para pemimpin negeri ingkang mesthi langkung sugih dibandingaken kalian rata-rata penduduk negeri meniko, saklajengipun namung saget damel kebijakan ingkang mboten berpihak. Milo mboten nggumun menawi sak meniko pemerintah badhe nyabut subsidi BBM. Mboten wonten ingkang ndamel kebijakan ingkang langkung cerdas. Mbok ya o, menawi badhe nginggilaken regi BBM, regi sanes barang dijaga ampun tumut mindhak. Ah.. kadose kulo malah namung saget ngimpi...

Nyuwun sewu, kula tak leren rumiyin.. kesel mikir negara, lha negaranipun mboten mikiraken rakyat. :)

Dinane Simbah

19 September 2005

Dina iki, tanggal 19 september, nang negoro Jepun lagek prei nasional kanggo ngurmati dinane para simbah. Keirou no hi atau Respect for the Aged Day.
Miturut warta nang kene, wong jepang sing umure ngancik diatas 100 taon, jumlahe luwih soko 20 ewu-nan.

Lan dino iki, wong jepang podho menehi hadiah kanggo simbah-simbahe. Nek sing cedhak omahe karo simbahe...yo nyambangi sisan, nek adoh hadiahe dikirim.

Miturut hasil riset, nek aku ora salah nangkep, sekitar 56 % para simbah iki urip dhewe, mandiri, ora melu numpang karo putra-putrine. Biasane simbah2 iki lenggahe tetep nang kampung halaman, sementara putra-putrine ngumboro sibuk golek urip nang kutho liya.

Amargo teknologi jepang wis canggih, kontak para putra karo simbah-simbah iki wis ora masalah maneh.
Wingi isuk aku nonton nang tipi, para putra iki iso monitor kegiatan saben dinane mbah2 iki lewat hape. Daleme simbah2 iki dipasangi sensor, biasane lantai ne utawa panggonan liya sing biasa diliwati. Umpamane, simbah ngidek sensor sing dipasang nang pawon, alarm hape putrane bakal muni lan menehi keterangan nek simbah lagi nang pawon. Simbah lagek nang jeding, nonton tipi utawa lagek sare iso dipantau.

Malahan, nek simbahe kagungan penyakit, umpamane watuk...yo ono sensor sing iso monitor nek simbah watuk. Sing aku weruh nang tipi wingi iku, dipasang nang slimute. Begitu simbah uhuk..uhuk watuk...alarm hape langsung muni.

Dadi, umpamane hape ne kok sepi wae...iso nelpon polisi sing cedhak kono kanggo niliki. Pernah sih ono kedadeyan nang panggonane koncoku, ono mbah2 sedo wis pirang-pirang dino ora konangan. Lagek konangan amargo wis mambu.

Keirou no hi iki dipengeti mungkin kanggo ngurmati para pinisepuh sing wis akeh jasane ndadeake jepang dadi negoro maju koyo saiki.

P.S: foto nang nduwur iku fotone simbahku lho :)... yuswane wis ngancik 90 taon. kegiatane saben isuk karing nang ngarep omah. mbah kaum--aku biasane nek nyeluk, amargo daleme nang kauman--ndherek paklikku--adike bapak.

Mak

13 September 2005

Boso jowo iku iso diarani boso sing ekspresif loh... Akeh kata-kata ning boso jowo sing nek diucapake pas banget karo kahanan utawa suasana sing diwakili karo kata-kata iku. Koyo to, banyu "mili". Kata "mili" iku pangucapane pas banget karo kahanane banyu sing lagi ngalir kemricik. Nha iku juga, "kemricik" juga cocok banget karo suarane banyu. Angin "silir-silir" uga pas pangucapane karo kahanan angin sing alon-alon sumilir. Terus istilah kanggo perbuatan kasar uga sering kali cocok karo suarane. Contone "keplak", "kethak", "kaplok", "jiwit", "cèthol", "culek" lan sapanunggalane

Opo maneh nek ning kata majemuk (ah..lali istilahe ning boso jowo iku opo ya kanggo "kata majemuk"). Soko pangucapan kata-katane wae iso katon banget suasanane. Contone, "padhang jingglang", "peteng dhedhet" ... opo maneh yo?

Ono maneh cara sing ekspresif kanggo menehi kesan sing istilahe "comparatif superlative". Kanggo menehi kesan salah sawijine barang iku ukurane gedhe tenan, wong jowo biasane nggawe kata sifat dasar sing diseseli "u". Dadine istilah "guedhé" iku luwih gedhe tinimbang "gedhé" biasa. Kadar tingkat perbandingane uga iso diatur nganggo dowo-endhek-e seselan "u" iku mau. "Guuuuuueedhuuéé" iku karepe ngono yo "juuuan guuedhéé tueenan".. :D

Istilah sing ekspresif liyane iso ditemoni ning peristiwa sing kedadeane dumadakan. Koyo to wong sing keslomot rokok iku unine ning boso jowo "mak nyus". Unine glèdhèk iku "mak jedhèr". Unine barang kecemplung ning banyu "mak plung". Kesenggol knalpot panas "mak nyos". Dikaplok uwong "mak plok". Dumadakan muncul "mak bedunduk". Kata "mak" ning kene iki kanggo nambah kesan dumadakan kedadean. Nek ora kathik "mak", rasane kurang ekspresif, kurang ngageti. Tapi sing jelas ora ono hubungane karo si emak utowo si embok.

Lha upomo arep nggambarake wong sing kesenggol knalpot sing "puuuuaanaaaas" tenan, yo dadine "MUUAAAK NYUUUOOOSSS!!" :D

Sak Moso: Cerito Perkoro Karung Goni

09 September 2005

Sebab kemempengen sinau bareng koncone, Sumi - celuk ae ngunu - molehe kebengen. Saiki wis jam wolu lewat. Sakbenere lek itungan saiki jam sakmunu durung bengi, tapi jaman semono tahun wolung puluhan wis bengi. Opo maneh Sumi omahe ndek kuto kecamatan cilik. Wis ngunu durung ono listrik pisan. Ditambah maneh akher-akher iki kahanan nang njobo lek bengi ora apik. Nggarai wong tambah males metu, lek gak ono urusan penting nemen.

Wis ono setengah jam Sumi ngadeg nang dalan, nunggoi angkutan kol sing ngarah nang omahe. Tapi kaet mau ora ono sithok blas sing liwat. Wong montor, sepeda montor karo sepeda onthel sing liwat ae arang. Atine wis kebat-kebit, wedi yok opo lek gak oleh angkutan. Kate balik nang omahe koncone isin, kate mlaku moleh gak mongkin. Omahe kiro-kiro pitung kilo adohe. Iso seyeg awake mlaku sakmunu.

Masiyo kebat kebit atine, Sumi sik arep-arep, mugo-mugo sik ono angkutan. Ndilalah pas dek e wis pasrah kok ono lampu montor kol mencorong soko etan. Cepet-cepet tangane ngawe-ngawe nyetop kol iku. Kol iku mandeg, trus supire takok; "Nang endi mbak?" Sumi njawab; "Ten anu pak". Supire mek manthuk thok, Sumi langsung numpak. Nang kol ono wong telu thok. Sumi, supir karo wong siji lungguh sebelah supir, mungkin penumpang pisan.

Supir ngegas, montor mlaku ngulon. Supir ngajak Sumi ngobrol, takon-takon sekolah nang endi, kelas piro, omahe desone endi. Kabeh dijawab Sumi, sebabe supir karo penumpang sebelahe kok koyoke apik. Jek mulo takok karo ngomonge yo sopan.

Kaet munggah sakbenere Sumi wis penasaran karo karung ditaleni rumpuk jepang nang pojokan gang mburine supir. Tapi dek e gak wani takok. Sebab saiki wis sodo enak ngobrol karo supir dek e wani takon. Pak, karong goni iki isine opo se?" jare Sumi. "Ooo karung nang mburi iku ta? Isine jagung mbak! Sampeyan gelem ta?" jawabe supir enteng karo gak lali sopan nawari. Penasaran, Sumi ndemek karong kepingin ngerti sak piro gede ne jagunge.

Pas ndemek ono suara buanter teko njero karong. "Jancok!!! Aku kate dipateni cok!!!" Sumi langsung njumbul. Dodone degdegan gak karu-karuan. Pikirane langsung eling lek saiki usum ditemokno mayit-mayit sing diadahi karong. Berarti... Wis gak sempet mikir maneh keburu Sumi girap-girap karo nangis-nangis, keweden. Njaluk-njaluk nemen karo supire di dukno nang kene ae. Meski tujuane sek lumayan. Supir karo penumpang nang sebelahe sing tibak e koncone cumak mesam-mesem malah ngidek gas banter. Sumi makin keweden.

Untung gak sepiro suwe, montore mlebu daerah desane Sumi. Supir ngidek rem, kol e mandeg. Gak athek matur suwun, Sumi langsung mlayu moleh nang omahe karo nangis ngguk-ngguk an. Kol maeng langsung tancap gas mlayu ngulon.

Ndek tahun wolung puluhan pertengahan, nang deso ku lek gak salah ping pindo ditemokno mayit nang njero karong goni ndek ndalan tengah sawah sing ngarah kecamatan sebelah. Kabeh mayit iku ndase bolong, koyoke ketembak peluru. Tangan karo sikile ditaleni rapet. Sebab ditemokno nang wilayah desoku, wak lurah karo perangkat deso dadi ketempuhan repot ngurusi mayit iku.

Mari ngunu aku oleh crito, nang deso-deso liyo sing diliwati dalan antarane kecamatan sing aspalan lan sepi sebab ndek tengah sawah, gelek digawe mbuwak mayit koyok ngunu. Sebab gak kepengen ketempuhan, akhire arek-arek enom sing daerahe tau kebagian utowo isok ae kebagian sebab daerahe cocok gawe buwakan, podo kompak njogo. Ngeronda nang daerah-daerah iku. Ben onok montor lewat disetop karo arek-arek. Lek ancen montor iku nggowo karong goni, arek-arek mesen "ojok nang kene pak!". Biasane supire ngerti, trus liwat ae nggolek nggon liyo.

Sebab ben daerah dijogoi, dadi kangelan nggolek nggon. Tapi jenenge wong, yo iso ae. Cumak sing buwak tau diri lek ngerepoti. Dadi nang karong gonine diselipno duwik ewonan. Maksute mongkin gawe ongkos ngramut isini karong iku mau.

Pirang tahun sakwise, aku kenalan karo koncone pak lik ku. Omahe tonggo kecamatan karo omahku. Daerah e, emboh kenek opo dadi nggon paforit mbuwak karong goni. Meski wis dijogo karo dironda karo arek-arek, tetep ae tau kecolongan. Gak kepengen ketempuhan, karong goni maeng diangkut sepeda montor kate dibuwak nang deso liyo. Koncone sing nyetir, dek e sing mangku karong ndek boncengan. Jarene getihe nerotos ngenek i celono ne. Tapi, operasine dek e dewe, sukses. Embuh piye tanggepane deso sing dibuwaki karong karo dek e, umpamane ngerti lek iku pindahan. Sing pasti iso geger brontoyudo antar deso.

Lek sejarah saiki nulis, jarene moso iku moso peteng nemen gawe hak asasi menungso. Tapi piye maneh, jaman semono kan simbah sik digdoyo kuwoso. Lek kepengin ngerti yok opo simbah dawuh soal iki, sampeyan iso nyimak nang bukune.

Yu, Mbok Ayu, Mbakyu, Mbakayuné, Mbak, Mbak-mbak...

"Wahhh kayak mbak-mbak gitu. Nggak deh," mengkono pocapé sawijining wong nom lanang. Ing papan liyané, wong nom wadon muni mengkéné: "Duh, kayak mbak-mbak gitu kok dia mau sih? Nggak level lah. Masih mendingan gue dong."

Lhadalah! Apa sing dikarepaké tembung "mbak-mbak" iku mau? Jebulané, nyuwun sèwu, sakbangsané "wong wadon kampung, bakul jamu, pembantu rumah tangga". Bener, kaya déné yèn nyebut "mas-mas" kuwi kanggo "wong lanang kampung, ora mentèrèng, kaya sing dodol bakso utawa tukang ojèk".

Semono kuwi lelakoné tembung sing kasebut "perkembangan bahasa". Ana sing diarani konotasi lan denotasi. Lha yèn denotasiné mono gampang: mbak kuwi saka mbok ayu lan sakterusé. Lha yèn konotasi, waduh... warna-warna tegesé, tur gumantung marang papan lan sapa sing ngocapaké.

Kancané bojoku ana sing ngundang dhèwéké "yu". Ora dadi gendra, malah akrab. Wong-wong liyané akèh sing nyeluk "mbak", lha iku wis lumrah. Ning salingkungan panggawéanku, celukan "mas" lan "mbak" iku kanggo sapa waé, saka tukang sapu tekan direktur, ora peduli kuwi wong Jawa apa dudu. Malah kanca-kanca keturunan Cina kerasa luwih kepénak yen diceluk "mbak" lan "mas", dudu "[en]cik" lan "[eng]koh".

Ning omahku, saka cilik ora biasa nyeluk sing luwih tuwa nganggo "mas" utawa "mbak". Dadiné adhi wuragil nyeluk kakang pembarep, sing umuré kacèk 12 tahun, ya njangkar waé. Bareng wis tuwa, sok ditambahi pak utawa bu, nirokaké para ponakan. Iya, ning brayatku ora ana "oom" utawa "tante"; éyang uga ora ana, sing ana mung "mbah kakung" lan "mbah putri" -- kajaba ning njaban brayat inti.

Ana kadadéyan kaya ngéné. Adhi ipéku, wadon, nyeluk tanggané "mbak" mergané wis kanca apik. Anaké ibu kang kaceluk mbak iku ora terima, "Kok manggil Mama mbak sih? Emang Mama itu pembantu?"

Sugeng Tambah Yuswo

Keparengo kulo atur sugeng tambah yuswo (nopo nggih kramanipun?) kagem nakmas denbagus SBY. Tambah yuswo mugi-mugi anambahi kadewasaan anggenipun menggalih perkawis wonten negari meniko.
Kala wingi almarhum Nurcholis sampun paring wejangan, sampun nitipaken perkawis nagari wonten pundhak panjenengan. Pramilo pancen kathah ingkang mboten sak ide kalian piyambakipun, ananging kawula selaku salah setunggaling warga, keparenga ugi paring urun rembag. Sedaya warga nitip dhumateng panjenengan. Sageta mbedakaken ingkang leres kalian ingkang salah.
Sejatosipun, kala tigang ndinten kepengker kawula sempat ngobrol kalian bapak-bapak tukang tambal ban. Wonten saklebetipun wicantenan meniko, bapak tukang tambal ban anggresula. Panjenengan, bapak SBY, wonten pandanganipun bapak tukang tambal ban meniko, taksih gagal anggenipun nggulo wenthah nagari. Kasunyatanipun regi-regi soyo mindhak. Meniko saestu tiyang alit ingkang mesthani. Kula ugi tiyang alit. Pramilo pola pikir kula inggih sami kalian bapak tukang tambal ban meniko.
Lha sedaya warga negari meniko lak sampun pasrah dhumateng panjenengan to mas SBY?! Supados negari meniko saget dipun olah, saget makmur. Pesen kulo setunggal mawon, ampun nge-cap ala dhumateng para warga, terutami kawula alit. Amargi kawulo alit meniko sampun saestu anggenipun nyambut damel. Impianipun negari ingkang aman makmur titi tentrem karta raharjo. Ingkang colong jupuk meniko lak malah poro penguoso.
Oh, mumpung kulo kemutan. Wau enjang kulo pados minyak tanah (wonten daerah kulo kasebat lengo patra), kok angel sanget nggih. Punopo sampun telas kagem acara pesta ulang tahun?
Wallahu'alam bishawab.

Obrolan Pinggir Kali

Karo Kinoy, koncoku siji iki kawit jaman mbiyèn nèk ngobrol ngètan- ngulon ora nggenah. Nanging mesti kerepé akèh ngguyuné. Jan-jané yo ora kerep kontak. Nanging nèk pas kontak yo iso terus-terusan....tapi bar kuwi yo podho ilang menèh. Pokoké sak kelingané waé....sak perluné. Nèk perlu yo mesti podho pesen liwat email utowo YM. Kala-kala tetèlponan.

cik kadingarèn mbakyu, iku gundulmu mencorong kuning awan ngèné...

iyo. Aku prèi. Lagi nang ngomah. Ono taifu

enakééé....

hush *ikon mencureng*

hahaha. Eh kowé wis moco tulisanku durung?. Iku lho jilid loro-né wis tak tulis nèh.

wis. tapi ora kabèh. Ora nggenah isiné.

hahahaha....

lha kowe ngomongké swasono kuliah kalkulus sing isiné integral, diferensial kok dicampur aduk karo nggawé bothok godhong sembukan. Ditambahi pisan karo silsilah jeneng ilmiahé plus anatomi sembukan. Kuliah kalkulus opo biologi....

huahahahaha.....aku mbayangké kowé nulis ngené mesthi karo mencureng...

oraaak. Rugi mencureng karo kowé.. *ikon mencureng*

héhéhé.Tapi pancen dosen2 iku nèk ngajar tiba2 wae pindah topik. Topiké sering sejé adoh karo sing kudu diajarké. Tapi enak aé sih.... Kan mumet ugo nek 2 jam pelajaran mencureng karo integral thok.

iyo sih.
Aku sing paling seneng kuliahé Pak Yono. Masiyo aku kerep ngantuké amargo kuliah jam 9 isuk. Lan dino rebo wektu semono jadwalé aku olahraga lari muteri lapangan bola. Dadi bar subuhan mangkat, lagi mulih jam 7-an. Adus kramas, sarapan trus mangkat néng kampus. Tekan kelas yo mung kari turuné *ikon mringis*.

ck..ck..cik sehaté awakmu. Tapi kok yoo..isih kerep kerokan..
Iyo. Pancèn Pak Yono enak ngajaré yo...trus ugo akeh crito lan ngasih nasihat tentang urip...


ono kata-kata beliau sing aku isih eling nganti tekan seprené. Kadang awaké dhéwé kan nggresula marang kahanan. Kahanan sing ndadekaké awaké dhéwé mung dadi koyo ngené. Ora dadi koyo sing dikarepaké, sing luwih "sukses" manèh.
Trus sing disalahké lingkungan lan malah iso mrèmbèt nyalahaké wong tuwo sing dianggep nggedèaké awaké dhéwé ora sesuai karo sing dikarepaké awaké dhéwé. Mbanding2ké karo wong tuwoné konco liyané.

iyo..

ngendikané beliau, nek awaké dhéwé isih sok nggresula ngono, artiné kita tidak akan pernah menjadi dewasa kalau selalu menyalahkan lingkungan...yang dianggap menyebabkan kita jadi seperti yang ini, tidak jadi seperti yang itu seperti ekspektasi kita.

jan2né awaké dhéwé arep dadi opo kan yo awaké dhéwé sing mutuské. Lan gelem ora ngadepi kabeh konsekuensiné.

iyo. Lan nasihat iku mancep cep..nang sirahku. Luwih mancep nasehat iku tinimbang mata kuliahé sing aku wis lali blas héhé....

héhéhé...yo wis aku arep nerusaké kerjo..

monggo. aku arep turu awan *mèlèt*

Bintang Film Andhelan Jawi Wetan [lan Madura]

08 September 2005

aku iki isih ponakane haji syukri lho!

Para sanak kang minulya,

Lha ya iki panjenengané Cak Nor, priyagung bintang film asal Bangkalan. Kondhang arum asmané, wis misuwur ing sakambané donya.

Kamangka biyèn mung ngéwangi pakliké dodol saté. Bosen kebelèr sujèn panjenengané ngèngèr nyang tangga désa sing mbukak grèsèkan wesi karat ing Tanjung Perak.

Lha ing pelabuhan iku panjenengané Cak Nor digemblèng. Saben dina gelutan, saben dina kebarèt wesi grajèn sompalan kapal. Yèn mung kebelèr sujen sate wis ora krasa.

Once upon a time, eh sawijining dina, panjenengané katut kapal barang, klebu ing kontainer, nganti tekan Ngamrik. Amarga pinter gelut panjenengané diwedèni. Ana sutradara sing ngonangi, banjur Cak Nor dicoba dadi figuran film, tanpa micara amarga durung bisa basa Inggris.

Bareng wis pinter basa landa Ngamrik iu, panjenengané main film kanthi micara, kebagian rol utama. Supaya gagah, panjenengané ganti seratan asma: Chuck Norris.

*) Cerita ngawur iki oleh ilham saka GaringBasi

Gadung: Gak Athek Pulo, Opo Maneh Preman

07 September 2005

Lek udan wis mulai arang, tandane ketigo wis kate teko. Wayahe mlebu mongso ketigo. Wit-wit godonge mulai akeh sing kuning trus coklat. Angin molai nggebes. Godong-godong wit-witan podo rontok keterak angin kenceng. Lek angin nggebes ngene, paling enak dulinan layangan. Lek gak duwe duwek gawe tuku layangan, yo nggawe dewe. Pring kari ngethok nang barongan, kertas golek siso-sisone tindesane blangko nang kantor ndeso trus lem iso nggawe soko pathi. Paling-paling bolahe ae sing kudu tuku nang toko.

Tapi gawe arek-arek cilik sing durung iso ngulukno layangan, biasane dulinan layangan godong gadung. Godong sing wis coklat sebab wis garing. Kari nggolek sing ombo tur bunder bentuk-e, trus dikek-i tali, dadi wes layangan. Cumak gak isok muluk, dadi paling di tarik ambek mlayu-mlayu. Kecuwali lek pas angine ngguwebes-bes, layangane iso muluk dukuuur sampe wuwungan omah. Arek-arek cilik pasti podo surak kabeh, mencolot-mencolot kesenengen.

Sakbenere gak cumak godonge thok sing ono gunane, uwine gadung yo iso di pangan. Di krepek opo di gawe urapan karo parutan kelopo enom. Gurih tur uweeenak nemen. Wis tau nyubo? Lek durung cubo-o tuku nang pasar ngelayani dewe. Lek nggawe krepek dewe, ojo sembarangan lek durung ngerti carane. Sebabe gadung ngandung racun alkaloid padet yoiku dioscorine jenenge sing iso marai kejang-kejang koyok brekden-an.

Gadung sing jeneng ilmiahe Dioscorea hispida Dennst mlebu jenis wit-witan sing ngerambat. Wit iki asale soko negorone Amitabh Bachan, Indiya kono. Embuh piye critane iso teko kampungku nang nJombang. Gadung biasane nggolek rambatan wit liyo. Lek ngerambat dukure iso sampek sepoloh meter. Gadung batange cilik bunder akeh ri ne, lincip-lincip. Warnane biru sodo abu-abu trus ono lugute, putih. Godonge, godong majemuk. Onok telung godong sing bentuk e koyok jantung. Trus kembange muncul nyempil nang kelek e godong. Rupane koyok nekeran cilik-cilik ono wulune.

Uwohe, yo uwine iku ono ning ngisor lemah, kependem. Kulite warnane coklat enom, trus ono oyote, mirip koyok rambutan (dudu wuluan kan Sam?). Tapi rambute arang-arang. Gede uwine, sak ndase bayek. Lek lemahe subur, gedene iso sak ebor. Lek diiris, daging uwine warnane putih, ono yo an sing kuning gading. Liwat uwine iki, gadung ditandur. Cokop lebokno bolongan trus ditutupi lemah. Lek iso jerone paling kurang telong poloh sentian. Nandure paling enak ndek cidek uwit. Dadi ora usah nggawe lanjaran maneh. Lek gak yo kudu nggawe lanjaran gawe rambatane. Pucuke pring sing paling manteb.

Zat kimia sing dikandung uwi gadung antarane: dioscorine mau, saponin, amilum, CaC204, antidotum, wesi, kalsium, gemok (lemak), uyah (garam) fosfat, protein, dan pitamin B siji. Lek jare mbah Propesor Hembing Wijayakusuma, uwine iso gawe jamune boyok en (rematik), kusta, nguyuh legi (kencing manis), nyeri pas mens, borok en, karo kapalan. Yok opo-yok opo cara nggawe karo ngeracik jamune, lek koen kepingin eruh, tuku o ae buku Tanaman Berkhasiat Obat sing ditulis mbah Propesor.

Sak mene sek yo rek! Joko sembung kesrimpet, bakal disambung lek sempet. Disambung cara nggawe krepek gadung.

Landa Amerika

Biyèn aku manggon ing sawijiné kutha cilik, kotamadia, sing mung nyakup 9 kelurahan lan sakecamatan. Ing kutha iku akèh wong Landa.

Lha tembung Landa kuwi ya manut karepé wong akèh: kabèh keturunan kaukasia diarani Landa. Kaya wong Jakarta ngarani wong kulit putih kuwi bulé, kamangka bulé kuwi albino, lha nanging tembung bulé sidané banjur dadi tembung nasional.

Sawijining dina, aku mulih saka sekolah minggu. Sakturuté dalan, ning ngarepku ana rombongan bocah-bocah sakumuran 8-12 taun lagi mlaku-mlaku. Lha karo bocah-bocah kampung, rombongan iku dibengoki, "Hoiiiiiiiiiiiiii... landa! Landa èlèkkkk!"

Bocah paling gadhé, sakngertiku adhine Curtis, banjur mandhek, mbalik, tangan kiwa mlangkrik, tangan tengen ngacung munggah karo nggegem, "Aku dhudhu londho! Aku Amerikaaaaaaaaa!"

Lha pancen kuwi rombongané bocah-bocah Amrik, dudu Holland, Ostrali utawa Jerman -- ing kuthaku uga ana wong-wong saka negara sing kasebut mau. Bocah-bocah bulé sing dudu albino kuwi, yèn seneng dolan lan srawung, biasané padha bisa basa Jawa. Yèn basa Indonesia mono bocah-bocah kuwi mesthi bisané.

Wong Jawa nyebut wong kulit putih kaya ngéné: Landa Amrik, Landa Jerman, lan Landa Swiss. Landa saka Nederland? Ya disebut Landa Nederland, Landa Holland, Landa Negara Landa, utawa Landa-Nda. Ana uga sing nyebut Landa didhong.

Gogon

05 September 2005

"Jiaaangkrek!!!"
Kontan podo noleh kabeh nang asale suworo.
"Hancik!!! Congormu i lhoo, ojo asal mangap koyok juglang!"
"Urange podo mlayu cuk!!"

Sing diceluk cuk cumak mringis. Untune sing kuning koyok pacul jejer kethok mrongos. Irunge sing sak sadel becak e Cak Sarip, mekrok. Wong telu kabeh nyumpah-nyumpah gak pedhot-pedhot.

"Lha drijiku di cathek e... Wis ngunu urange ucul pisan!" Jare "Letnan" alesan. Ngarepno dimaklumi konco-koncone. Arek ireng iki diceluk "Letnan" sebab ndek plipise ono pelet sisone tho. Ngerti tho? Iku lo tondo lahir sing wis nemplek kaet bayek procot. Ditambah bapak e jengenge Denan. Dadi karo arek-arek diceluk "Letnan". Singkatan pelet denan.

Wis mari goro-goro diluk maeng, kabeh podo anteng maneh. Letnan separoh ndodok nggogoni leng-leng ndek ngisor oyot barongan. Parli, sing paling tuwo lan gede awake tapi sodo telat lek mikir, milih nggon sodok tengah. Sing akeh boto kuno karo watu-watune. Meski sodok telat lek mikir, tapi tangane gak tau telat lek nyekel urang. Jagoane gogon.

Sudar, sing paling wedi suwale kenek banyu, milih gogon ndek pinggir. Nggolek nggon sing cethek. Soale lek konangan mbok e dolen ndek kali, iso disabet sapu dhuk sikile. Dek e gogon gayane koyok wong rukuk lek sembahyang. Mangkane bolak-balik ndengkak-ndengkek, mullet. Wis gak keitung sambat. Sing gegere pedhot lah, cuklek lah, encok lah. Saking keselku, pas dek e mbungkuk rukuk ndiloki leng-leng ndek perengan wadas, bokonge tak senggol. Hasile, dek e kejlungub. Suwale teles, raine abang kabeh meh mbrebes mili. Mongkin dek e wis kebayang sapu dhuk e mbok e bakal melayang. Letnan karo Parli ngguyu kemekelen.

Aku dewe senengan ndek tengah-tengah. Banyune mek sak kemiren. Dadi iso gogon karo ndodok. Telapak kiwo mbukak ndandangi urang ben gak mlayu, lha tangan tengen alon-alon ngangkat watu. Biasane lek rejeki, iso ono siji loro urang mlungker singitan ndek ngisor watu iku. Mangkane gak salah ono priboso ngomong, ono urang ndek walike watu. Watune kudu diangkat terus digeser alon-alon. Cek urange gak kaget trus mlayu. Mari ngunu karo-karone tangan siap-siap nyekel urang. Hap! Kudu cepet, lek kalah kesit karo urang, yo alamat mlongo gak oleh opo-opo.

Kadang-kadang lek wis yakin lek neng walike boto ono urange, tangan langsung nyekel urang. Koyok pak pulisi ngepung penjahat ndek acara Sergap. Botone gak perlu disingkirno. Cuman yo iku, motomu kudu awas, cek iso ngerti tondo-tondo ne ono urang ndek ngisor boto. Biasane mek kethok ujunge sungute thok, sing gedene sak bolah njahit.

Wis ono sak jam, aku karo arek-arek gogon. Unine mbanyu nggrojog wis krungu banter, tempuran ancen wis cidek, nang arep. Ketengtengan barongan pring ori. Aku ngadeg mulet, sikilku wis meh gringgingen. Tanganku ngecek urang ndek kresek sing tak slempitno nang sabuk suwal. Drijiku ngitung, siji, loro... limo, pitu,... sepoloh. Wah lumayan sepoloh. Sing siji lek gak salah pas ngendog. Engkok dipanggang enak iki.

Urung mari aku ngelamun. "Dampuuuut!!!" Terus ono sing mlayu nang arahku. Kejebar kejebur unine persis koyok gajah playon ndek banyu. Aku kilangan keseimbangan, kesenggol awak e seng sak gede butho. Aku tibo lungguh, katokku teles kebes. Sudar kejlungub maneh. Ndase nyungsep nang banyu. Cumak Letnan sing slamet soko goro-goro iki.

Saiki giliran Sudar misuh-misuh. Ndilok bolone sengsoro, Letnan ngguyu kemekelen. Sudar karo aku nyumpah-nyumpahi Parli. Sampek elek, entek ngamek kurang nggolek. Ambek tampang melas ndek e njelasno. "Aku bungah poll, ono urang guuede berewokan lumut wis kepojok nang leng. Pas tanganku cek nyekel, lho kok onok njemek-njemek. Pas tak tontok, kok kuning-kuning? tibak e taek. Langsung aku njumbul, misuh-misuh mlayu nang arahmu!" Parli ndudingno tangane sing mambu septikteng nang raiku. Koyok pendekar silat, tangane cepet-cepet tak sengkrehno.

"Urangku ocol kabeh!!!" Bengok Sudar laporan karo melas. Replek tangan tengenku ngecek pinggang. Lha plastik ku yo ra ono. Motoku jelalatan nggoleki bek e sik ngambang. Kresek ireng iku wis kampul-kampul balapan karo kresek abang nang grujugan. Sak dilut wis ilang gak ketok kegowo playune banyu.

Ambek cengengas-cengenges Letnan, sing ngeroso paling bejo, tangane nggrayahi oyot barongan. "Jiangkreeeek!!! Urangku ilang pisan!!! Maeng kresek abange tak centhelno oyot ndek kene e!" jarene karo mringis.
"Kresek abang! Urangmu kok adahi kresek abang???!!!"
"Berarti saiki sik balapan karo urangku, kanyut nang kali!!!"
Letnan kontan shock. Mlongo! Saiki untune persis pacul dicenthelno njejer nang gedeg!

Nasib... nasib!!

Rambut lan Wulu

Para sanak, nyuwun sèwu yèn iki, manèh-manèh, rada saru. Karepku ngono ora arep ngejak rembuk saru, aku mung arep ngudhar rasa bab basa Jawa. Lha sing saiki ngenani bab rambut lan wuluné manungsa, dudu sato kéwan. Lha apa to bedané rambut lan wulu? Bu Dokter Siberia luwih pirsa bab iki. :)

Lha saka ngendi gagasan nulis iki? Ana sawijining nom-noman kang nitip warta ing blogku. Promosi, ngono. Jebul isiné blog saru, lan bocah iku sajak-sajaké waé rada fetish utawa mbrahala wuyung ing rambut lan wuluné wanita.

Banjur apa sing arep tak udhar? Iki lho. Sakngertiku tembung Jawa bab rambut utawa wuluné manungsa iku jangkep, malah luwih pepak tinimbang basa Indonesia.

Coba to, digatèkaké. Alis ing basa Jawa, ing basa Indonesia uga alis. Jénggot uga tetep jenggot. Lha bréngos kuwi kumis. Yèn godhèg kuwi cambang. Lha yèn idep, ing basa Indonesia dadi bulu mata. Simbar, ing basa Indonesia dadi bulu dada. Aku ora ngerti banjur sing ing basa Indonesia bulu kaki kuwi basa Jawané apa ya mung wulu sikil?

Miturut guru basa Jawaku biyèn, nalika aku SMP, saben rambut lan wulu ing panggonan awak manungsa kuwi nduwèni jeneng dhéwé-dhéwé. Pak Guru, asmané Pak Masno, priyayi Sala, maringi conto "gumblis". Bocah sakelas bingung, apa kuwi. Jebul, nyuwun sèwu waé ya, gumblis iku wulu utawa rambut ing njaban dalan bebucal [anus]. Bocah-bocah cekikikan.

Miturut kancaku, wong Klaten, wulu ing jempol sikil sing yèn dicabut banjur bisa njalari abuh iku kaaran wulu cumbu. Lho, kok endah temen jenengé ya... :)

Yèn rambut utawa wulu ing genital iku kaaran "j......", basa Indonesiané uga mengkono ning ora sopan yèn kocap, mulané yèn kepeksa nyebut cukup rambut/bulu kemaluan. Banjur apa arané rambut utawa wulu kèlèk ing basa Jawa? Lha rambut utawa wulu ing bolongan irung iku apa jenengé? Aku durung ngerti apa basa Indonesiané uyeng-uyeng utawa unyeng-unyeng. Wong Jakarta ngarani user utawa user-user. Lha yèn wulu kalong, apa basa Indonesiane?

Mengkono layang semprulku dina iki. Nyuwun sèwu, aku iki kadangkala pancèn rada kurang gawéan, bab sepélé waé tak pikir. Ning bar iki aku wis akèh gawéan, rapat lan corat-corèt. :D

Donyane Soyo Kebak

Sakjane warta iki iso wae wis suwe kedadean, ananging aku lagi nemoni esuk mau, udakara sak jam kepungkur. Saka ngomah, aku nuju selokan mataram sak perlu njupuk fotokopian. Aku kaget, dalan kaliurang macet. Kebak kendaraan.
Dalan macet kapetung saka Kenthungan tekan prapatan polsek depok (UGM). Sak suwene aku urip nang Yogya, ya lagi iki nemoni kedadean kaya ngene. Ndhisik pancen nate kedadean sing padha, ananging wektu iku amergo ono sripahe priyayi agung. Esuk iki, ora ono priyayi agung sing tilar donya, priyayi sing diarep-arep ndang dipundhut yo malah isih seger (yo mung jarene sok kumat loro tekanan darah tinggi-ne) :p
Mbalik nang crito dalan iku mau, mobil-mobil ora iso maju, eh.. mungkin luwih pas nek nganggo ukara suwi banget olehe maju. Aku sing nganggo motor dadi keroso bejo (lho.. kok koyo tombol nang google). Iso nlisip nang selane mobil, njur plencing mlebu dalan tikus. Lega rasane. Aku njur mbayangne, opo koyo ngene yo urip nang Jakarta saben dinane? hehe.. gandeng aku kie wong ndeso, dadi yo mung iso mbayangne.
Lha, terus iki masalahe opo? Kok ndadak di tulis?
Lha iku masalahe, aku yo bingung.. hehe. Sing jelas sing sak klebat lewat nang pikiranku, aku langsung nyalahne sing dho nduwe mobil. Aku dhewe ndhisik tau pingin nduwe (sak iki yo isih pingin nding :p) mobil. Ning coba, nek koyo iki kahanane opo to penake? Gek aku nyawang seko deretan mobil iku, mung ono siji loro sing bener-bener kebak isine, liyane mung di isi wong siji utawa wong loro.
Dalane dadi kebak. Byuh.. mbuhlah.. aku bingung hehe... para sedulur iso urun rembug? opo malah misuhi pikiranku, aku siap nampa hehe..

sugeng enjang...

*lantip nyruput wedang teh kemepyar*

Honocoroko Podho Joyo(wo) né :)

03 September 2005

Masiyo podho jowoné lan biasa ngomong nganggo boso jowo, terkadang isih ono salah tompo, amargo ono ukoro sing artiné rodo sejé. Biasané kedadéyan nèk asal daerahé sejé. Koyoto wong jatim lan jateng utowo wong jowo daérah pesisiran lan wong nggunung.

Jaman kuliyah mbiyèn ngontrak omah cah pitu, jowo kabèh, nanging asal daerahé sejé-sejé. Ono dialog sing aku isih rodo kèlingan:

"Nèk wis mari, énggal mréné yo.."
"Mari? Lha aku iki ora lara jé.."

Durung suwi iki, sesasi-an kepungkur nèk ora salah, aku mèsem-mèsem dhéwé nemoni kedadéyan salah tompo ngené nang shoutbox, antara Dèn Bagus Nopal karo Jeng Isna. Nopal iku asli soko Malang lan Isna iku putri Solo sing rodo suwi prèi soko dunia maya amargo lara.
Kiro-kiro ngèné ukarané.

"Pal, aku wis mari kok.."
"Mari ngopo?..." *bingung*

Héhéhé...

Wong jowo tengah ngarani sembuh dari sakit iku mari. Nanging mari-né wong jatim sing tak tangkep artiné rampung, bar.

Wektu semono iku, karo koncoku sing cah jatim yo tak takokaké:

"lha trus nèk ngarani sembuh dari sakit opo? "
"waras.."
"wééh...waras iku sak ngertiku terkadang artiné dadi lawan katané èdan..."


Pancèn waras iku artiné slamet, séhat. Nanging nang ndésoku, sak élingku aku arang nemoni tembung iki digawè pitakonan kanggo wong sing bar lara. Embuh nèk nang daerah jawa tengah liyané.

Si Tholé lan Si Bawuk

02 September 2005

"Lé" iku celukan kang lumrah kanggo bocah lanang. Mulané aku ngundang Imponk NoTrash kuwi "lé". Biyungku kadangkala uga nimbali aku "lé". Ning bareng tak eling-eling, yen ora salah tembung sing asalé saka "tholé" iku nduweni riwayat kang kurang sopan.

Lha yèn miturut para sepuh lan uga guru basa Jawaku ing SMP biyèn, "tholé" iku saka tembung, nyuwun sèwu ya, ngaturi duka, "kont----é" sing ateges barangé wong lanang. Lha yen "wuk" utawa 'bawuk" iku sejatine saka tembung "g-w-k" sing ateges barangé wong wadon.

Aku durung yakin apa panemu iku mau bener utawa salah. Lha ning saumpamané bener, kok ya anèh. Celukan kok dijupuk saka tembung saru. Lha kuwi pada wae yen nganggo tembung modern utawa ilmiah nyeluk cah lanang "pen" utawa "nis", lan nyeluk cah wadon "vag" utawa "na" [utawa "gin"].

Kepriyé miturut para sanak? Nyuwun sèwu yen posting iki kurang prayoga.

Wong Jawa: Pancèn Bangsa Tani [?]

01 September 2005

Sajaké waé wong Jawa iku sejatiné pancèn tani, dudu wong segara. Aku wis naté nulis bab iki ing Lesehan, bloge Lantip Trengginas. Intiné, aku ora meruhi tetembungan apa waé ing Basa Jawa sing bisa madhahi jagat segara.

"Biyèn yèn lunga nyang Makassar kuwi numpak prau," mengkono ngendikané sawijining priyayi sepuh. Kamangka sing dikarepaké kuwi kapal Pelni. Kapal lan prau, lha ya béda to?

Semono uga salah kaprah ing pangocapan: laut, teluk, selat, segara, samodra. Kok kaya-kayané dianggap padha. Banjur apa basa Jawané semenanjung, muara, gosong[an], delta [iki saka basa Landa], dermaga, lan pantai?

Lha nyangkut bab kapal, apa basa jawané buritan, lambung, lunas, palka?

Banjur apa basa Jawané bajak laut, lanun, lan perompak? Mengko dhisik ya, aja bingung. Bajak laut iku ana loro: sing sepisan ngerampok ana ing tengah laut, lan sing kapindho ngrampok ing darat banjur lunga menyang tengah laut.

Para sadulur saka pasisir mesthiné bisa mènèhi suluh marang aku lan para kanca. Apa maning wong seka Tegal Kota Bahari, giyèh masa ora bisa nuturaké, kepribèn kiyé la...?

Sadulur sekang Purwokerta siji kiyé [yèn durung pindah] bisa mènèhi suluh apa ora ya?