Osob Kiwalan

29 July 2005

Nek ning jogja ono boso dagadu sing dadi boso slang-e cah2 enom, ning Malang ugo ono boso slang sing sering digawe ning omongan pergaulan arek enom Malang. Osob Kiwalan, alias Boso Walikan.

Tugu Malang


Boso iki nurut tulisan2 sing sempet tak telusuri wis ono sejak jaman perang karo Londo. Ora jelas jaman Londo sing endi, tapi kemungkinan ning jaman perang gerilya sak wise kemerdekaan. Boso iki dienggo karo arek2 malang sing dadi pejuang kanggo boso sandi ben ora gampang dimengerti karo wong liyo, terutama wong Londo lan antek2e. Dadi coro walikan iki wis lumayan suwe ono ning daerah Malang. Sampe saiki juga boso iki isik tetep akeh sing nggawe.

Boso walikan-e Kera Ngalam iki ora pati susah aturane. Wis jelas banget soko istilahe. Kanggo ngerti artine kata2 boso walikan iki yo cukup diwalik maneh, hurup per hurup soko mburi mengarep. Ngono ae kuncine. Nek ono konsonan koyo "ng" utowo "ny", konsonan iki tetep dadi "ng" karo "ny" ning proses pewalikan.

kera = arek;
("ke" diucapno koyo "kerekan", dudu "kera" sing dulure monyet :P)
ngalam = malang;

Tapi nggak berarti nek arep ngomong boso walikan iki kudu tiap kata terus diwalik kabeh. Kata2 sing nganggo walikan iki muk kata2 tertentu ae sing wis lazim diwalik, sing wis dikenal karo wong akeh ning Malang. Kata2 liyane sing nggak lazim diwalik yo ora usah dipekso diwalik. Karepe pengen diaku dadi arek Malang sing kedaden malah dadi wong planet :P Nek arep coba2 ngusulno kata walikan anyar yo iso ae, tapi yo ora gampang ben iso terkenal lan ditrimo karo kabeh pengguna walikan.

Sing rodo aneh soko kata2 sing wis dadi kosakata baku-ne boso walikan iki, sebagian iku dijupuk soko boso Indonesia sing diwalik. Dadi dudu soko kata2 boso jowo. Embuh piye critane. Kata2 iku ning bentuk boso Indonesiane yo jane ora diserap ning boso jowo biasa ning Malang. Dadi pancen rupane sengojo sing diwalik iku boso Indonesiane. Mungkin mergo awale boso iki kanggo boso sandi, dadi dijupuk kata2 sing rodo ora lumrah.

Koyo to contone:

ayas = saya; umak = kamu; nakam = makan;
rudit = tidur; ngalup = pulang; kadit = tidak;
nawak = kawan; tenyom = monyet;

Kata2 iku wis baku banget dadi boso walikan. Dadi nek arep ngarani "aku", ora umum nek nggawe "uka". Istilah "neok", "aro", "urut", "oncok" ora dikenal ning boso walikan malang. Kecuali beberapa ono sing duwe rong versi. Koyo "ngalup" iku ono versi jowone sing juga lumrah digawe, yoiku "helom" soko "moleh" (mulih). Kadang juga ono sing nggawe "nangam" soko "mangan", tapi isih luwih umum "nakam".

Ning ngisor iki conto2 boso walikan liyane sing umum digawe:

ongko:
utas = satu; omil = limo; holopes = sepuluh;
tekes = seket; sutas = satus;

panganan:
lecep = pecel; oskab = bakso; oges = sego;

kutho/daerah:
Ngalam, Ayabarus, Arudam;
(jeneng kuto liyane ora lumrah diwalik)

liyane:
ojob = bojo; nganal = lanang; kodew = wedok;
libom = mobil; utapes = sepatu; halokes = sekolah;
orip = piro; ibar = rabi;
uklam = mlaku; oyi = iyo; nayamul = lumayan;
tahes = sehat; kubam = mabuk; ketam = matek;
ngayambes = sembayang;
sinam = manis (kanggo ngarani arek wedok ayu);

frase (opo to jowone?) sing wis umum:
kadit itreng = nggak ngerti;
kadit niam = nggak main (istilah kanggo wong sing kerjone nggak becus)
kanyab tulum = kakehan omong;
nawak ewed = konco dhewe;

Iku ae kata2 ning boso walikan sing aku isih iling. Ono maneh sih beberapa kata maneh sing cukup populer, cuman iku kata2 pisuhan lan kata2 jorok sing ora sak pantese ditulis ning kene :)

Tapi ora kabeh boso slang Malang-an iku walikan. Beberapa kata ono sing ora nganggo pakem walikan. Embuh kedadeane piye, moro2 yo wis ngetop ae dadi boso prokem. Koyo to "ojir" kanggo "duit", "ebes" kanggo "bapak", utowo "koyes" kanggo "ngapusi".

Lha yo ngono iku boso pergaulan arek enom ning Malang sing iso diarani cukup unik, soale ono pakeme. Pancen liyo panggonan yo liyo maceme, masiyo podho2 jowone. Boso walikan iki juga jare iso dadi senjata ampuh nek pengen aman utowo pengen digampangno pas ketemu karo preman2 asal Malang sing ono ning Jakarta.
Jarene.... aku dhewe durung tau mraktekno :D

Mbulan

21 July 2005

Aku lagi pandeng-pandengan karo komputer, naliko hape-ku muni.

"eh mbak, itu yang diatas gedung lab di langit sebelah selatan apa ya? warnanya merah. planet bukan ya? "

Swarane konco lab-ku sing tas wae metu soko lab, arep mulih. Lagi ono nang ndalan.

"planet???..." aku bingung....

Aku age-age mbukak jendelo...nggoleki arah sing di maksud koncoku. Ingak-inguk ..nang langit.. mak tratab...atiku entek.

Nang langit sebelah wetan rodo ngidul ono bunderan gedhe werno abang mbranang lagek muntub-muntub arep njedul soko perengan perbukitan.

mbulan gedhe...bulan purnama...mangetsu (=bhs jpn)



Atiku pancen langsung trataban, wedi, nek weruh mbulan gedhe ngono. Naliko cilik mbiyen, nek weruh mbulan gedhe aku biasane mlayu sipat kuping hehe.... wedi nek mbulane bakal medhuk, bakal ngoyak...hihi.

Sing tak wedheni yo bulan purnama sing lagek arep njedul kuwi, karo nek wayah subuh. Gedhe banget, abang wernane. Dadi nek pas wayah ngono, aku lagi nang njobo omah amargo ono perlu, biasane mlaku karo krudungan sarung.

Tapi sakwise mbulan wis munggah nang langit nduwur ora opo-opo....eh karo nek weruh mbulan mantul soko banyu..aku yo wedi. Misale bar udan, banyu akeh sing ngecembong...pas padhang mbulan...walah...ora wani metu ngomah. Rumangsaku mbulanne dadi tambah akeh.

Tak pikir roso wedi bakal ilang sakwise aku wis iso nalar, tapi ternyata ora. Isih ono. Masiyo, jaman saiki cahyane mbulan iku wis kalah karo gemerlap lampu-lampu, tapi nek wayah subuh pas sepi...aku tetep duwe roso wedi.

Aku dhewe yo ora iso njlentrehake, mendefinisikan, roso wedi iki. Sing tak roso yo, lha wong nang langit sing peteng, ireng, ndedhet ngono kok ono sing moncer dhewe. Pokoke wedi:). Konco-koncoku sing podho tak critani, awale yo podho ngroso aneh...ora percoyo. Lha wong mbulan apik ngono kok di wedeni :).

Aku mung ora iso mbayangke nek urip nang planet Jupiter, sing jarene nduwe mbulan (satelit) 8 cacahe. Aku mungkin bakalan semaput keweden nek wayah bulan purnama :D

"Gugel" Boso Jowo

07 July 2005

Wis tau ngerti kan, nek search engine paling ngetop Google iso dirubah bosone. Pilihan boso sing ono jumlahe nganti 105 macem! Mulai soko boso2 internasional koyo Prancis, Jerman, Arab, Cino, nganti boso aneh ra jelas koyo boso Hacker, Bork bork bork!, lan Klingon (Hah! boso iki ono penggunane ta? bongso Klingon iku ono tenan ta? bongso sing bathuke njlekithut-njlekithut iku?!). Boso Indonesia jelas mlebu, penggunane ono luwih 200 juta ngono yo mesti kudu ono to.

Sing nggawe aku kaget pas pertama kali aku ngerti ono fasilitas iki, ono pilihan kanggo boso jowo!! iyo, google nganggo boso jowo nyel ngono kuwi. Wis tau ngerti kan? Nek durung ngerti (sakno tenan sampeyan :P), iso dibuka ning kene utowo ning kene.



Begitu pilihan boso jowo iku tak pilih, metu situs Google nganggo boso jowo. Aku ngguya-ngguyu dhewe moco kalimat2 boso jowone Google. Hihihi... lucu ngono loh (maksude "gitu loh" :D ). Semono taun mbuka2 website soko ngendi2, baru iku nemu sing nganggo boso jowo. Dadine yo kroso aneh. Mungkin podho koyok ngono sing dirasakno poro blogger sing pertama kali nemu blog iki, ora lumrah, aneh lan lucu, masiyo to sedina-dina ne nggawe boso jowo. Masalahe kan wis kadung biasa moco website iku yo nganggo boso inggris, istilah2e iku wis paten ngono loh.

Coba to:
"Google Search" dadi "Google Nggoleki"
"Groups" dadi "Paguyuban"
"webpage" dadi "webkaca"
"I'm feeling lucky" dadi "Kula krasa bejo"


huehehehehe... ora lumrah tenan
sing paling lucu, ning pilihan boso ono boso aneh sing ning versi Inggrise ditulis "Bork,bork,bork!"... embuh iku boso endi. Ning versi boso jowone, pilihan boso iku ditulis "Mbuh,mbuh,mbuh!" ... whuahahahaha!!!

Ora Konsisten

Tapi nek tak woco2, koyoke pilihan ukara sing digawe kurang konsisten. Koyo to, ning banner-e kuwi ditulis "Google basa jawi alus", padahal sing digawe iku boso ngoko. Sing nganggo boso kromo cuma "kulo" ning "Kulo kroso bejo", iku juga boso madyo dudu boso alus. Lan sing paling ancur tata-basane iku kalimat iki "Nyetel pilihan ora saget mlaku yen cookies nang browsermu sampun diilangi"... kaco tenan :P

Terus maneh sebagian besar ditulis nganggo dialek jawa-tengahan, sing nganggo akhiran "-ake", koyo "nemukake", "mbalekake", "didhasarake". Tapi ono nylempit siji boso jawa-timuran, sing nganggo akhiran "-no", yoiku "Ndadekno Google kaca utama Homepage". Mestine kan "ndadekake", nek arep konsisten jawa-tengahan.

Carane nulis huruf "a" sing diwoco "o" uga nggak konsisten. "Soko" ditulis "saka" nganggo "a", tapi "opo", "kroso" ditulis nganggo "o". Liyane malah mencla-mencle, "boso" karo "koco" kadang ditulis nganggo "o" kadang karo "a". Sing lucu ono "cara-cara" sing ditulis dadi "coro-coro".. hahaha!! :D

Ono maneh ukara2 sing digawe ning kono iku sing aku ora tau ngerti. Koyo "recommended" iku dadi "didawukake", terus "interface" iku dadi "gatokane". Embuh aku durung tau krungu kata-kata iku. Ono sing ngerti?

Ngembangne Boso Jowo

Masiyo ono kurang2e koyo ngono, tapi anane boso jowo dadi pilihan ning interface Google iku jelas kehormatan sing mbebungahake. Mungkin pancen ora ono sing butuh banget karo interface boso jowo iki, soale mayoritas pengguna boso jowo sing melek internet iku kan minimal ngerti boso indonesia, utowo sing ning suriname kono yo ngerti boso londo. Paling enggak iki dadi pengakon nek boso jowo iku iso diusahakake dadi sejajar karo boso liyane. Durung sejajar seh, tapi iso diusahakake :)

Boso jowo dadi boso ilmiah utowo dadi boso teknologi mungkin isih kroso aneh. Secara boso jowo iku saiki iki luwih lumrah digawe boso percakapan tinimbang boso tulisan. Nek dienggo kanggo boso tulisan juga mung terbatas ning tulisan sing mbahas soal sastra lan budaya jowo.

Mungkin nggak yo, boso jowo dikembangne dadi boso ilmiah utowo boso teknologi?
Tapi perlu nggak sih?

Jape mete

04 July 2005

Koyo boso-boso neng masyarakat liyo, boso jowo khususe tlatah yogya ugo kenal karo boso sing disebut boso gaul utowo boso slank.

Carane ukoro-ukoro kuwi diwalik hurufe.

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa da ja ya nya
ma ga ba ta nga

urutane diwalik dadi :

pa da ja ya nya
ma ga ba ta nga
ha na ca ra ka
da ta sa wa la

misale ireng = piyel
mas =dab

Salah siji ukoro sing populer nganti njobo tlatah yogya yokuwi "dagadu" sing artine matamu, tenane iku ukoro umpatan sing kasar. Populer amargo dienggo merek dagang kenang-kenangan (souvenir) terkenal khas yogya sing produk-e koyo kaos oblong, gantungan kunci, mug, pembatas buku lan pernak pernik liyane.

Biasane wong-wong enom nek dho ngomongan nganggo istilah-istilah kuwi, ben ketok gaul neng yogya. Dadi nek ono cah enom dho kumpul2, terus ono sing arep gelutan, biasane dibengoki ro konco liyane, "dab, jape mete", sing maksud-e : "mas, cahe dhewe ( koncone dhewe)", dadi ojo dho kerengan.

foto : dagadu.co.id