"Gugel" Boso Jowo

07 July 2005

Wis tau ngerti kan, nek search engine paling ngetop Google iso dirubah bosone. Pilihan boso sing ono jumlahe nganti 105 macem! Mulai soko boso2 internasional koyo Prancis, Jerman, Arab, Cino, nganti boso aneh ra jelas koyo boso Hacker, Bork bork bork!, lan Klingon (Hah! boso iki ono penggunane ta? bongso Klingon iku ono tenan ta? bongso sing bathuke njlekithut-njlekithut iku?!). Boso Indonesia jelas mlebu, penggunane ono luwih 200 juta ngono yo mesti kudu ono to.

Sing nggawe aku kaget pas pertama kali aku ngerti ono fasilitas iki, ono pilihan kanggo boso jowo!! iyo, google nganggo boso jowo nyel ngono kuwi. Wis tau ngerti kan? Nek durung ngerti (sakno tenan sampeyan :P), iso dibuka ning kene utowo ning kene.



Begitu pilihan boso jowo iku tak pilih, metu situs Google nganggo boso jowo. Aku ngguya-ngguyu dhewe moco kalimat2 boso jowone Google. Hihihi... lucu ngono loh (maksude "gitu loh" :D ). Semono taun mbuka2 website soko ngendi2, baru iku nemu sing nganggo boso jowo. Dadine yo kroso aneh. Mungkin podho koyok ngono sing dirasakno poro blogger sing pertama kali nemu blog iki, ora lumrah, aneh lan lucu, masiyo to sedina-dina ne nggawe boso jowo. Masalahe kan wis kadung biasa moco website iku yo nganggo boso inggris, istilah2e iku wis paten ngono loh.

Coba to:
"Google Search" dadi "Google Nggoleki"
"Groups" dadi "Paguyuban"
"webpage" dadi "webkaca"
"I'm feeling lucky" dadi "Kula krasa bejo"


huehehehehe... ora lumrah tenan
sing paling lucu, ning pilihan boso ono boso aneh sing ning versi Inggrise ditulis "Bork,bork,bork!"... embuh iku boso endi. Ning versi boso jowone, pilihan boso iku ditulis "Mbuh,mbuh,mbuh!" ... whuahahahaha!!!

Ora Konsisten

Tapi nek tak woco2, koyoke pilihan ukara sing digawe kurang konsisten. Koyo to, ning banner-e kuwi ditulis "Google basa jawi alus", padahal sing digawe iku boso ngoko. Sing nganggo boso kromo cuma "kulo" ning "Kulo kroso bejo", iku juga boso madyo dudu boso alus. Lan sing paling ancur tata-basane iku kalimat iki "Nyetel pilihan ora saget mlaku yen cookies nang browsermu sampun diilangi"... kaco tenan :P

Terus maneh sebagian besar ditulis nganggo dialek jawa-tengahan, sing nganggo akhiran "-ake", koyo "nemukake", "mbalekake", "didhasarake". Tapi ono nylempit siji boso jawa-timuran, sing nganggo akhiran "-no", yoiku "Ndadekno Google kaca utama Homepage". Mestine kan "ndadekake", nek arep konsisten jawa-tengahan.

Carane nulis huruf "a" sing diwoco "o" uga nggak konsisten. "Soko" ditulis "saka" nganggo "a", tapi "opo", "kroso" ditulis nganggo "o". Liyane malah mencla-mencle, "boso" karo "koco" kadang ditulis nganggo "o" kadang karo "a". Sing lucu ono "cara-cara" sing ditulis dadi "coro-coro".. hahaha!! :D

Ono maneh ukara2 sing digawe ning kono iku sing aku ora tau ngerti. Koyo "recommended" iku dadi "didawukake", terus "interface" iku dadi "gatokane". Embuh aku durung tau krungu kata-kata iku. Ono sing ngerti?

Ngembangne Boso Jowo

Masiyo ono kurang2e koyo ngono, tapi anane boso jowo dadi pilihan ning interface Google iku jelas kehormatan sing mbebungahake. Mungkin pancen ora ono sing butuh banget karo interface boso jowo iki, soale mayoritas pengguna boso jowo sing melek internet iku kan minimal ngerti boso indonesia, utowo sing ning suriname kono yo ngerti boso londo. Paling enggak iki dadi pengakon nek boso jowo iku iso diusahakake dadi sejajar karo boso liyane. Durung sejajar seh, tapi iso diusahakake :)

Boso jowo dadi boso ilmiah utowo dadi boso teknologi mungkin isih kroso aneh. Secara boso jowo iku saiki iki luwih lumrah digawe boso percakapan tinimbang boso tulisan. Nek dienggo kanggo boso tulisan juga mung terbatas ning tulisan sing mbahas soal sastra lan budaya jowo.

Mungkin nggak yo, boso jowo dikembangne dadi boso ilmiah utowo boso teknologi?
Tapi perlu nggak sih?

26 Komentar:

Pas jam 12:03 PM, Blogger Unknown nulis...

"didawukake", mungkin soko didawuhake, iku artine "disuruh" nang boso kromo madya

"gatokane"..iki contone ngene:

"tutup panci iki ora pas nek kanggo panci iku, dudu gathokane"

tapi embuh yo nek pas artine karo interface

aku baru ngeh nek akhiran boso jawa-tengahan karo jawa timuran seje..:D

kudune sih nek pance niyat arep diterjemahake kudune konsisten bosone, ngoko, madyo opo kromo inggil, lan kudu wong sing pancen ngerti boso jowo..ora mung angger wong jowo..:D
tapi ono niyatan ngene yo wis apik kok..

 
Pas jam 1:09 PM, Blogger dina susilo nulis...

aku mesakno tenan :D, lagi ngeh nek ono fasilitas kuwi.

Tapi cen campur2 ra karu2an boso jowo sing dienggo.

 
Pas jam 1:56 PM, Blogger Nauval Yazid nulis...

be'e sing nerjemahne istilah2 kuwi beda-beda wong e, ono sing soko malang, tapi ono sing soko pemalang pisan :) dadi yo ra perlu nggumun nek cara jawa-ne liya2 :)

 
Pas jam 1:25 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Asumsi ku yo podho mbek Nauval.. mungkin sing nulis piro orang.. opo wong iku boso Jowone biasa ae.. campuran.. Opo de'e nanya ke beberapa orang sing isa boso jowo.. makane campuran. Kyk aku wae.

 
Pas jam 2:06 PM, Anonymous Anonymous nulis...

pancen.. boso jowo angel yen di tulis.... opo maneh nagnggo keyboard sing terbatas iki.. emang enakke boso jowo yo ditulis nganggo aksoro jowo...


weeiitt... aksoro jowo luwih angel ding...

dadi.. boso jowo enakke mung dienggo omongan .. luwih akrab gitu loch :D *yen karo sesama jawir ;)

 
Pas jam 2:57 PM, Anonymous Anonymous nulis...

JENG RIA, mungkin juga yo iku soko "didhawuhake". Tapi kok sik rodo gak cocok, soale "recommended" iku kan "disarankan". Opo yo? boso jowone "disarankan" kuwi?
Ora cocok nek "gathukane" iku kanggo ngartikno "interface" :)

DINA/ENI, sakno tenan sampeyan :P nangdi wae jeng?

NOPAL & GOLDA, koyoke sih ngono emang. Terjemahan iku nyomot soko ngendi2. Mungkin awake dhewe perlu ngusulne perbaikan Gugel Boso Jowo iki nang Gugel kono :)

ISNA, ditulis nganggo aksoro jowo? sampeyan sik iso ta? :P
Pancen kok, boso jowo iku wis mudhun derajat-e cuma dadi bahasa percakapan :(

Mangkane iku digawe blog iki!! :D

 
Pas jam 1:19 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Aku kok agi ngerti yooo !!
neng pancen lucu tenang aku pas buka malah nguyu nguyu deweee ! :D


way

 
Pas jam 7:53 AM, Blogger Diva nulis...

mas numpang less boso jowo no yo :"> wakakaka

 
Pas jam 12:20 AM, Blogger cikubembem nulis...

huahahahaha.. sumpahd deh... iki pertama kaline sa'jeke urip aku moco postingan karo ngguya nguyu nganti wetengku loro.... hahahahahah ROFL

btw.. "didawukake" kui ketoke salah ketik po yo... kudune "didawuhake". Kata dasar e "dawuh" = perintah

hmmm.. ketoke pancen boso jowo ki penake dadi boso lisan wae yo. believe me or not... aku moco postinganmu ki nunak nunuk lho... jauh lebih lambat dibandingke nek ak moco literatur bhs inggris. well.. mungkin krn ak ra biasa moco tulisan boso jowo paling yoo...

angel jane nek bhs jowo arep dadi bhs tulis ki... lha huruf e kan nganggo hanacaraka kae to... wah mbuh ak isih kelingan ra yo.. hihihi.
soale nek ditulis nganggo huruf romawi.. yo mengko gampang ono kesalahan2, contone koyo sing mbok omongke mau lho... "a" kewalik2 dadi "o".. dll dll.

 
Pas jam 9:30 AM, Blogger Unknown nulis...

iku ngono ancene salah siji kekarepane google supoyo content local-e tambah. makin lama, kabeh boso2 sing nang dunyo bakalan digawe versine. tapi sing aku bingung, yak opo lek google pengin nggawe google kanggo sodara2 kita sing bisu, tuli dsb itu..... :(

 
Pas jam 11:11 PM, Anonymous Anonymous nulis...

kudune awake dewe matur nuwun karo sing nggawe google boso jowo, lha piye ? sing nggawe versi jowo kuwi dudu wong jowo sing ono indonesia, iku sing nggawe wong jowo sing lair ono londo, ananing google boso jowo kuwi amarga soko wong jowo sing ono londo.

Matur nuwun kagem tyang jawi ingkang sampun versi google boso jowo.

 
Pas jam 3:44 AM, Anonymous Anonymous nulis...

aku wis ngerti suwe menowo google due fasilitas boso jowo.. yo kaget tenan sich koq iso, boso jowo khan dudu bahasa nasional koq iso²ne mlebu yo. saiki aku urip nang eropa nanging aku kangen tenan nganggo boso jowo ketimbang boso indonesia. pie iki? kekeke...

 
Pas jam 5:30 PM, Anonymous Anonymous nulis...

heheheh menawi kula sampun ngertos menawi google wonten basa jawinipun. masio toh wonten kekirangan tapi kita kedah bangga lan ngaturake pangurmatan dumateng tim google. lha sakmangke kathah tiang jawi tapi mboten jawi. coba menawi panjenengan tumindakan lan kepanggih "nuwun sewu" ;
cah gunungkidul pelosok utawi cah pacitan pucuk nggunung tapi LKMD (Londo Kok Mung nDase) tansah gegojekan kaliyan kancanipun ndamel LOE GUWE BELAGU heheheheeh.
Kula malah atur pangurmatan dumateng sedherek etnis tionghoa ingkang malah mboten nate isin menawi ngendikan ndamel basa jawi medok.

 
Pas jam 6:17 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Iku Google basa jawa. Kowe mungkin dereng mirsani Wikipedia Boso Jowo. (http://jv.wikipedia.org)

 
Pas jam 3:06 PM, Blogger jame nulis...

aku wis iso simintil-mintil boso jowo meski ora karuan,yo ga po-po jenenge wae masih belajar

 
Pas jam 1:37 PM, Anonymous Anonymous nulis...

salam
wah pas muter2 nang google
ono to situs boso jowo
aku pengen sinau meneh mergone wis suwe nang luar negeri dadi lali
mas admin iso ngedit artikel boso jowo ben tambah alus?

 
Pas jam 9:28 PM, Anonymous Anonymous nulis...

sak jane ana apike ngembangake basa jawa, naming isih akeh hambatane sing angel di ilangi, amarga basa jawa kuwi ning tiap daerah rada' bedha bedha, wong kutho siji lan liyane wae basa jawane isa bedha logate, bedha artine ing tiap tuladhane, angel to nek carane ngono? tapi yo mestine ana dalan kanggo tetep ngalestarekake basa jawa iki, aja nganti ilang utawa mati. :)

 
Pas jam 10:57 AM, Blogger musolilni nulis...

boso jawinipun bawok meniko punopo? lajeng nopo fungsinipun kimpet?
sembah nuwun sanget jawabanipun.

 
Pas jam 6:21 PM, Blogger Unknown nulis...

Sugeng sonten poro mitro hing google boso jowo, kawulo nderek rembagkan. mBok inggiho poro tamu wonten hing Google Boso Jowo mboten nulis kalimat ingkang saru tumrap agomo lan masyarakat. Matur nuwun

 
Pas jam 12:38 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Kula ndherek urun-urun rembag.
Wah jan keleresan, kula badhe nyinau basa jawi kanthi alon-alon, eee ndilalah gugel sampun saged maringi margi kangge nyinaoni basa jawi. Matur nuwun sanget dhateng para paraga gugel. Mugi ndadosaken amal panjenengan . Kaliyan nuwun sewu dhumateng para sedherek ingkang nyerat wonten ing mriki, kula nyuwun seratanipun ingkang sae-sae kemawon boten ingkang ngandhut perkawis ingkang saru tumrapipun tiyang jawi langkung-langkung priyantun sepuh. Nuwun

 
Pas jam 11:04 AM, Blogger wongsorejo nulis...

Heunggih sampun mboten usah dipun perdebatake,soale boso-jowo meniko kathah dialeg sing benten benten nanging bedanipun sekedhik,sedoyo tiyang ingkang ngertos boso jowo mesthi ngertos artosipun.malah mekaten meniko nuduhake menawi boso jowo meniko boso paling d
sugih kosa kata sa'donyo,ngluwihi inglish,mbok menawi.nuwun.

 
Pas jam 8:43 PM, Anonymous Anonymous nulis...

sae gan,,,,,,nguri-uri boso jawi!!!!!!!!!!

 
Pas jam 6:43 AM, Blogger Unknown nulis...

hehehe tapi najan koyok es campur bhs"ne wkwkwkw tapi patut di acungi jempool"lh ono google boso jowo ,,,, sopo reti sesok2 tambah alus bhs"ne hehehe

 
Pas jam 8:16 PM, Anonymous Anonymous nulis...

boso jowo sampun dados boso teknologi jenenge "JAVA PROGRAMMING LANGUAGES" alias boso pemrograman jowo

 
Pas jam 6:27 AM, Blogger romi nulis...

Ngguyu kemekelen aku, wkwkwk...ono sing ngoko, ono sing kromo inggil,..malah ono sing kromo ning saru :)) ...wis jan..boso Jowo pancen te-o-pe

 
Pas jam 1:46 AM, Blogger eduardo nulis...

Aku menehi saran https://www.penpaland.com
Android:http://app.appsgeyser.com/Penpaland

 

Post a Comment

<< Ngajengan