Jape mete

04 July 2005

Koyo boso-boso neng masyarakat liyo, boso jowo khususe tlatah yogya ugo kenal karo boso sing disebut boso gaul utowo boso slank.

Carane ukoro-ukoro kuwi diwalik hurufe.

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa da ja ya nya
ma ga ba ta nga

urutane diwalik dadi :

pa da ja ya nya
ma ga ba ta nga
ha na ca ra ka
da ta sa wa la

misale ireng = piyel
mas =dab

Salah siji ukoro sing populer nganti njobo tlatah yogya yokuwi "dagadu" sing artine matamu, tenane iku ukoro umpatan sing kasar. Populer amargo dienggo merek dagang kenang-kenangan (souvenir) terkenal khas yogya sing produk-e koyo kaos oblong, gantungan kunci, mug, pembatas buku lan pernak pernik liyane.

Biasane wong-wong enom nek dho ngomongan nganggo istilah-istilah kuwi, ben ketok gaul neng yogya. Dadi nek ono cah enom dho kumpul2, terus ono sing arep gelutan, biasane dibengoki ro konco liyane, "dab, jape mete", sing maksud-e : "mas, cahe dhewe ( koncone dhewe)", dadi ojo dho kerengan.

foto : dagadu.co.id

7 Komentar:

Pas jam 7:14 AM, Anonymous Anonymous nulis...

wah angel! kudu nganggo mikir.. ndak melok-melok aku.. :)

 
Pas jam 7:18 AM, Blogger Nauval Yazid nulis...

walah, angel tenan tho yo basa walikan-e, ra koyo arema sing tinggal diwalik ae nek ngomong, misale "mbojo" yo dadi "ngojob", utowo "mangan" yo dadi "nakam" (ra podo tho? pancen nek arep malik sa'penake ae koq, hihihihihi ...)

monggo lho yen arep di-konfirmasi kaliyan pakdhe Q, secara pakdhe luwih senior iki ... hehehe ...

 
Pas jam 8:01 AM, Anonymous Anonymous nulis...

iyo, angel
nek ono kata2 baru kudu mbuka kerpekan dhisik.
Terus, nek kata sing ono huruf f, q, v, x, z piye? kan huruf iku ora ono ning abjad hanacaraka?

Tapi yo sakarepe sing nggawe, buktine masiyo angel yo tetep iso populer ning jokja to?

Soal kiwalan-e kera ngalam, engko nek wis gak sibuk tak tulise :)

 
Pas jam 8:55 AM, Blogger Unknown nulis...

iyo aku ruh boso "gaul" wong ngayojokarto iki. tapi sing apal yo cuma "dab" karo "dagadu" wae :)

 
Pas jam 3:24 PM, Anonymous Anonymous nulis...

eh, nambah
aku iku baru ngeh saiki lo, nek "dab" iku hasil soko wolak-walik koyo "dagadu".
Nek mampir blog-e wong jogja sering ono sing nggawe istilah iku, tapi nggak ngerti asale soko ngendi. Tibake ngono to sejarahe... :D
maklum, ora duwe konco jogja sing totok..

 
Pas jam 8:23 AM, Blogger dina susilo nulis...

cen angel mas Wisa, makane aku ngertine yo sing wis tau krungu wae :D

Wah Val, kanggoku boso arema kuwi luwih mumetke, arang krungu soale :)

mbak Ria, sak tenane aku yo rodho rancu ngenehi istilah boso gaul kuwi, ning ra nemokke padanane, dadi yo uwis akhire tetep "gaul"

aku yo ming ngerti ro krungu thok kok mas Q, ra tau ngganggo, soale bukan anak gaul :D

 
Pas jam 1:12 AM, Anonymous Anonymous nulis...

yen ora ngerti asal usule,mbok ojo wani wani nerang ake babakan niku, soale barang salah di tular akeh bakal derimo bencana sesuk dino. matur suwun

 

Post a Comment

<< Ngajengan