Mbulan

21 July 2005

Aku lagi pandeng-pandengan karo komputer, naliko hape-ku muni.

"eh mbak, itu yang diatas gedung lab di langit sebelah selatan apa ya? warnanya merah. planet bukan ya? "

Swarane konco lab-ku sing tas wae metu soko lab, arep mulih. Lagi ono nang ndalan.

"planet???..." aku bingung....

Aku age-age mbukak jendelo...nggoleki arah sing di maksud koncoku. Ingak-inguk ..nang langit.. mak tratab...atiku entek.

Nang langit sebelah wetan rodo ngidul ono bunderan gedhe werno abang mbranang lagek muntub-muntub arep njedul soko perengan perbukitan.

mbulan gedhe...bulan purnama...mangetsu (=bhs jpn)



Atiku pancen langsung trataban, wedi, nek weruh mbulan gedhe ngono. Naliko cilik mbiyen, nek weruh mbulan gedhe aku biasane mlayu sipat kuping hehe.... wedi nek mbulane bakal medhuk, bakal ngoyak...hihi.

Sing tak wedheni yo bulan purnama sing lagek arep njedul kuwi, karo nek wayah subuh. Gedhe banget, abang wernane. Dadi nek pas wayah ngono, aku lagi nang njobo omah amargo ono perlu, biasane mlaku karo krudungan sarung.

Tapi sakwise mbulan wis munggah nang langit nduwur ora opo-opo....eh karo nek weruh mbulan mantul soko banyu..aku yo wedi. Misale bar udan, banyu akeh sing ngecembong...pas padhang mbulan...walah...ora wani metu ngomah. Rumangsaku mbulanne dadi tambah akeh.

Tak pikir roso wedi bakal ilang sakwise aku wis iso nalar, tapi ternyata ora. Isih ono. Masiyo, jaman saiki cahyane mbulan iku wis kalah karo gemerlap lampu-lampu, tapi nek wayah subuh pas sepi...aku tetep duwe roso wedi.

Aku dhewe yo ora iso njlentrehake, mendefinisikan, roso wedi iki. Sing tak roso yo, lha wong nang langit sing peteng, ireng, ndedhet ngono kok ono sing moncer dhewe. Pokoke wedi:). Konco-koncoku sing podho tak critani, awale yo podho ngroso aneh...ora percoyo. Lha wong mbulan apik ngono kok di wedeni :).

Aku mung ora iso mbayangke nek urip nang planet Jupiter, sing jarene nduwe mbulan (satelit) 8 cacahe. Aku mungkin bakalan semaput keweden nek wayah bulan purnama :D

6 Komentar:

Pas jam 11:38 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Hihihi.. lha kok iso yo... wedi diuber2 mbulan.. :D

Pancen kadang weweden2 jaman isih cilik iku digowo nganti gedhe yo. Masiyo wis iso mikir tapi sing metu kanti spontan ning ati iku yo tetep wae.

Aku dhewe nek ndeleng mbulan lagi guedhe bwundeer ngono kae, sing muncul cumak kagum karo endahe. Rasane ajaib, moro2 ono sing guedhe bwundeer murup ning langit :)

Lha sampean opo terinspirasi karo "theme song"-e blog iki to? Rembulane ngawe-awe, marani sing podho turu sore :D Tapi miturut lagu iku, mbulane ra nganti mudhun terus ngoyak2 kok... :D

 
Pas jam 7:12 AM, Blogger Unknown nulis...

justru sing marahi aku wedi iku sing marahi sampeyan kagum yo..hehe

aku nek mulih soko lab, lan pas wayah mbulan ndadari ngene...sering nggolek barengan konco mulih:D

eh, aku dadi kelingan pas cilik mbiyen, tangi turu langsung nangis keweden amargo ngimpi mbulane medhuk :)

 
Pas jam 1:18 PM, Blogger dina susilo nulis...

Mbak Ria, ning gambar sing panjenengan pasang kuwi cen rodho nggegirisi, mencekam ngono lho, gari ditambah back sound lolongan serigala, wis dadi...horor :D

 
Pas jam 8:03 PM, Blogger nana nulis...

Lha gambarmu iku nggarahi medeni to Jeng Ria hehehe...
Suasanane padhang mbulan iku pancene rodo medeni kok *toss Jeng Ria* amargo embah putriku ndhisik sering crito horor seng kedadeyan pas padhang mbulan.
Sampek saiki aku isih eling banget crito lengkape lo! Jan wes ta lah medeni banget! :p

 
Pas jam 8:22 AM, Blogger Unknown nulis...

jeng ENI lan jeng NA,

gambar iku, versi "large" luwih medeni lho hehe..

jarene, sinar mbulan iku ono daya mistis e :)

 
Pas jam 3:16 PM, Blogger nana nulis...

wonten carita, menawi mbulane bunder ser, wernane abang (meneh kok abange mbranang).. kuwi pancen tandane ada bahaya. Mulakno, nek pas purnama trus wernane abang, wong2 padha lunga mesjid, pada sembayang, muga2 ora kedadean sing macem2.

kuwi si jarene paklikku. jare bakal ana perang lah, ana apa lah, nek rembulane kelir abang.

 

Post a Comment

<< Ngajengan