Osob Kiwalan

29 July 2005

Nek ning jogja ono boso dagadu sing dadi boso slang-e cah2 enom, ning Malang ugo ono boso slang sing sering digawe ning omongan pergaulan arek enom Malang. Osob Kiwalan, alias Boso Walikan.

Tugu Malang


Boso iki nurut tulisan2 sing sempet tak telusuri wis ono sejak jaman perang karo Londo. Ora jelas jaman Londo sing endi, tapi kemungkinan ning jaman perang gerilya sak wise kemerdekaan. Boso iki dienggo karo arek2 malang sing dadi pejuang kanggo boso sandi ben ora gampang dimengerti karo wong liyo, terutama wong Londo lan antek2e. Dadi coro walikan iki wis lumayan suwe ono ning daerah Malang. Sampe saiki juga boso iki isik tetep akeh sing nggawe.

Boso walikan-e Kera Ngalam iki ora pati susah aturane. Wis jelas banget soko istilahe. Kanggo ngerti artine kata2 boso walikan iki yo cukup diwalik maneh, hurup per hurup soko mburi mengarep. Ngono ae kuncine. Nek ono konsonan koyo "ng" utowo "ny", konsonan iki tetep dadi "ng" karo "ny" ning proses pewalikan.

kera = arek;
("ke" diucapno koyo "kerekan", dudu "kera" sing dulure monyet :P)
ngalam = malang;

Tapi nggak berarti nek arep ngomong boso walikan iki kudu tiap kata terus diwalik kabeh. Kata2 sing nganggo walikan iki muk kata2 tertentu ae sing wis lazim diwalik, sing wis dikenal karo wong akeh ning Malang. Kata2 liyane sing nggak lazim diwalik yo ora usah dipekso diwalik. Karepe pengen diaku dadi arek Malang sing kedaden malah dadi wong planet :P Nek arep coba2 ngusulno kata walikan anyar yo iso ae, tapi yo ora gampang ben iso terkenal lan ditrimo karo kabeh pengguna walikan.

Sing rodo aneh soko kata2 sing wis dadi kosakata baku-ne boso walikan iki, sebagian iku dijupuk soko boso Indonesia sing diwalik. Dadi dudu soko kata2 boso jowo. Embuh piye critane. Kata2 iku ning bentuk boso Indonesiane yo jane ora diserap ning boso jowo biasa ning Malang. Dadi pancen rupane sengojo sing diwalik iku boso Indonesiane. Mungkin mergo awale boso iki kanggo boso sandi, dadi dijupuk kata2 sing rodo ora lumrah.

Koyo to contone:

ayas = saya; umak = kamu; nakam = makan;
rudit = tidur; ngalup = pulang; kadit = tidak;
nawak = kawan; tenyom = monyet;

Kata2 iku wis baku banget dadi boso walikan. Dadi nek arep ngarani "aku", ora umum nek nggawe "uka". Istilah "neok", "aro", "urut", "oncok" ora dikenal ning boso walikan malang. Kecuali beberapa ono sing duwe rong versi. Koyo "ngalup" iku ono versi jowone sing juga lumrah digawe, yoiku "helom" soko "moleh" (mulih). Kadang juga ono sing nggawe "nangam" soko "mangan", tapi isih luwih umum "nakam".

Ning ngisor iki conto2 boso walikan liyane sing umum digawe:

ongko:
utas = satu; omil = limo; holopes = sepuluh;
tekes = seket; sutas = satus;

panganan:
lecep = pecel; oskab = bakso; oges = sego;

kutho/daerah:
Ngalam, Ayabarus, Arudam;
(jeneng kuto liyane ora lumrah diwalik)

liyane:
ojob = bojo; nganal = lanang; kodew = wedok;
libom = mobil; utapes = sepatu; halokes = sekolah;
orip = piro; ibar = rabi;
uklam = mlaku; oyi = iyo; nayamul = lumayan;
tahes = sehat; kubam = mabuk; ketam = matek;
ngayambes = sembayang;
sinam = manis (kanggo ngarani arek wedok ayu);

frase (opo to jowone?) sing wis umum:
kadit itreng = nggak ngerti;
kadit niam = nggak main (istilah kanggo wong sing kerjone nggak becus)
kanyab tulum = kakehan omong;
nawak ewed = konco dhewe;

Iku ae kata2 ning boso walikan sing aku isih iling. Ono maneh sih beberapa kata maneh sing cukup populer, cuman iku kata2 pisuhan lan kata2 jorok sing ora sak pantese ditulis ning kene :)

Tapi ora kabeh boso slang Malang-an iku walikan. Beberapa kata ono sing ora nganggo pakem walikan. Embuh kedadeane piye, moro2 yo wis ngetop ae dadi boso prokem. Koyo to "ojir" kanggo "duit", "ebes" kanggo "bapak", utowo "koyes" kanggo "ngapusi".

Lha yo ngono iku boso pergaulan arek enom ning Malang sing iso diarani cukup unik, soale ono pakeme. Pancen liyo panggonan yo liyo maceme, masiyo podho2 jowone. Boso walikan iki juga jare iso dadi senjata ampuh nek pengen aman utowo pengen digampangno pas ketemu karo preman2 asal Malang sing ono ning Jakarta.
Jarene.... aku dhewe durung tau mraktekno :D

13 Komentar:

Pas jam 7:11 AM, Blogger Unknown nulis...

iso di nalar nek tujuan nggawe boso walikan iki kanggo boso sandi.

nang jepun kene ugo, ono daerah2 sing boso dialek e angel di ngerti wong daerah liyane. jarene, pancen di gawe pas jaman jpn msh terbagi dadi semacam kerajaan cilik2 (shogunate), yo kanggo ngomong rahasia.

aku kok kerep krungu "sam" sing walikan soko "mas", bener?

 
Pas jam 8:07 AM, Anonymous Anonymous nulis...

hehehehe... lha iyo, lha kok iso sing paling ngetop malah ketinggalan :D

Iyo, "sam" iku walikan kanggo "mas". Tapi kok ora ono kanggo "mbak" utowo "yu" yo? opo mergo mayoritas penggunane wong lanang? embuh maneh...

 
Pas jam 9:53 AM, Anonymous Anonymous nulis...

aku kurang lama nih di Malang.. jadinya gak spiro'o isa boso walikan.. :(

 
Pas jam 12:18 PM, Blogger dina susilo nulis...

angel tenan nek iki *gedhek2*
mas Q nek nulis cen serius tenanan, nganti sejarah2e barang ngerti, two thumbs up deh :D

 
Pas jam 1:29 PM, Blogger isna_nk nulis...

ndadak mikir sikik nu.. yen arep ngerti artine. rung nganti ketemu artine wes bubar rembugane...

ngomong-ngomong masalah sandi.. dadi kelingan jaman pramuka mencari jejak :)

 
Pas jam 8:33 PM, Blogger Nauval Yazid nulis...

mbak eni, nana, ria, golda (koq mbak golda? ra trimo! hehehehe),

sa'jane yo ora angel tenan koq ngomong nganggo basa walikan iki, mung kudu dibiasa'no ae. saking wis biasa mbendina ngomong basa walikan pas jaman mbiyen iki, sampe nek ono wong ngomong "mbojo" (ora ngomong "ngojob"), aku pasti nebak nek wong-e iki soko jawa tengah! hehehehehe ...

 
Pas jam 5:36 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Walikan kok dadine Kiwalan? piye to, sam? :d

jadi inget dulu ketika masih grasa-grusu dengan teman-teman, bahkan ada nyanyaiannya, full walikan. Tapi sayangnya, aku dah lupa.

 
Pas jam 10:53 AM, Anonymous Anonymous nulis...

bwahaha.. oyi..oyi ker.. iki osob ku pancen.. ayas kera ngalam tapi saiki idrek ndek ayabarus.. hehe..
lek nang ngalam mampir nang hamurku yo.. rudit ndek hamurku yo oleh.. :D

 
Pas jam 11:42 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Boso walikan Malang ki kurang kuat nek dinggo sandi, rek. Sing kuat ki boso walikan jawa tengahan. Soale walikane ki asale soko aksoro jowo. Yen diurut rong baris rak: hanacarakadatasawala, trus sing ngisor: padhajayanyamagabathanga. Nganggone aksara ndhuwur diijoli aksara ngisor, contone yen: nga ijole la, ba ijole sa. Ning unine pancet, dadi yen tembung 'ngombe' dadine yen diwalik 'lotse'. Tembung 'mas' dadine 'dab', lan sateruse.
Boso iki luwih kuat, biyen digawe preman jowo, jare, ning saiki wis obral. Meh kabeh wong wis mudheng carane malik tembung. Ning dadine pancen ora kabeh tembung diwalik cepet dadi ukara cukup.

 
Pas jam 12:54 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Kagem Mas utawi Mbak ingkang ndamel blog niki ... Kulo mahasiswa UGM sing lagi skripsi. Topik e, penggunaan slang Malang. menawi panjenengan saget kulo suwun i tulung, pripun?? kulo badhe ndamel kuisioner, njenengan isi, nggeh?!
ngapunten, boso jawi ku mboten sepiro sae...
nuwun... ;)

 
Pas jam 10:27 AM, Blogger Empat Hati Dot Com nulis...

Hal oluk mboten tenwon Ngalam je Sam, dija nimu sobo Ngalam nggih sihta ngela....

tensi nurpu irajang???

hehe..... kok dados ngoten bosone nggih??

:bingung: mode ON

 
Pas jam 1:13 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Nyanyi Boso Walikan :

Kian Kian ek kacnup ngunug
inggit inggit ilakes

Kian Kian ek kacnup ngunug
inggit inggit ilakes

irik nanak
tahiluk ajas
kanyab nohop aramec ar ar

irik nanak
tahiluk ajas
kanyab nohop aramec ar ar

 
Pas jam 5:55 PM, Anonymous Anonymous nulis...

mas...mas...
bener niko ngendikane "metvacetz"
miturut kulo boso walikan ingkang luwih kuat kagem sandi nggih pancen boso walikan wonten jateng & Jogja...
nggih ngaggem hanacaraka menika...

kula sampun ndamel konverteripun
monggo sami didownload :

download konversi boso walikan

by : mas Leo

 

Post a Comment

<< Ngajengan