Numpak Sepur Bandung - Suroboyo

13 August 2005

Nek lelungoan, aku luwih seneng numpak sepur tinimbang bis. Lagek numpak bis, yen kutho tujuwan ora klewatan sepur. Sing paling kerep yo numpak sepur jurusan Bandung - Yogya bolak-balik, seko kelas ekonomi tekan kelas eksekutif wis tau tak jajal.

Sepur Lodaya jurusan Bandung - Solo Balapan iku sing paling kerep tak tunuti yen aku mulih. Mergone soko Bandung isih isuk jam 8, lan tekan Stasiun Tugu Yogya nek ora telat, isih sore jam 4-an. Dadi isih iso klinong-klinong nang malioboro ndisik hehe..



Sepur Lodaya iki maune jenenge Pajajaran nek mangkat soko Bandung. Nanging nek mbalik maneh, mangkat soko Solo jenenge diganti dadi Senja Mataram (jam 20.00). Padahal sepure yo podho persis. Embuh alasane opo, mbok menowo kanggo ngerem-erem penggalihe wong jowo lan wong sundo, yen podho-podho melu nduweni sepur sing ngliwati daerahe:)

Sakliyane Lodaya, sing ngliwati Yogya, ono Argo Wilis, Turangga lan Mutiara Selatan, jurusan Bandung - Suroboyo (Gubeng). Mutiara Selatan karo Turangga sing durung tau tak coba, amarga tekan Yogya tengah wengi.

Rumongsoku ono Sepur Ekspress Siang jurusan Bandung - Suroboyo, sing mangkat soko Bandung lebar subuh. Opo saiki sing diganti dadi Pasundan?. Nek iyo, terus yen mangkat soko Suroboyo jenenge dadi opo yo..

Jenenge pancen Ekspress Siang, tapi iki sepur sing mlakune paling rendet...alon alon koyo keong. Saben stasiun mesti mandheg. Ditambah ngalahan sisan, nek ono sepur liyane sing liwat, sepur iki sumingkir ndisik. Dadiyo paling cepet nek ora telat yo jam 20.00, lagek tekan Suroboyo. 14 jam.
Bandingke karo sepur-sepur liyane, Argo Wilis (9.5 jam), Turangga (11 jam) lan Mutiara Selatan (12 jam).

Ekpress Siang pancene sepur kelas ekonomi. Dadi nek numpak sepur iki, kudu siap lahir batin. Nek kondisi awak lagi ora sehat, ora lagi diburu wektu lan kagungan dhuwit luwih, yo mending numpak sing liyane. Sing jelas bakal kepanasan sak dalan dalan amargo kipas angine kerep macet. Masiyo ora macet, tapi ora bakal sanggup nggawe adem gerbong sing isine penumpang kerep ngluwihi kuota. Nek isih nang daerah jawa barat, amargo isih isuk yo durung patiyo panas, tapiii...nek sepur wis mlebu daerah jawa tengah pas wayah awan...gobyosss adus kringet. Lan ojo takon koyo ngopo peturasane (toilet).

Masiyo ngono, tetep ono hal sing menarik wektu numpak sepur iki. Mangkat soko Bandung isih isuk uthuk-uthuk, jelas yo durung sarapan. Tapi ora usah kuatir, amargo akeh bakul panganan sing sliwar-sliwir munggah medhun sepur, nawakake dagangan. Saben mandheg nang stasiun, mesti ono bakul nawakake panganan khas daerah kono. Mung aku wis tau kaget, ono wong dodolan buah nangka gedhe, dipanggul lan digowo mlebu nang gerbong sing kebek wong lan wis umpel-umpelan.

Dadi tekan Suroboyo ora bakal keluwen, panganan opo wae ono, malah sisan iso tuku oleh-oleh. Palingan yo mung kepanasan...tapi iso dianggep lebar sauna hehe..

Sing paling menarik yo perubahan boso. wayah isuk isih ngrungoake wong ngomong nganggo boso sundo, awan sithik wis malih boso jowo khas Banyumasan. Rodo sore pas sepur mlebu Yogya - Solo, bosone malih dadi alus miyayeni. Sakwise Solo, mlebu Madiun bosone wis malih maneh. Tekan Suroboyo...bosone wis bedo maneh.

Contone sing paling cetho yo panganan sing jenenge keripik. Nang daerah jabar, bakul nawakake kripik: " kripik na neng.." (kripik diucapke nganggo i kabeh)

tekan jateng, malih dadi : " kripeeek e..mbak" (i sing mburi dadi e taling )

lha tekan jatim dadi : " kreepeeek"

6 Komentar:

Pas jam 9:03 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Aku yo wis jarang numpak bis malem nek mulih nang jowo, luwih sering numpak sepur. Padahal biyen aku luwih milih numpak bis, alasane, nek numpak bis, lumayan ono pemandangan sing macem2. Ora koyo numpak sepur sing pemandangane sawah terus, nek liwat kutho ora ketok kuthone mergo liwat mburine bangunan2.

Saiki luwih milih numpak kreto eksekutip. Tapi nek numpak kreto ekonomi emoh ah, soale aku iki ora tahan nek dikon ngempet kebelet :D Ngerti dhewe kan, toilete kreto ekonomi iku koyo opo. Opo maneh nek pas kebak uwong, toilet bakalan dinggoni uwong numpak juga.

Senengane mandheg sak paran2 pisan. Jare kancaku, kretone sopan banget. Soale nek ono kreto liyo arep liwat disumanggaake dhisik, dheweke ngalah :D

Hehehe... iyo yo, sepanjang jalur sing biasa tak liwati Jakarta-Suroboyo, bahasane wong dodolan iku ganti2. Mulai soko Jakarta sing boso Indonesia, terus mlebu daerah boso Sundo, mari iku daerah boso Banyumasan, daerah boso Jawa-Tengahan, terakhir daerah boso Jawa-Timuran. Hehehe... rupo2 wernane :)

 
Pas jam 8:29 AM, Anonymous Anonymous nulis...

seneng banget moco tulisan iki :)

 
Pas jam 9:45 AM, Anonymous Anonymous nulis...

Lah kosakataku nambah meneh, peturasane (toilet):D.

Cen ho o, nek numpak sepur iso ngerti bedane boso daerah wetan, tengah lan kulon.

Ning kadang aku luwih seneng numpak bis tinimbang sepur, soale luwih iso ndelok pemandangan, nek sepur kan pemandangane palingan sawah ro mego (awan), tambah laut nek jurusan semarang.


Eni

 
Pas jam 11:56 AM, Blogger Unknown nulis...

CAK Q, aku beberapa kali pernah sih, amargo kefefet kepancal sepur hehe..

ngomong2 ttg toilet, jare manajer PT KAI ping piro wae pernah di pasang sing apik, tapi ilang dijupuk penumpang :)

PEMBACA SETIA, matur nuwun mas..

JENG ENI, aku males numpak bis mergone ora bebas mlaku2 nek wis kesel lungguh. nek sepur kan iso..tapi yo nek numpak sing eksekutif.

peturasan jeng, ora nganggo e

 
Pas jam 3:10 PM, Blogger nana nulis...

aku wingi yo numpak sepur pas klinong-klinong nyang Bandung jeng.
andhalanku lek mbalik nyang Pacitan iku Taksaka jurusan JKT-YOGYA. suguhan dhaharipun inggih puniko sayur tewel lan bakwan jagung hihihi...

 
Pas jam 4:50 PM, Blogger Unknown nulis...

JENG NA, seje ya karo sepur andalanku...suguhane iku angger wae nek ora nasigoreng yo nasi rames :D

btw, Pacitan durung ono bandara to? lah pak SBY kan asli kono hehe...

 

Post a Comment

<< Ngajengan