Sri Minggat
30 August 2005
Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene ning pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali
Sri, opo kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep lungo
Loro atiku, atiku loro
Ndang balio Sri
Ndang balio...
Aku loro mikir kowe ono ning endi
Ndang balio Sri
Ndang balio...
Tego temen kowe minggat ninggalne aku
Yen pancene Sri
Kowe eling aku
Ndang balio
Aku kangen setengah mati
Sri, kapan kowe bali
Kowe lungo ora pamit aku
Jarene ning pasar, pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali
***
Lagu iki jarene lagi ngetop tenan ning tanah jowo. Ning radio2 sing duwe acara lagu2 campursari, lagu iki sempet dadi "top request" nganti cukup suwe. Embuh saiki isih ngetop opo ora. Lagi tak angkat saiki mergo tas wae nemu lagune sing utuh.
Pertama krungu lagu iki soko kancaku sing seneng karo lagu2 campursari. Dirungok2ke kok ngenes tenan syair-e.. jan mesakke tenan iku bojone Sri ditinggal minggat ngono ae nganti mewek2 nyanyi lagu iki :D Biasane sing nangis2 kan sing wadon, lha ning lagu iki sing mewek malah sing lanang :P Tapi pancen musike enak kok...

Lagu iki saking ngetope wis digawe versi rong bahasa, separo jowo separo indonesia, "Sri Kapan Kau Kembali". Terus ugo wis dijawab karo mbak Sri, alias wis ono lagu jawabane. Embuh aku lali judule. Ning lagu iku ono jenenge sing lanang, tapi aku yo lali :D
Kancaku iku tau keprucut ora sadar. Pas lagi ono tamu ibu2 sing rodo suwe ora mulih2, dheweke ora sadar nyanyi lagu iki banter2. "Ndang balioooo.. Sriiii... ndang balioooo".... ibu2 iku moro2 ae pamitan...



4 Komentar:
Ayo sing merasa mbak Sri-ne mas Q, ndang bali ;D
Eni
ngrungoake lagu iki cocok nek lagek leyeh2...nang tengah sawah...karo angon bebek :D
ibu2 iku moro2 ae pamitan .....hehehehe iki jowo timuran yo rek
ibu2 kuwi cepet2 pamitan ......ngene luwih njawani yake hehehehe
Sing nulise iku yo iso wae ngomonge
Post a Comment
<< Ngajengan