Mak

13 September 2005

Boso jowo iku iso diarani boso sing ekspresif loh... Akeh kata-kata ning boso jowo sing nek diucapake pas banget karo kahanan utawa suasana sing diwakili karo kata-kata iku. Koyo to, banyu "mili". Kata "mili" iku pangucapane pas banget karo kahanane banyu sing lagi ngalir kemricik. Nha iku juga, "kemricik" juga cocok banget karo suarane banyu. Angin "silir-silir" uga pas pangucapane karo kahanan angin sing alon-alon sumilir. Terus istilah kanggo perbuatan kasar uga sering kali cocok karo suarane. Contone "keplak", "kethak", "kaplok", "jiwit", "cèthol", "culek" lan sapanunggalane

Opo maneh nek ning kata majemuk (ah..lali istilahe ning boso jowo iku opo ya kanggo "kata majemuk"). Soko pangucapan kata-katane wae iso katon banget suasanane. Contone, "padhang jingglang", "peteng dhedhet" ... opo maneh yo?

Ono maneh cara sing ekspresif kanggo menehi kesan sing istilahe "comparatif superlative". Kanggo menehi kesan salah sawijine barang iku ukurane gedhe tenan, wong jowo biasane nggawe kata sifat dasar sing diseseli "u". Dadine istilah "guedhé" iku luwih gedhe tinimbang "gedhé" biasa. Kadar tingkat perbandingane uga iso diatur nganggo dowo-endhek-e seselan "u" iku mau. "Guuuuuueedhuuéé" iku karepe ngono yo "juuuan guuedhéé tueenan".. :D

Istilah sing ekspresif liyane iso ditemoni ning peristiwa sing kedadeane dumadakan. Koyo to wong sing keslomot rokok iku unine ning boso jowo "mak nyus". Unine glèdhèk iku "mak jedhèr". Unine barang kecemplung ning banyu "mak plung". Kesenggol knalpot panas "mak nyos". Dikaplok uwong "mak plok". Dumadakan muncul "mak bedunduk". Kata "mak" ning kene iki kanggo nambah kesan dumadakan kedadean. Nek ora kathik "mak", rasane kurang ekspresif, kurang ngageti. Tapi sing jelas ora ono hubungane karo si emak utowo si embok.

Lha upomo arep nggambarake wong sing kesenggol knalpot sing "puuuuaanaaaas" tenan, yo dadine "MUUAAAK NYUUUOOOSSS!!" :D

7 Komentar:

Pas jam 4:03 PM, Blogger Unknown nulis...

iyo wong wetan pancen nyeseli "u" kanggo nggambarke kahanan sing mbangetake.
nang nggonku, ora diseseli "u", tapi vocale didowoake. koyoto: gedhe dadi geeeedheeee..
dowo = doooowooooo...

tapi ono ugo vocal mburi diganti, misale gedhe dadi gedhi
dowo dadi dowi..

nek masalah "mak" si ketoke podho wae

 
Pas jam 6:06 PM, Blogger abhirhay nulis...

Hehehe lek jare suroboyoane kelincipen... padanane hiperbol bin bombastis... almarhum peludruk basman gelek nyekak kartolo -lawan main sak kaligus mantune - lek molai omong ndakik-ndakik... cucukmu - kadang diganti congor, cingur, pokoke sakpenake atine - kelincipen lo...lo... hahaha

 
Pas jam 1:36 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Nak "kundhuran mobil" bahasa indo opo yoh?
eh gak nyambung yoh karo topike? :-D

 
Pas jam 11:04 PM, Anonymous Anonymous nulis...

Ibu, Ibu.... sing niki guedeeeeee banget. Ibu, ibu... ulone duowoooooo banget.

 
Pas jam 1:51 PM, Anonymous Anonymous nulis...

mulakno aku yo seneng ngomong nganggo boso jowo. luweh iso nggambarno isi hati... hehehheheh

 
Pas jam 3:12 PM, Anonymous Anonymous nulis...

huaahhaa... kudu ngguyu aku dadine....lucu

 
Pas jam 5:14 PM, Blogger nana nulis...

mak jedhindhil.
mak keciprut.
hihihi...
abang mbranang, putih memplak, ijo royo-royo

 

Post a Comment

<< Ngajengan