Kerokan

08 August 2006

Angger kena flu, aku paling wedi nek ono watuke. Masiyo pilek, mumet, deman lan awak greges-greges wis ilang, biasane watuke isih keri. Lan biasane nganti suwi banget. Saking suwine nganti weteng lan dadaku lara amarga melu kaguncang-guncang. Unine wis ora uhuk...uhuk....maneh, nanging grung...grung...kaya ana gemane :P.

Amarga wis diobati werna-werno obat watuk, ora mari-mari, malah awakku dadi ora karu-karuan rasane, aku lagi kelingan ono obat paling ampuh yaiku, kerokan. Maune, aku ngrasa ora perlu lan ora kelingan karo kerokan iki, amarga awakku wis sehat ya mung kerep diselingi watuk. Dadi lagek kelingan kerokan ya...nek wis saben watuk dada lan wetengku melu lara.

Pas dikeroki pancen dadi abang ireng gegerku. Kepenak banget rasane, ana hawa anget nang geger. Opomeneh nek ditambahi karo pijetan, wah...wuuenakk. Aku langsung iso turu angler. Wis tau, saking kepenake dikeroki ora krasa nek nganti lecet :D. Biasane sakwise kerokan, paling telung dinane watukku wis ilang, wis mari.

Budhaya kerokan iku embuh asale saka ngendi, mung ketoke paling populer nang kalangan wong jawa. Kawit cilik aku wis akrab karo kerokan. Jaman cilikan mbiyen jelas aku ra seneng dikeroki. Wedi. Kerepe yo nangis jerit-jerit, diuber-uber ibu lan mbah putriku. Padahal dikerokine nganggo brambrang (bawang merah) campur lengo klentik.

Saiki, mbasan wis gedhe tuwa, kok malah dadi kasenengan. Akeh kanca-kancaku sing wis tau tak jaluki tulung ngeroki, malah ibu kos uga. Nek ibu kos biasane sing nawani marang aku, amarga ora tega. Aku dadi kelingan, salah sijine ibu kos-ku, ngeroki aku nganggo tutup gelas sing saka almunium. Ngendikane ben luwih mantep. Mung miturutku sih malah kurang mantap, kurang seru, ora krasa tekan njero.

Waduuuh...dadi pengen kerokan jee...:P