Kluwung

26 June 2005

Kluwung iku miturut basane ndesoku. Nek basa Indonesiane jarene pelangi, nek pengen rada nyastra sithik bianglala:D Wong londo nyebut rainbow. Miturut londo jepang: niji.



Jarene embuh sopo, sing sering tak temoni nang buku, cerkak, tulisan utowo artikel, nang salah sijine ujung kluwung iku ono harta karune...opo iyo?..hehe

Wis suwi aku ora weruh kluwung, masiyo saiki lagi mangsa rendeng. Aku wis tau weruh kluwung gedhe banget, amargo persis nang ngarep jendelo kamarku. Salah siji ujunge tibo nang gedung perkantoran ora adoh soko apartemenku. Lumayan suwe, sayang wektu semono durung duwe kamera digital. Dadi yo mung di pandengi thok...di simpen wae nang memori otak.

Photo kluwung iki, aku nemoni ora sengojo pas lagi klinong-klinong nang pinggir laut Kinko Bay, Kagoshima. Aku lali kapan, ketoke wis setahun kepungkur.

Nek weruh kluwung ngono, aku kelingan tembange Carpenters sing judule The Rainbow Connection.

Why are there so many songs about rainbows?
and what's on the other side

.......

Obor

17 June 2005

Obor? Haree genee...ngomongke obor? Kok koyo mbalik nang jaman batu maneh. Ojo-ojo malah ono sing during tau weruh obor, terutama para priyagung kutho metropolitan:D.

Jaman mbiyen nang kuthoku, sakdurunge listrik gumebyar koyo saiki, mung dalan gedhe sing dipadhangi listrik. Dalan-dalan liyane, opomeneh dalan deso, petheng ndedhet. Wektu semono, durung kabeh omah wis iso pasang listrik. Mulane padhange mbulan jaman semono luwih kroso tinimbang saiki.

Nang ngomahku pancen ora nduwe obor. Sing nduwe iku simbah putriku sing daleme jejeran, mung dipisahke latar mburi. Saben isuk, wayah subuh, malah sak durunge subuh, mbah putri wis wungu. Ubet nang kamar mandi (boso jowe opo si? lali aku). Jam sakmono aku biasane yo wis tangi, ngrusuhi ibuku sing ubet nang pawon.

Tinimbang didhawuhi turu meneh, aku luwih seneng ndherek mbah putri tindak nang langgar (mushola). Biasane ono koncone simbah sing daleme cedhak omah, ngampiri amrih tindak bareng-bareng. Koncone simbah iku yo duwe obor. Dadi simbah-simbah iku podho ngasto obor, aku mlaku timik2 nang ngarepe.

Sakjane jarak omah lan langgar iku ora adoh, paling2 satus-rongatus meteran, tapi kudu ngliwati kebon pisang sing rungkut lan peteng. Dadi ono obor yo migunani. Sing tak senengi, nek pas mlaku ngono iku ketemu karo konco2ne simbah sing soko arah liyane, lan uga ngasto obor. Dadi koyo parade obor wayah isuk sing isih sepi, mung ono lamat-lamat swara wong ngaji seko mesjid besar kanggo nunggu subuh.

Tekan langgar, sing wis duwe wudhu langsung mlebu, tapi sing durung terus bablas nang kali. Nang cedhak langgar ono kamar mandi umum, banyune soko tuk (mata air)lan persis nang ngisor wit pring sing rungkut. Ojo takon koyo ngopo petenge. Pating kemrosak unine wit-wit iku nek keno angin.
Masiyo aku wis wudhu seko ngomah, tapi aku tetep seneng melu mudhun nang kali, mung pengen ndelok mobat-mabite obor keno angin nang ngisor papringan :)

Saiki, para mbah2 sing apikan iku wis podho seda, kecuali simbah putriku. Yuswane wis ngancik 90 tahun.
Kebon pisang wis dadi omah kabeh, semono ugo papringan wis ilang. Saiki wis padhang njingglang masiyo bengi, dadi obor wis ora perlu maneh, wis digantiake listrik.

Obor, ketoke wis kari kenangan.

P.S: aku kok malah rajin nulis nang kene yo.., lha omahe dhewe malah ora keurus. opo disewaake wae yo..:D

Medhog

16 June 2005

uwong jowo aseli.. jare yen ngomong nganggo boso indonesia, katon banget jawane, jare iku sing diarani medhog (medhok). sengojo tak ganti nganggo huruf "g", soale yen tak nggo judul kethok "medhok" ndak dadi bermakna lain tur rada mesum...

aku mung arep crito yen saiki niat baikku kanggo ngilangi medhog iku samsoyo suwe samsoyo angel. amargo lingkunganku saiki jan bener-bener mengkondisikan aku supoyo luwih sering nganggo boso jowo, tur apese awak.. boso jowo sing tak enggo dudu boso jowo sing alus, nanging boso jowo ngoko, tur rodo kasar malah. duh.. padahal jare aku iki arek solo, aku dadi isin dewe, yen mengecewakan amargo ora iso koyo sing dadi pengangen-anenge sopo wae ... label solo iku alus, koyo-koyone wes samsoyo adoh soko sliraku.

ning yoben lah.. sing penting be myself. pancen kahanan sing aseline koyo ngene iki.

bali nang rembug mau yo....

aku nang ngomah nganggo boso jowo ngoko, nang papan nyambut gawe isih katon banget jogjane, unggah-ungguh lan logat jowone kentel banget, koncoku kost mung siji sing aseli tangerang, liyane jowo kabeh, dadi tetep nganggo boso jowo, nang IRC konco-koncoku cah jowo ugo... sering roaming yen ngomong. terus saiki..... malah gawe blog jowo ngene... piye yo.. saumpomo sekali-kali postinge nganggo boso jowo sing alus.. sokor kromo..idhep-idhep latihan boso ben ora ilang.

aku pernah duwe crito rado ngisin-isinke, wektu kui aku dolan nang jakarta wong loro karo ibuku, podho-podho wong ndeso sing ra ngerti jakarta, tur pancen nggumuman. ibuku bola-bali komentar.. nanging aku mung mesam-mesem, semaur sithik-sithik.. secara aku ora pedhe soale yen aku karo ibuku omongan, uwong sak angkutan noleh kabeh marang aku lan ibuku. wes jan.. marakne kapok tenan isinne. trus kapindhone, tahun wingi nang jakarta maneh, karo koncoku diajak muter-muter, aku yo ora kakehan omong, isih sadar yen bahasa indonesiaku katon medhog tenan, lagi yen bus sepi wae aku gelem ngoceh. kaping telu, koncoku medan telpon, dasar konco cething, deweke ngakak, jare aku katon medhog, jawa banget gitu loch...

piye yo carane ngilangi medhog? ono sing ngerti carane ngilangi? :)

Njawani

Lair soko wongtuwo sing asli Jowo, jelas ndadekke aku duwe gelar wong jowo juga. Tapi yo masiyo ngono ora moro2 aku dadi wong jowo sing ngerti budaya jowo lan duwe tindak-tanduk layake wong jowo. Mergo iku ditentokke soko opo sing tak pelajari teko lingkunganku.

Aku jane ora lair ning panggonan sing budayane jowo. Baru pirang taun kemudian keluargaku balik ning kampung halaman, ning kono aku digedhekke dadi wong jowo. Tapi sakjane ngono aku iki ora pati paham karo budaya jowo.

Ora Ngerti Wayang

Aku ora ngerti wayang, ora iso mbedakke sing endi wayange tokoh iki, sing endi tokoh iku. Crito2 wayang aku yo ra pati dhong. Palingan cuma ngerti keluargane Pandowo lan sethithik silsilahe. Seneng moco cerito wayang baru waktu ono cerito wayang mingguan "Wayang Mbeling" ning koran Jawa Pos tulisane Ki Sunu. Iku juga seneng mergo iso ngguyu2 mocone, dudu mergo pengen ngerti sejarah pewayangan. Saiki yo wis lali kabeh piye iku ceritane.

Mungkin iku mergo pengaruh lingkunganku juga. Ning Malang, sing jenenge wayang emang ra pati ngetop. Tontonan wayang kulit sewengi muput sing biasane dadi tontonan sing paling dienteni ning kutho sing jowo banget, jarang ono ning Malang lan sekitare. Yen ono juga, ora ono wong sing tak kenal ngajak aku nonton. Ning keluargaku memang ora ono sing duwe lan majang koleksi barang2 pewayangan, macem wayang kulit, utowo gunungan, lan sapanunggalane.

Wayang koyoke luwih identik karo budaya jowo soko keraton Solo-Jogja. Nek Malang luwih dipengaruhi budaya jowo suroboyoan sing rodo kecampur Meduro. Budaya Solo-Jogja luwih keroso ning jawa timur bagian kidul-kulon, koyo ning Kediri lan Madiun. Bagian kidul-wetan malah luwih cedhak nang Meduroan, lan sing ning lor umume melu Suroboyoan.

Pas kuliah aku ketemu akeh konco soko daerah sing dipengaruhi budaya Solo-Jogja iku. Konco2ku itu umume ngerti soal wayang. Kenal tokoh2e, apal ceritane. Seneng karo tembang2 jowo kuno lan lagu campursari, Ugo ngerti lan nerapake filosofi jowo. Bedo karo aku sing ora ngerti babar blas soal iku.

Aku lan Gamelan

Tapi ono budaya jowo sing sempet dadi bagian kegiatanku, yoiku gamelan. Aku sempet dadi pengrawit ning sekolahan. Pas SD, sekolahanku duwe gamelan, aku melu2 belajar carane main. Ning SMP aku juga melu kegiatan nggending. Memang cuma belajaran, nek nganti tampil paling mung mainke gending jowo pas ono acara perpisahan ning sekolah. Tapi pas SMA ora ono gamelane, dadi ora iso nuthuk2 maneh :P

Wayah kuliah, lha kok aku yo mbalik maneh dulinan gamelan, gabung karo unit kegiatan karawitan. Ning kene yo sik belajaran, tapi wis mundak kelase. Tau dadi pengiringe tarian, ngiringi ketoprakan. Terus sing paling nyenengke iku pas ngiringi grup ludruk soko kampusku sing sering manggung ning njobo, mulai soko manggung ning hotel nganti syuting ning stasiun tipi swasta.

Tapi terus terang ae, meski aku cukup akrab karo gamelan, aku durung iso nikmati gending2 jowo. Tenanan iki. Aku iso nikmati yen aku dadi pengrawite sing main gending jowo iku. Tapi nek dikongkon ngrungokke gending jowo kanti tenanan... aku bakalan blank :P

Dadi sakjane aku iki dudu wong sing sueneng banget karo gending jowo nganti bola-bali melu kelompok pengrawit, tapi sing tak senengi iku aku iso dadi bagian soko unen-unen musik sing apik. Iso melu nuthuk2 salah sijine alat karawitan iku ngikuti irama bareng alat liyane nganti dadi unen-unen gending sing apik iku jan nyenengke tenan lo...(bingung aku nerjemahnone :P)

Njawani?

Aku dhewe ra ngerti, opo aku iki cukup njawani. Opo tindak-tandukku sedinane iku iso mewakili tindak-tanduke wong jowo, aku ra ngerti. Sing iso nilai yo wong liyo. Tapi tau ono uwong sing ora nyongko nek aku ini wong jowo, kok ngomonge gak medok?, jare ngono. Lha iyo, aku baru medok nek aku ngomong jowo, nek ngomong boso indonesa yo logate bedo yo ;)

Tapi aku dhewe ora pati ngreken, opo aku iki isih njawani opo ora. Mungkin mergo aku gedhe ning keluarga lan lingkungan sing ora ndadekke budaya jowo sebagai pedoman sedina-dinane. Keluargaku luwih nganggo aturan agama sing dadi pedoman sedinane.

Sing jelas, aku nek liwat ngarepe wong sing luwih tuwo aku tetep mbungkuk karo tangan mengisor. Njogo unggah ungguh lan sumeh marang tamu. Karo wong tuwo nek arep nuding nganggo jempol. Opo iku to sing diarani "njawani"?...

ps. versi boso indonesia-ne iso dideleng ning kene :D

Dadi Wong Jowo

15 June 2005

mang bengi pas lagi ngupi-ngupi nang biji kopi (coffee bean, lha nek starbucks opo dadi arta-ne bintang? hehehe!), ngobrol karo ferdi sing ngga ngeblog iku. bocahe pinter tenan, lagi ndhek kene marang nglakoni library research kanggo nggarap makalah s-2 ne sing menyoroti masalah konsep waktu. maklum, cah filosofi.

nah, mari ngobrol ngalor ngidul iku, moro-moro ae ngomong nek dhek'e iku ngerasa dadi wong jawa, mergone wis tinggal suwi ndhek jogja, masio soko cilik sampe gedhe ndhek jakarta. bapak ibu ne ae lha wong soko aceh lan bandung lho, dadi sa'jane arek iki yo ga ono keturunan jowo.

pertama ne se aku sing ngomong (sepurane yo nek ngga nganggo coro jowo, ben kethok nek nyata ngono mending nggawe bahasa asli):

+ "gue kagum ama budaya jawa"
- "lah, elo dah baca testimonialnya mila buat gue kan?"
+ "iya, koq bisa sih?"
- "ya karena gue emang suka ama budaya jawa seperti yang elo juga bilang, dan gue ngerasa ngeliat diri gue sebagai orang jawa, walaupun untuk itu elo kan ga perlu jadi orang yang lahir dan besar di jawa"
+ "jadi ini balik ke pembahasan kita tadi kalo orang dah bilang "i'm a vegetarian", berarti dia udah mo apply konsep being vegetarian itu tadi?"
- "akhirnya emang kaya gitu, ketika kita dah mutusin mo jadi apa, berarti emang kita dah niat buat ngelakuin apa yang semestinya disitu"

wis ta la, ojo bingung kenopo koq ngomong e ga coro jowo, soale wis teko' awal nek aku ngomong ambek ferdi iku yo ga nganggo coro jowo.

trus aku nambah maneh,

+ "mungkin kalo kekaguman gue ya sedikit banyak masih dipengaruhi lingkungan"
- "kaya nya gue tau apa yang elo maksud"
+ "ya, gue ngga bisa escape lah kalo emang dari kecil sampe gede gue emang di tempat yang orang pake bahasa jawa, ibu gue dari solo pula walopun bokap gue bukan orang jawa, jadi sebenernya kalo diliat darah, masih gak 100% jawa ..."
- "tapi itu ngga menghalangi elo buat suka dan cinta menjadi jawa kan?"
+ "contohnya elo yah ..."

lha muter2 maneh tho akhire omongane? hehehehe!

tapi mari ngono aku dadi mikir, sing koyo opo se sing dimaksud 'wong jowo' iku?

iki wis tau ta' bahas ndhek salah satu tulisanku taun wingi, sing akhire nang kesimpulan nek sopo ae iso dadi wong jowo, tergantung sampe nang endi dheweke iki gelem lan arep nglaksana'no utowo urip nganggo pakem-pakem dadi wong jowo iku.
lha wong anggun penyanyi iku ae pernah ngomong ndhek majalah nek "javanese woman is the utmost kind of woman in the world".
waduh!
nek mbahas iki dhowo yo, dadi wanita jawa sing koyo opo jaman modern iki?

soale nek kudu nganggo pemahaman jaman mbiyen sing nganggep wadhon iku uripe nang dapur, sumur lan kasur thok, lha koq yo ga pantes nek jaman saiki.

iki tulisan sekedar intermezzo (opo coro jawa ne?) ae koq di sela-sela jam kantor, tapi yen arep jujur, sa'jane aku bingung arep nulis nang boso jowo ne piye, secara ide-ide ne ae wis ono' ndhek sirah tapi nganggo bahasa indonesiaaaaa .... :)

pareng.

Ngona Ngono Ning Ojo Ngono

10 June 2005

hihi.. eruh ora? (tahu gak? - red) aku mbiyen jaman SMP sampek SMA pas pitulasan (17-an) kerep menang lomba geguritan. malah tau dadi juara siji lomba geguritan antar SMP sak kabupaten Tulungagung! hihi.. eruh geguritan ora? geguritan kui moco puisi boso jowo. mungkin soko kata dhasar gegurit sing artine puisi, trus lek ditambah akhiran an artine dadi moco puisi. lek enek sing luwih ngerti tulung dibenerno. monggo Jeng Isna menawi badhe ngoreksi.. :)

puisi jowo bedo karo puisi indonesia. umume puisi jowo nggae boso paling alus sing aku dhewe kadang ra ngerti artine. hehe. tapi artine secara keseluruhan aku ngerti, dadine sik iso menghayati puisi kuwi. andalanku jaman semono yo penghayatan kuwi. ekspresiku nggae juri2 terpikat sampai akhire menang dadi juara siji :D

pas upacara neng sekolahan diumumne lomba2 opo ae sing berhasil dimenangno SMPku, jenengku disebut salah sijine. aku mesam mesem isin tapi bangga. hihi. ndak nyongko iso melok ngarumke (mengharumkan - red) jenenge sekolahan. hihi. beberapa dino kemudian (aku ndak eruh boso jowone.. hehe) hadiahe tak jukuk neng depdikbud kabupaten Tulungagung. hadiahe pulpen parker. seneng banget oleh hadiah lumayan apik. tapi pulpene malah ora tau tak gae. eman2.. hehe..

pyuh.. wis ah.. ndak sanggup aku nerusne. bukan apa2, nulis nggae boso jowo angel-e ora umum! nulis telung paragraf ae butuh wektu sak-jam. sepurane ae konco2.. dongakno aku sik iso nulis liyo dino.. lek ndak iso yo wis terpaksa aku nulis nggae boso indonesia. oleh opo ora Pak Q?

Dinten Setunggal ...

walah, lha ngene iki nek blog isine blogger-blogger sing sregep nulis.

dina pertama ae wis ono 3 tulisan, dadi ono 'beban mental' nek sing wis didapuk dadi kontributor kudu rajin nulis. hehehehe ...
padahal aku dhewe wis suwi tenan ora nulis sing jenenge karangan nganggo boso jowo, terakhir yo pas kelas 2 smp.

dadi ndhek sekolahku mbiyen, pelajaran bahasa daerah iku mung sampe kelas 2 smp, soale kelas 3 kan wis persiapan EBTANAS,nah pelajaran-pelajaran sing ora di-Ebtanas-ke yo ora diajarno maneh.
wah, lego tenan! maklum ae, bijiku gawe pelajaran bahasa jawa ora tau luwih soko 7, iku ae wis katrol-an, heheheheh...

masio ibu ku iku lair lan gede ndhek solo, ning ngomong karo putra putrine yo nganggo bahasa indonesia.
boso jowo mung aku gawe nek ketemu konco-konco, yo ketepak'an ae aku sering dolan, dadi isih keasah terus teko' te-ka sampe kuliah.

tapi yo iku, jarang banget ngomong kromo inggil, yen kepaksa ae. misale:

(mesen tahu tek-tek):
- "pak, mboten ngangge tigan, tahu nipun katah sekithik"
- "nggih, mas. pedes mas?"
- "cukupan"
- "bungkus?"
- "dhahar mriki"
- "lho aku wis arep tutup e, mas"
- "lha ngono koq yo ngelayani"
- "elho, sampeyan nantang a iki?"
- "sopo sing jirih?"
- "ayo!"
- "sik yo!"

lho koq bablas?! hihihihhi ...

(riyadi-nan)
- "waduh, putranipun sing saking malang iki wis gedhe yo. kelas piro?"
- "kelas setunggal"
- "wah pinter-e, sma pundi?"
- "sma setunggal" (untung!)
- "sma favorit tho?"
- "nggih, nanging kebetulan wae, budhe"
- "wah .. kebetulan ... bla bla bla bla"

moso aku arep ngomong 'ketepakan'? kromo tho iku? :D

dadi intine, aku seneng-seneng ae ono blog iki, lan sa'jane akeh koq blogger jawir, misale Bowo, sing tiba'no sekolahe mbiyen sebelah sekolahku. Cay housemateku yo iso ngomong jowo, masio lair lan gede ndhek jakarta, lan pasti akeh tenan blogger-blogger sing iso ngomong jowo.

mugi-mugi in near future (heh?), iso nulis blog ngangge huruf jawi :D

Natsukashii

Aku lagi ngeling-eling, basa opo wae sing pernah mampir nang memori otakku. Sak elingku (sakjane yo ora eling tenan...hehe), sejak lair jebrol basa sing dikenalke nang aku yo basa jowo. Ibu, bapakku, mbah2 lan para sedulur2ku nek ngudang, nimang2 biasane nganggo tembang jawa. Opomeneh nek digendong pas arep turu, biasane dinyanyiake lagu kebangsaan:

"tak lelo lelo lelo ledhung
cep menengo ojo nangis wae
nek nangis ndak ilang ayune"

(Jaman cilik mbiyen, aku kerep weruh ibuku ngendhong adikku sing ragil karo nembang lagu iku. Dadi yo tak anggep, ibuku melakukan hal sing podho nang aku)

Mlebu TK, SD, basa Indonesia mulai di kenalke. Mlebu SMP mulai kenal basa Inggris. Mlebu SMA kok yo ndilalah ono pelajaran tambahan basa Jerman seminggu sekali. Tapi, tetep saben ndinane yo ngomong jowo. Dadi basa jowo tetep sing paling nglothok :)

Kuliah nang mBandung, dadi ngenal basa daerah liyo, basa sundo. Awale, yo aneh wae..., soale akeh sing ketuker-tuker, antara sing alus nang basa jowo, artine dadi kasar nek nang basa sundo. Awale, dadi geguyonan sing lucu lan rame. Tapi saiki sih wis garing, mulane ora tak sebut nang kene hehe...

Selain basa sundo, aku kenal basa daerah liyane sing pengaruhe gedhe lan ngubah logatku sing alus hehe.., jawa-timuran. Piye ora berubah, lha wong dari cah 7 sing ngontrak omah bareng2, cah 4 asale soko jawa timur. Nganjuk, Madiun lan cah 2 soko Malang. Arema2 iki, wonge akeh banget omonge, tur nek ngomong swarane seru banget. Rasa2ne, nek dheweke ngomong, dinding2 omah bergetar koyo meh ambruk *hiperbolis*.

Limang taun bareng sak-omah, dadi yo wajar nek podho2 saling mempengaruhi. Nek pas mulih kampung, sedulur2ku padha heran karo basa ngomongku sing berubah. Ternyata, konco2ku sing cah jatim mau yo podho, dianggep dadi aneh basa jowone:D

Suasana keseharian nang omah, njobo omah lan uga nang kampus, sangat mendukung kanggo ngomong basa jowo sing ngoko utawa basa Indonesia. Dadi, basa kromo-ku sithik-sithik mulai ilang soko memori otakku.

Saiki nang Jepun, otomatis yo makin jarang ngomong jowo, meski ono beberapa konco wong jowo nang kene. Kerepe yo ngomong Indonesia utowo basa Jepun. Otak sing terbatas memorine, ndandeake kosakata boso sundo sing mung sithik dadi ilang. Basa jowo alus...wis mbuh nang endi.
Secara nang omahku, komunikasi biasane nganggo basa ngoko. Mung, ono hal2 tertentu sing ora oleh di ngokoake, terutama nek ngomong karo wong tuwo. Tapi, secara umum, ngoko.

Saiki, aku nek krungu ono wong ngomong basa mbuh jowo alus utawa ngoko, ono roso kepiye ngono. Natsukashii...nek jarene wong jepun. Bring back memory. Sesuatu sing pernah sangat akrab, tapi wis suwi ora tau ketemu.

Koyo nulis nganggo basa jowo ngene yo natsukashii. Koyo pelajaran basa daerah jaman SMP mbiyen. Untung wae ora ditulis nganggo huruf jowo :D

mangayubagyo

bener ora yo... judulku. pokokmen karepku, aku arep ngomong "selamat datang". selamat datang, utowo selamat bahagia, embuh lah.. pokokmen semacam sambutan amargo blog padhang bulan iki wes kasil diposting mas Q... ekeke... kok dadi ngundang mas tho... yo wes.. ben sopan aku tak ngundang mas Q khusus nang blog iki, soale dewekke wes ngundang aku "jeng" :P dadine nang blog iki onone dimas diajeng gitu loch ... :P ben narsis...

judul padhang mbulan iki sepisan ngelingke aku rikolo cilik bengi-bengi kluyuran.. ups... dolanan gegojegan nang latar utowo nang lapangan (yen aku nang lapangan) tak baleni, secara ngarep omahku lapangan bal-balan kang jembar lan resik, padhang ing wayah bengi rikolo mbulan lagi purnomo kanthi cahyo sumunar, bocah-bocah podho playon, dolanan jamuran dan petak umpet. disisihi poro wong tuwo lagi podho ngumpul ugo karo ngawasi bocah-bocah. yen awake dewe sing nang blog iki dadi bocah-bocahe, trus sopo sing dadi wong tuwone? :P

bener tembunge mas Q... sopo wae oleh polah, jungkir walik yo rapopo nang blog iki, angger yen tibo yo kudu gelem tangi dewe, yen ra iso tangi yo njaluk ditulungi karo liyane. sing luwih tuwo kudu gelem ngayomi sing luwih enom, menehi tulodho, lan sing cilik ora pareng nakal :P sing gedhe oleh? *piye carane gawe ben ketok kecorek? aku ra apal.. secara buku HTML-ku ra tak gowo.

oya... blog iki ora duwe maksud kanggo gawe ukoro supoyo sing jawir ngeblog karo sing jawir thok.... ora... ora bermaksud koyo ngunu kuwi. pokokmen aku emoh yen nganti mengko ono suworo koyo ngunu kuwi.... iki nggur kanggo menehi wadah kanggo bocah-bocah utowo arek-arek sing narsis jawirre.. koyo tho.. aku dewe.. mas Wisa... Q, mbak Ria, Npla. lan liya-liyane. sakliyane iku sopo wae sing rumongso cintah karo jawir opo maneh rada-rada narsis... aku sakonco wes tak rewangi berlapang dada dan tangan terbuka menehi jalur cepat lan halal kanggo jawir-jawiran lan narsis-narsisan nang keneh... sepurane yo cak Q yo... weks... kecampur jawa timuran :P

wes lah... semene wae olehku posting perdana, aku yo ngelih, durung sido maem, wes ditinggal mas Q mau.. dewekke ndisikki maem disik, aku lali ra titip kon mbungkuske.

Kulo Nuwun

Awale soko chatting-chatting karo blogger sing podho-podho wong jowo. Mergo ngerti nek podho wong jawane yo kadang ngobrole nganggo boso jowo juga. Metu asline. Terus muncul ide, piye nek sekali2 posting ning blog nganggo boso jowo. Pasti lucu. Tapi bareng dipikir-pikir kok koyoke kurang pantes. Wong sing mampir nang blog iku kan dudu cuma wong2 sing ngerti boso jowo. Sebagian pasti ono sing ra ngerti boso jowo.

Terus moro2 keceplos ae ide, piye nek nggawe blog anyar. Sing isine khusus posting nganggo boso jowo. Tapi diisi rame2 karo blogger2 sing iso boso jowo. Soale nek dhewean bakal rodo repot. Ngurusi blog sing wis ono ae kadang rodo keteteran, opo maneh nek ditambahi blog siji engkas. Nek sing ngisi rame2 kan bakalan enteng.

Lha yo uwis. Ora kathik kesuwen dibahas dowo2. Bareng wis entuk dukungan antusias, langsung ae di-"create" blog iki. Dukungan pertama soko Jeng Isna sing manggon ning kutho pusat budhaya Jowo, Yogyakarta. Terus dukungan kedua soko Mbak Ria, cah jowo sing lagi ngadhem ning Jepun. Karo simbak Ria iki langsung diputusno "create" blog saiki ae.

Ngobrol2 enake diwenehi judul opo blog iki. Milah milih akhire disepakati nganggo jeneng "Padhang mBulan". Alasane suasana padhang mbulan iku kan nyenengke, bocah2 podho dolanan ning latar, wong2 podho cangkrukan ngobrol gayeng, cocok kanggo blog iki sing bakal diiseni tulisan2 gayeng soko beberapa blogger jowo. Judul Padhang mBulan juga ngilekke ning lagu anak2 sing judule podho. Isine ngajak konco2 dolanan ning latar pas padhang mbulan. Lha kok yo pas tenan... :)

Terus isine mengko opo? tak pikir sih ora usah dibatesi, sing penting nganggo boso jowo. Tapi mungkin bakalan luwih apik nek isine sing nyenggol2 nyeritakke budhaya2 jowo sing dilakoni karo poro penulise. Disamping nostalgia jaman ning kampung, juga iso sekalian bagi ilmu lan cerito kanggo "nguri-uri budhaya leluhur" :D

Sak liyane Aku, Jeng Isna karo Mbak Ria, sing bakalan ngisi posting ning kene, mungkin si Nopal, arek Malang sing nyangsang ning Singapor. Pal, engko nek ono pilem nganggo boso jowo ripiuw-en ning kene yo.. :P. Terus Bu Nana penggemar majalah "Panjebar Semangat" sing saiki lagi ngungsi ning Atjeh. Lho piye to, wong wong Atjeh iku lagi podho ngungsi nang nggon liyo kok sampeyan malah ngriwuki ngungsi nang kono :P. Terus juga Pakde Wisa sing lagi dadi prabu tapi ra mulih2. Meskipun panjenengane Pakde Wisa iki lagi suibuk tenan nganti ra sempet ngeblog, tapi nek ra diajak iso2 ra diwawuh :P Secara (gubrak!! boso jowo yo ono "secara" to!!!) pakde Wisa iki sing paling bangga dadi jawir :P

Nggih sampun, semanten kemawon posting pembukaan kangge blog "Padhang mBulan" meniko. Mugi-mugi saged awet lan saged dados sarono kangge ngelestarikaken budaya jawi ingkang, tirose tiyang2, adiluhung puniko. Monggo dipunsekecakaken. Matur sembah nuwun. Monggoooo....


ps. duh susah yo, nulis nganggo boso jowo. Rasane kagok. Diomongne sih gampang, tapi nek ditulis iku rodo kagok. Soale ning utek kene, bahasa utamane wis boso indonesia sih. Terus iki aku opo'o yo? kok boso jowone dadi rodo jawa-tengahan ki piye? secara aku arek Malang, terus kuliah limang taun ning Suroboyo... lha kok basane jawa-tengahan iki aku yo dadi bingung... yo wis ben lah... :P